Teks Khutbah Jumat Singkat

Nggayuh Ridhanipun Allah

Kanthi Qurban Ingkang Paling Sae

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos dumugi akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sakedhap malih kula lan panjenengan badhe pinanggih dinten riyaya Idul Adha, dinten ingkang kebak berkah lan sejarah. Salah satunggaling ibadah ingkang paling utami ing dinten punika inggih nindakaken Ibadah Qurban. Nanging, supados qurban kula lan panjenengan mboten namung dados ritual mbeleh kewan lan mbagekaken daging kemawon, kula lan panjenengan kedah nggatosaken kalih perkawis utama:

Ingkang sepisan: Niat amargi Allah (Ikhlas).

Perkawis ingkang kedah kula lan panjenengan mangertosi, bilih ibadah qurban punika mboten namung winates wonten ing ritual mbeleh kewan sarta mbagekaken dagingipun kemawon. Ibadah punika sejatosipun minangka ujian sepinten agengipun raos ketaatan lan kikhlasan kula lan panjenengan dhumateng Gusti Allah SWT. Allah mboten mriksani sepinten reginipun kewan ingkang dipun qurbanaken, utawi sepinten agengipun wujud fisik kewan punika, nanging ingkang dipun pirsani inggih punika niyat ingkang tulus lan suci ingkang wonten ing lebeting manah.  Wonten ing surat Al-Hajj ayat 37, Allah negesaken:

لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ

Tegesipun: "Daging-daging qurban lan getihe iku pisan-pisan ora bakal bisa nggayuh (ridha) Allah, nanging ketakwaan saka panjenengan kabeh sing bisa nggayuh ridha-Ne." (QS. Al-Hajj ayat 37)

Ayat punika negesaken bilih Allah mboten mriksani daging utawi getih kewanipun, nanging mriksani niyat lan ketakwaan ingkang wonten ing lebeting manah. Sampun ngantos kula lan panjenengan qurban namung amargi ajrih dipun poyoki tangga utawi kepengin dipun alem (riya'). Tata niat wiwit saking sapunika, bilih qurban punika minangka raos syukur lan bukti ketaatan kula lan panjenengan dhumateng Gusti Allah.

Ingkang kaping kalih: Nyamektakaken qurban ingkang paling sae.

Rasulullah SAW paring tuladha supados kula lan panjenengan mboten sembrana milih kewan qurban. Wonten syarat-syarat fisik ingkang kedah dipun penuhi kados dene dhawuh Rasulullah:

أَرْبَعٌ لَا تَجُوزُ فِي الْأَضَاحِيِّ: الْعَوْرَاءُ الْبَيِّنُ عَوَرُهَا، وَالْمَرِيضَةُ الْبَيِّنُ مَرَضُهَا، وَالْعَرْجَاءُ الْبَيِّنُ ظَلْعُهَا، وَالْعَجِفَاءُ الَّتِي لَا تُنْقِي

Tegesipun: "Ana patang cacat kewan sing ora pareng (ora sah) digawe qurban: 1. Kewan sing picek mripate lan ketara banget piceke. 2. Kewan sing sakit lan ketara banget sakite. 3. Kewan sing pincang lan ketara banget pincange. 4. Kewan sing gering banget nganti ora duwe sungsum balung." (HR. Abu Dawud lan Turmudzi)

Kejawi punika, qurban kedah saking bandha ingkang sae lan halal. Rasulullah SAW ngendika:

إِنَّ اللهَ طَيِّبٌ لَا يَقْبَلُ إِلَّا طَيِّبًا

Tegesipun: "Saktemene Allah punika Dzat Ingkang Moho Sae, lan Allah mboten nampi (amal/ibadah) kejawi saking perkawis ingkang sae (halal)." (HR. Imam Muslim)

Nyamektakaken kewan qurban ingkang paling sae punika ugi dados pratandha sepinten agengipun raos hurmat kula lan panjenengan dhumateng dhawuhipun Gusti Allah. Menawi kula lan panjenengan kersa ngetokaken bandha kagem kaperluan dunya kanthi milih kualitas ingkang nomer setunggal, kados pundi kaliyan kaperluan ibadah?

Kewan ingkang 'paling sae' punika tegesipun mboten namung angger 'sampun sah' utawi 'sampun cukup umur' kemawon. Nanging, prayoginipun kula lan panjenengan milih kewan ingkang lemu dagingipun, resik wulunipun, gagah dedegipun, sarta mboten wonten cacatipun. Sipat 'ngeman' bandha nalika milih kewan qurban punika kedah dipunicali, amargi hakekatipun kewan punika badhe dados 'kendaraan' kula lan panjenengan wonten ing akhirat mangke. Kanthi milih ingkang paling sae, kula lan panjenengan sampun nindakaken adab ingkang luhur wonten ing ngarsanipun Dzat Ingkang Maha Sae.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mangga, kula lan panjenengan gunakaken sisa wekdal saderengipun dinten riyaya punika kagem nyuciaken niyat lan nikelaken raos syukur. Menawi Allah sampun paring kalonggaraning rejeki, sampun ngantos kula lan panjenengan mangu-mangu kagem nindakaken qurban punika kanthi milih kewan ingkang paling sae. Awit punika minangka bukti tresna kula lan panjenengan dhumateng Gusti Allah sarta wujud kepedulian dhumateng sesami manungsa, supados berkahipun qurban saged dipun raosaken dening sedaya umat.

Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pitedah lan kekiyatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga kula lan panjenengan saged nindakaken ibadah punika kanthi istiqomah lan tulus ikhlas. Mugi qurban kula lan panjenengan dados lantaran tambahing iman, celaking ridha-Ne, sarta dados amal jariyah ingkang saged nylametaken kula lan panjenengan wonten ing dunya tuwin akhirat. Amin ya Rabbal 'Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama