Teks Khutbah Jumat Singkat
Nggayuh Ridhanipun Allah
Kanthi Qurban Ingkang Paling Sae
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan
khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos
dumugi akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Sakedhap malih kula lan panjenengan badhe pinanggih dinten
riyaya Idul Adha, dinten ingkang kebak berkah lan sejarah. Salah satunggaling
ibadah ingkang paling utami ing dinten punika inggih nindakaken Ibadah Qurban.
Nanging, supados qurban kula lan panjenengan mboten namung dados ritual mbeleh
kewan lan mbagekaken daging kemawon, kula lan panjenengan kedah nggatosaken
kalih perkawis utama:
Ingkang sepisan: Niat amargi Allah (Ikhlas).
Perkawis
ingkang kedah kula lan panjenengan mangertosi, bilih ibadah qurban punika
mboten namung winates wonten ing ritual mbeleh kewan sarta mbagekaken
dagingipun kemawon. Ibadah punika sejatosipun minangka ujian sepinten agengipun
raos ketaatan lan kikhlasan kula lan panjenengan dhumateng Gusti Allah SWT.
Allah mboten mriksani sepinten reginipun kewan ingkang dipun qurbanaken, utawi
sepinten agengipun wujud fisik kewan punika, nanging ingkang dipun pirsani
inggih punika niyat ingkang tulus lan suci ingkang wonten ing lebeting manah. Wonten ing surat Al-Hajj ayat 37, Allah
negesaken:
لَنْ يَنَالَ اللَّهَ
لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ
Tegesipun: "Daging-daging
qurban lan getihe iku pisan-pisan ora bakal bisa nggayuh (ridha) Allah, nanging
ketakwaan saka panjenengan kabeh sing bisa nggayuh ridha-Ne." (QS. Al-Hajj ayat 37)
Ayat punika negesaken bilih Allah mboten mriksani
daging utawi getih kewanipun, nanging mriksani niyat lan ketakwaan ingkang
wonten ing lebeting manah. Sampun ngantos kula lan panjenengan qurban namung
amargi ajrih dipun poyoki tangga utawi kepengin dipun alem (riya'). Tata niat
wiwit saking sapunika, bilih qurban punika minangka raos syukur lan bukti
ketaatan kula lan panjenengan dhumateng Gusti Allah.
Ingkang kaping kalih: Nyamektakaken qurban ingkang
paling sae.
Rasulullah SAW paring tuladha supados kula lan
panjenengan mboten sembrana milih kewan qurban. Wonten syarat-syarat fisik
ingkang kedah dipun penuhi kados dene dhawuh Rasulullah:
أَرْبَعٌ لَا تَجُوزُ فِي
الْأَضَاحِيِّ: الْعَوْرَاءُ الْبَيِّنُ عَوَرُهَا، وَالْمَرِيضَةُ الْبَيِّنُ
مَرَضُهَا، وَالْعَرْجَاءُ الْبَيِّنُ ظَلْعُهَا، وَالْعَجِفَاءُ الَّتِي لَا
تُنْقِي
Tegesipun: "Ana
patang cacat kewan sing ora pareng (ora sah) digawe qurban: 1. Kewan sing picek mripate lan ketara banget piceke. 2. Kewan sing sakit lan ketara banget sakite. 3. Kewan
sing pincang lan ketara banget pincange. 4. Kewan sing gering banget nganti ora
duwe sungsum balung." (HR. Abu Dawud lan
Turmudzi)
Kejawi punika, qurban kedah saking bandha ingkang sae
lan halal. Rasulullah SAW ngendika:
إِنَّ اللهَ طَيِّبٌ لَا
يَقْبَلُ إِلَّا طَيِّبًا
Tegesipun: "Saktemene Allah punika Dzat Ingkang
Moho Sae, lan Allah mboten nampi (amal/ibadah) kejawi saking perkawis ingkang
sae (halal)." (HR. Imam Muslim)
Nyamektakaken kewan qurban ingkang paling sae punika
ugi dados pratandha sepinten agengipun raos hurmat kula lan panjenengan dhumateng
dhawuhipun Gusti Allah. Menawi kula lan panjenengan kersa ngetokaken bandha
kagem kaperluan dunya kanthi milih kualitas ingkang nomer setunggal, kados
pundi kaliyan kaperluan ibadah?
Kewan ingkang 'paling sae' punika tegesipun mboten
namung angger 'sampun sah' utawi 'sampun cukup umur' kemawon. Nanging,
prayoginipun kula lan panjenengan milih kewan ingkang lemu dagingipun, resik
wulunipun, gagah dedegipun, sarta mboten wonten cacatipun. Sipat 'ngeman'
bandha nalika milih kewan qurban punika kedah dipunicali, amargi hakekatipun
kewan punika badhe dados 'kendaraan' kula lan panjenengan wonten ing akhirat
mangke. Kanthi milih ingkang paling sae, kula lan panjenengan sampun nindakaken
adab ingkang luhur wonten ing ngarsanipun Dzat Ingkang Maha Sae.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mangga,
kula lan panjenengan gunakaken sisa wekdal saderengipun dinten riyaya punika
kagem nyuciaken niyat lan nikelaken raos syukur. Menawi Allah sampun paring
kalonggaraning rejeki, sampun ngantos kula lan panjenengan mangu-mangu kagem
nindakaken qurban punika kanthi milih kewan ingkang paling sae. Awit punika
minangka bukti tresna kula lan panjenengan dhumateng Gusti Allah sarta wujud
kepedulian dhumateng sesami manungsa, supados berkahipun qurban saged dipun
raosaken dening sedaya umat.
Mugi-mugi
Allah SWT tansah paring pitedah lan kekiyatan dhumateng kula lan panjenengan
sedaya, saengga kula lan panjenengan saged nindakaken ibadah punika kanthi
istiqomah lan tulus ikhlas. Mugi qurban kula lan panjenengan dados lantaran
tambahing iman, celaking ridha-Ne, sarta dados amal jariyah ingkang saged
nylametaken kula lan panjenengan wonten ing dunya tuwin akhirat. Amin ya Rabbal
'Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي
وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ
هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah 2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

إرسال تعليق