Teks Khutbah Jumat Singkat
Qurban Ngutamaaken Perintah Allah
Tinimbang Ndonya
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan
khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos
dumugi akhirat.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Mboten dangu malih, kula lan panjenengan badhe mapag
dinten riyaya Idul Adha utawi dinten riyaya Qurban. Saben-saben dinten menika
rawuh, kula lan panjenengan tansah dipun-engetaken dhumateng lelampahan suci
setunggal kulawarga ingkang pinuji, inggih menika kulawarganipun Nabi Ibrahim
AS.
Wonten ing kalodhangan menika, khatib badhe ngaturaken
perkawis pokok saking lampah panggesangan keluarganipun nabi Ibrahim AS. Kanthi
pangajab sasampunipun kula lan panjenegan nyinaoni sejarah ingkang luhur menika
sageta mendet piwucal kagem panggesangan saben dintenipun.
Sepisan: Qurban minangka Bukti Katresnan dhumateng
Allah.
Ibadah qurban
menika sejatosipun minangka "Ujian Katresnan" saking Allah SWT
dhumateng hamba-Ipun. Kita dipun-uji ngenani pundi ingkang langkung
dipun-tresnani: Perintah Allah utawi bondho donya lan kesenengan pribadi?
Tuladha luhur sampun dipun-paringaken dening Nabi Ibrahim AS nalika dipun-utus
nyembeleh putranipun, Nabi Ismail AS. Katresnan dhumateng putra sarta donya
mboten ngalahaken ketaatanipun dhumateng Allah, kados dene ingkang
dipun-abadikeun wonten ing Al-Qur'an, Surat As-Saffat ayat 102:
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ
السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ
فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي
إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Tegesipun: "Mula nalika bocah iku wis tekan umur (sing
bisa) nyambut gawe bareng karo Ibrahim, Ibrahim kandha: 'He anakku, sejatine
aku weruh ing sajroning impen yen aku nyembeleh sira. Mula pikiren, kepiye
panemumu!' Ismail mangsuli: 'Dhuh bapak kawula, tindakaken menopo ingkang
dipun-perintahaken dhumateng panjenengan; insya Allah panjenengan badhe
manggihaken kawula kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar'."
Ayah
dhumateng putra, utawi tiyang sepuh dhumateng anak, menika nggadhahi ikatan
katresnan ingkang bakuh sanget. Nanging lumantar ayat menika, Nabi Ibrahim AS
paring piwucal bilih katresnan dhumateng makhluk mboten pareng nglangkungi katresnan
dhumateng Gusti Allah SWT. Nalika dhawuhipun Gusti Allah sampun tumurun, sedaya
kasenengan, pepenginaning manah, sarta perkawis donya kedah dipun-singkiraken
dhisik demi nggayuh ridha-Nipun. Menika bukti bilih iman ingkang sejati menika
mbetahaken pangurbanan ingkang ageng, lan mboten wonten perkawis donya ingkang
pantes dipun-dadosaken alesan kangge nilaraken dhawuhing Pangeran.
Kaping Kalih: Ngresiki Manah saking Katresnan Donya
Wonten ing jaman samenika, kula lan panjenengan
dipun-utus supados nyembeleh "sifat kewan" sarta sipat bakhil (pelit)
ingkang rumaket wonten ing dhiri. Asring kula lan panjenengan rumaos awrat
ngedalaken arto kangge qurban amargi taksih ngetung-etung untung-rugi mawi
petungan donya. Kamangka, Rasulullah SAW sampun paring pepeling ingkang atos
dhumateng tiyang ingkang gadhah kelonggohan bondho nanging mboten purun
berqurban:
مَنْ كَانَ لَهُ سَعَةٌ، وَلَمْ يُضَحِّ، فَلَا
يَقْرَبَنَّ مُصَلَّانَا
Tegesipun: "Sopo wonge sing duwe kelonggaran (rejeki)
nanging dheweke ora gelem qurban, mula aja pisan-pisan nyedaki panggonan shalat
kita (masjid kita)."
Gusti Allah mboten mbetahaken daging utawi gethihipun
kewan qurban, nanging ingkang dumugi dhumateng Allah inggih menika raos taqwa
lan keikhlasan kula lan panjenengan sedaya (QS. Al-Hajj: 37).
Sifat
kewan ingkang wonten ing dhiri manungsa, kados dene sipat gragas, egois,
srakah, lan nggadhahi raos bakhil utawi medhit, menika ingkang saged ngrisak
tatanan iman sarta sosial. Kanthi nindakaken ibadah qurban, kula lan panjenengan dipun latih
supados saged ngasoraken sarta "nyembeleh" sipat-sifat ingkang mboten
sae kala wau. Bondho donya ingkang kita padosi rina lan wengi punika
sejatosipun namung titipan, lan badhe dados dosa menawi namung dipun-pendhem
piyambak mboten dipun-bagekaken dhumateng sesami ingkang mbetahaken. Lumantar
qurban, manah kita dipun-resiki saking penyakit wahn (gila donya lan
wedi mati), saengga kita saged dados pribadi ingkang loma, nggadhahi raos
empati, sarta rumaos ayem amargi saged paring kabingahan dhumateng tiyang
sanes.
Pungkasaning
atur, sumangga momentum Idul Adha ingkang badhe rawuh punika kula lan
panjenengan dadosaken sarana kangge nggugah malih raos ikhlas lan takwa wonten
ing salebeting manah. Ampun ngantos ketungkul nresnani dunya ingkang sawetara
punika, saengga kula lan panjenengan pelit lan ngetung-etung untung-rugi nalika
dipun-timbali nindakaken dhawuhipun Gusti Allah. Sumangga kula lan panjenengan
donga sesarengan, mugi-mugi Gusti Allah tansah paring jembaring rejeki,
kekiyatan iman, sarta kasagetan dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados
saged nindakaken ibadah qurban taun punika kanthi loma lan tulus, saengga
qurban kula lan panjenengan saged dados seksi ingkang nylametaken kula lan
panjenengan wonten ing dinten kiyamat mangke.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah 2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

Posting Komentar