Teks Khutbah Jumat Singkat
Tansah Syukur lan Sabar
Ing Madyaning Pacoban Gesang
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur namung kagunganipun Ta’ala ingkang tansah
paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang
punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya
kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika,
khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Pancen, gesang menika mboten bakal ucul saking nikmat lan ujian. Kadhangkala kula lan
panjenengan pinaringan kabagyan ingkang njalari bungahing ati, nanging mboten
arang ugi kedah ngadhepi pacoban lan
mawarna-warna kasusahan. Sedaya
menika sejatosipun sanes
tandha bilih Gusti Allah nilaraken kula lan panjenengan, ananging minangka panyaring marang kiyat lan ringkihipun iman ing salebetipun manah.
Pramila, ing sajeroning ngadhepi pacoban ingkang kadhang nggegirisi menika,
wonten tigang wose perkara ingkang kedah dipun-gadhahi lan dipun-gegem teguh
dening kula lan panjenengan sedaya supados manah boten gampil ambruk, boten
remuk dening kahanan, sarta tansah saged ngraosaken nikmatipun syukur ingkang
badhe nuntun dhateng kaslametan lan kamulyan ing donya lan akhirat.
1. Ngetang-etang Bilih Nikmatipun Gusti Allah Ngluwihi
Pacoban
Kadhangkala nalika kula lan panjenengan nampi pacoban
setunggal, kula lan panjenengan asring kesupen marang ewonan nikmat ingkang
sampun kaparingake dening Gusti Allah. Kanthi ngeling-eling maneka werni nikmat
ingkang sampun kula lan panjenengan tampi, ati badhe kros tentrem lan langkung
gampil syukur. Allah SWT sampun ngendika ing sajeroning Al-Qur'an:
وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ
اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا
Artosipun (Ngoko): "Yen sira ngetung nikmate Allah, yekti sira
ora bakal bisa ngitung jumlahe." (QS. Ibrahim: 34)
2. Ndadosaken Sabar lan Syukur minangka Pasangan ing
Lampah Gesang
Tiyang ingkang iman menika ngadhahi sipat ingkang
istimewa. Nalika piyambakipun pikantuk nikmat, piyambakipun bakal syukur. Dene
nalika pikantuk pacoban, piyambakipun bakal sabar. Kekalihipun dados sumber
kabagyan lan pahala kagem kula lan panjenengan sedaya ing ngarsanipun Gusti
Allah. Kados dene ingkang dipun dhawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW:
عَجَبًا لأَمْرِ الْمُؤْمِنِ
إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ ... إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ
خَيْرًا لَهُ، وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ
Artosipun (Ngoko): "Nggumunake banget uripe wong mukmin, kabeh
perkarane iku becik... Yen dheweke nampa kabagyan dheweke syukur lan iku becik
kanggone, dene yen dheweke nampa pacoban dheweke sabar lan iku uga becik
kanggone." (HR. Muslim)
3. Yakin Bilih Saben Pacoban Wonten Hikmah lan Janji
Tambahan Nikmat
Gusti Allah boten nguji hamba-Nipun kajaba kagem ngangkat
drajatipun utawi ngapura dosa-dosanipun. Menawi kula lan panjenengan tetep
syukur saha husnudzon (sangka sae) dhumateng Gusti Allah nalika tinampa ujian,
Gusti Allah sampun njanjeni badhe nambah nikmat lan maringi margi katentreman. Dhawuhipun
Gusti Allah SWT ing sajeroning Al-Qur'an:
لَئِنْ شَكَرْتُمْ
لَأَزِيْدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ
Artosipun (Ngoko): "Yen sira padha syukur, yekti
Ingsun bakal nambah (nikmat) marang sira, nanging yen sira kufur, sakyektine
siksa-Ku iku abot banget." (QS. Ibrahim: 7)
Pramila,
jama'ah ingkang dipun rahmati dening Allah, sumangga liwat majelis ingkang
mulya punika, kula lan panjenengan sami-sami ngencengaken tekad kagem nata manah, ngundhakaken raos syukur ing
saben kahanan, lan nyepeng teguh kesabaran nalika pacoban dhateng. Mboten
wonten margi
ingkang langkung endah
lan mulya kejawi masrahaken sedaya lelakon gesang punika namung
dhumateng Gusti Allah SWT.
Pinutuping
atur, mugi-mugi Allah SWT tansah njagi iman
lan taqwa ing salebeting manah kula
lan panjenengan sedaya, paring pitulung ing saben angelipun pacoban, sarta
nuntun saben jangkah lampah gesang punika amrih pikantuk katentreman ing donya
lan kaslametan ing akhirat. Amin ya Rabbal 'alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

Posting Komentar