Teks Khutbah Jumat Singkat

Ancaman Tumrap Tiyang ingkang

Ngobong lan Ngrusak Hutan

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur namung kagunganipun Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Allah ingkang Maha Kuwaos sampun nyiptakaken bumi lan isinipun kanthi tatanan ingkang sampurna lan asri kagem nyekapi kabetahan sarta njamin kaslametanipun manungsa. Ananging, amargi sifat murka, nepsu, lan kasrakahan, kathah manungsa ingkang tega nindakaken karusakan ing lumahing bumi, salah setungglipun kanthi ngobong lan ngrusak hutan. Tumindak kejem punika mboten namung ngrusak alam ananging ugi ngancam kaslametan, kasarasan, lan nyawanipun sedaya makhluk. Al-Qur'an lan Hadits sampun paring pepemut awratipun azab lan dosa tiyang ingkang ngobong hutan.

1. Pikantuk Azab, Bendu lan Laknat saking Allah SWT

Tiyang ingkang ngobong lan ngrusak hutan kanthi sengaja njalari karusakan ing bumi lan damel sengsara sedaya makhluk, Allah SWT paring peringatan tegas:

وَلَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ بَعْدَ اِصْلَاحِهَا

Aja sira gawe karusakan ing bumi sawise bumi iku didandani. (QS. Al-A'raf: 56)

Ancaman punika tegas sanget, ngrusak hutan ateges ngrusak tatanan alam ingkang sampun dipun tata dening Allah. Tiyang ingkang nindakaken tumindak ngobong hutan bakal nampi duka lan bendu ingkang ageng ing donya lan akhirat.

2. Nampi Siksa lan Bencana ing Donya lan Akhirat

Ngobong hutan njalari bencana asep, hawa panas, ilangipun sumber toya, lan ngrusak papan uripipun para kewan. Saben kerugian ingkang dipun raosaken dening tiyang utawi makhluk hidup sanesipun dados tanggel jawab dosa tumrap pelaku kasebat.

Allah SWT paring pangandikan ing Al-Qur'an:

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ

Wus katon karusakan ing daratan lan ing segara amarga ulah tangane manungsa. (QS. Ar-Rum: 41)

Ulah ngobong hutan punika minangka bukti nyata saking ayat punika. Siksa lan balasan saking Allah mboten namung ing akhirat, nanging ugi dipun raosaken ing donya wujud bencana lan kasangsaran ingkang dipun alami dening masyarakat luas.

3. Nampi Siksa Amargi Ngesahake lan Ngrusak Para Kewan

Hutan punika griya lan papan padunungan kagem ewonan jenis kewan lan wit-witan. Nalika hutan dipun obong, ewonan kewan mati kobong utawi ilang papan uripipun. Rasullullah SAW nglarang keras ngobong makhluk kanthi geni. Wonten ing Hadits Shahih dipun sebutaken:

إِنَّهُ لَا يَنَبْغِي أَنْ يُعَذِّبَ بِالنَّارِ إِلاَّ رَبُّ النَّارِ

Satemene ora dibenerake nyiksa nganggo geni kajaba Gustine geni (yaiku Allah). (HR. Abu Daud)

Ngesahake kewan kanthi cara ngobong alas punika tumindak ingkang dipun murkai dening Allah SWT. Pelaku kasebat bakal nampi paukuman ingkang awrat amargi sampun mateni lan ngrusak makhluk-makhlukipun Allah kanthi cara ingkang kejem.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mugi-mugi lumantar peringatan punika, kula lan panjenengan sedaya saged mawas dhiri lan sangsaya sadar bilih njaga kalestarian alam lan hutan punika mboten namung kewajiban sosial, nanging minangka tanggel jawab iman ingkang badhe dipun suwuni tanggeljawab ing ngarsanipun Allah SWT. Sumangga kula lan panjenengan sesarengan nulat piwulang agama kanthi njaga saben wit-witan, nolak lan nyegah sedaya wujud tumindak ngrusak utawi ngobong hutan, sarta ngajak generasi mudha supados tresna dhumateng bumi ingkang dipun titipaken dening Allah. Amargi kanthi njaga hutan, ateges kula lan panjenengan ugi njaga kaslametanipun nyawa, lingkungan, sarta masa depan putra wayah.

Pinutuping atur, sumangga kula lan panjenengan tansah nyuwun dhumateng Allah Ingkang Maha Asih, mugi-mugi nagari kula lan panjenengan tansah dipun reksa saking maneka warna bencana, bencana asep, lan karusakan alam, sarta mugi Allah paring kekiyatan dhumateng kula lan panjenegan kagem dados hamba ingkang amanah ing sajeroning nglestarikaken bumi.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama