Teks Khutbah Jumat Singkat
Ancaman Tumrap Tiyang ingkang
Ngobong lan Ngrusak Hutan
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur namung kagunganipun Ta’ala ingkang tansah
paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang
punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya
kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika,
khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Allah
ingkang Maha Kuwaos sampun nyiptakaken bumi lan isinipun kanthi tatanan ingkang
sampurna lan asri kagem nyekapi kabetahan sarta njamin kaslametanipun manungsa.
Ananging, amargi sifat murka, nepsu, lan kasrakahan, kathah manungsa ingkang
tega nindakaken karusakan ing lumahing bumi, salah setungglipun kanthi ngobong
lan ngrusak hutan. Tumindak kejem punika mboten namung ngrusak alam ananging ugi ngancam kaslametan, kasarasan,
lan nyawanipun sedaya makhluk. Al-Qur'an
lan Hadits sampun paring pepemut awratipun azab lan dosa tiyang ingkang ngobong hutan.
1. Pikantuk Azab, Bendu lan Laknat saking Allah SWT
Tiyang ingkang ngobong lan ngrusak hutan kanthi
sengaja njalari karusakan ing bumi lan damel sengsara sedaya makhluk, Allah SWT
paring peringatan tegas:
وَلَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ بَعْدَ
اِصْلَاحِهَا
Aja sira gawe karusakan ing bumi sawise bumi iku
didandani. (QS. Al-A'raf: 56)
Ancaman punika tegas sanget, ngrusak hutan ateges
ngrusak tatanan alam ingkang sampun dipun tata dening Allah. Tiyang ingkang
nindakaken tumindak ngobong hutan bakal nampi duka lan bendu ingkang ageng ing
donya lan akhirat.
2. Nampi Siksa lan Bencana ing Donya lan Akhirat
Ngobong hutan njalari bencana asep, hawa panas,
ilangipun sumber toya, lan ngrusak papan uripipun para kewan. Saben kerugian
ingkang dipun raosaken dening tiyang utawi makhluk hidup sanesipun dados
tanggel jawab dosa tumrap pelaku kasebat.
Allah SWT paring pangandikan ing Al-Qur'an:
ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ
بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ
Wus katon karusakan ing daratan lan ing segara amarga
ulah tangane manungsa. (QS. Ar-Rum: 41)
Ulah ngobong hutan punika minangka bukti nyata saking
ayat punika. Siksa lan balasan saking Allah mboten namung ing akhirat, nanging
ugi dipun raosaken ing donya wujud bencana lan kasangsaran ingkang dipun alami
dening masyarakat luas.
3. Nampi Siksa Amargi Ngesahake lan Ngrusak Para Kewan
Hutan punika griya lan papan padunungan kagem ewonan
jenis kewan lan wit-witan. Nalika hutan dipun obong, ewonan kewan mati kobong
utawi ilang papan uripipun. Rasullullah SAW nglarang keras ngobong makhluk
kanthi geni. Wonten ing Hadits Shahih dipun sebutaken:
إِنَّهُ لَا يَنَبْغِي أَنْ يُعَذِّبَ
بِالنَّارِ إِلاَّ رَبُّ النَّارِ
Satemene ora dibenerake nyiksa nganggo geni kajaba
Gustine geni (yaiku Allah). (HR. Abu Daud)
Ngesahake kewan kanthi cara ngobong alas punika
tumindak ingkang dipun murkai dening Allah SWT. Pelaku kasebat bakal nampi
paukuman ingkang awrat amargi sampun mateni lan ngrusak makhluk-makhlukipun
Allah kanthi cara ingkang kejem.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Mugi-mugi lumantar peringatan punika, kula lan
panjenengan sedaya saged mawas dhiri lan sangsaya sadar bilih njaga kalestarian
alam lan hutan punika mboten namung kewajiban sosial, nanging minangka tanggel
jawab iman ingkang badhe dipun suwuni tanggeljawab ing ngarsanipun Allah SWT.
Sumangga kula lan panjenengan sesarengan nulat piwulang agama kanthi njaga
saben wit-witan, nolak lan nyegah sedaya wujud tumindak ngrusak utawi ngobong
hutan, sarta ngajak generasi mudha supados tresna dhumateng bumi ingkang dipun
titipaken dening Allah. Amargi kanthi njaga hutan, ateges kula lan panjenengan
ugi njaga kaslametanipun nyawa, lingkungan, sarta masa depan putra wayah.
Pinutuping atur, sumangga kula lan panjenengan tansah
nyuwun dhumateng Allah Ingkang Maha Asih, mugi-mugi nagari kula lan panjenengan
tansah dipun reksa saking maneka warna bencana, bencana asep, lan karusakan
alam, sarta mugi Allah paring kekiyatan dhumateng kula lan panjenegan kagem
dados hamba ingkang amanah ing sajeroning nglestarikaken bumi.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

إرسال تعليق