Teks Khutbah Jumat Singkat
Bebrayan Ingkang Sakinah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ.قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur namung kagunganipun Ta’ala ingkang tansah
paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang
punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya
kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika,
khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Salah satunggaling kanugrahan ageng ingkang dipun
paringaken dening Allah dhumateng manungsa inggih menika gesang bebrayan utawi
mbangun bale wisma. Saben tiyang ingkang bebrayan mesthi gadhah pangajeng-ajeng
supados kulawarganipun dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, wa rahmah inggih
menika kulawarga ingkang tentrem, kebak katresnan, lan pikantuk welas asihipun
Gusti Allah.
Ananging, katentreman ing kulawarga menika mboten
dhateng piyambak tanpa ikhtiar. Kedah wonten pondasi lan paugeran ingkang kedah
dipunlampahi dening garwa jaler (suami) lan garwa estri (istri). Wonten tigang
perkawis pokok ingkang saged dados kunci kagem mbangun kulawarga ingkang
sakinah:
Sepindhah: Midherek Tuntunan Islam ing Srawung Suami
Istri.
Ing gesang bebrayan, suami lan istri gadhah hak saha
kewajiban piyambak-piyambak. Supados griya dados tentrem, sesrawungan ing
antawisipun suami lan istri kedah dipun dhasari akhlak ingkang sae, saling
ngajeni, saha ngugemi tuntunan agama. Allah Subhanahu wa Ta’ala paring dhawuh
wonten ing Surat An-Nisa ayat 19:
وَعَاشِرُوْهُنَّ
بِالْمَعْرُوْفِ ۚ فَإِنْ كَرِهْتُمُوْهُنَّ فَعَسٰى أَنْ تَكْرَهُوْا شَيْئًا
وَّيَجْعَلَ اللّٰهُ فِيْهِ خَيْرًا كَثِيْرًا
Artosipun: "Lan srawungana bojo-bojomu kuwi
kanthi cara sing becik (patut). Banjur yen sira ora seneng marang dheweke,
(sabarna) amarga bisa wae sira ora seneng marang sawijining perkara, nanging
Allah ndadekake kebecikan sing akeh ana ing perkara kuwi."
Ayat menika ngemutaken kula lan panjenengan supados
tansah njagi pangucap lan tumindak dhumateng pasangan. Nalika wonten
kekiranganipun pasangan, ampun gampang nesu utawi maido, nanging dipun sinau
kanthi sabar, amargi ing walikipun kekirangan menika saged kemawon wonten
kabecikan ingkang ageng saking Gusti Allah.
Kaping Kalih: Makarya ingkang Halal.
Nafkah menika dados tulang punggunging kulawarga.
Ananging, ingkang ndadosaken kulawarga menika ayem lan tentrem sanes kathahing
arta, nanging berkahing arta. Berkah menika namung badhe tumurun menawi rezeki
ingkang dipun padosi saking margi ingkang halal. Daharan ingkang halal badhe
nuwuhaken manah ingkang resik, putra-putri ingkang gampil dipun atur, saha
donga ingkang gampil dipun ijabahi dening Allah. Allah paring dhawuh ing Surat
Al-Baqarah ayat 168:
يَا أَيُّهَا
النَّاسُ كُلُوْا مِمَّا فِي الْأَرْضِ حَلَالًا طَيِّبًا وَّلَا تَتَّبِعُوْا
خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ
مُّبِيْنٌ
Artosipun: "He para manungsa, mangana saka apa
wae sing ana ing bumi iki sing halal tur becik, lan aja padha melu
tindak-tanduke setan; satemene setan kuwi musuh sing nyata tumrap sira
kabeh."
Pramila, kagem para bapak minangka kepala kulawarga,
sumangga kula lan panjenengan tansah ngati-ati anggenipun pados pangupajiwa.
Tebihi rezeki ingkang haram utawi syubhat, supados kulawarga kula lan
panjenengan tansah dipun ayomi lan dipun berkahi dening Gusti Allah.
Kaping Tiga: Remen Caos Nasehat ing Pasangan.
Mboten wonten manungsa ingkang sampurna ing donya
menika. Suami lan istri sami-sami saged nindakaken kalepatan utawi kesupen. Ing
mriki wigatosipun saling paring pitutur utawi nasehat ingkang sae, kanthi cara
ingkang alus, lan ing wekdal ingkang trep. Nasehat menika wujud katresnan
ingkang sejati, supados pasangan kula lan panjenengan tetep lumampah wonten ing
margi ingkang dipun ridhani dening Allah, ngantos saged sesarengan mlebet swarganipun
Allah. Allah paring dhawuh ing Surat Al-‘Ashr ayat 1 dumugi 3:
وَالْعَصْرِ ۙ
إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ ۙ إِلَّا الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَعَمِلُوا
الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
Artosipun: "Demi wektu (masa). Satemene manungsa
kuwi bener-bener ana ing kerugian, kejaba wong-wong sing padha iman lan
nindakake amal shalih, sarta padha eling-elingan (caos nasehat) babagan
kabeneran lan padha eling-elingan babagan kesabaran."
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Menawi tigang perkawis menika inggih menika srawung
miturut tuntunan Islam, makarya pados rezeki ingkang halal, sarta remen saling
paring nasehat ing kabecikan lan kesabaran saged kula lan panjenengan lampahi
wonten ing bale wisma, insya Allah kulawarga kula lan panjenengan badhe dados
kulawarga ingkang sakinah, ayem, tentrem, saha pinaringan kabegjan ing donya
dumugi akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِي
وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ
الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah 2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

Alhamdulillah sering memakai materi khutbah dari sini untuk khutbah di masjid wilayah kami
ردحذفإرسال تعليق