Teks Khutbah Jumat Singkat
Rahmat Allah
Saking Tetesing Toya Jawah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ.قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika,
khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Musim jawah ingkang sampun dipun tengga, alhamdulillah
dumugi estu. Sasampunipun bumi gersang lan lungkrah, taneman padha alum, sarta
lepen-lepen dados asat, Gusti Allah kanthi sifat Maha Murah-Ipun nelesi bumi
menika kanthi tetesing toya jawah. Menika wujud rahmat ingkang nyata. Nanging,
sumangga kula lan panjenengan ngeningaken manah: menapa tetesing jawah ingkang
dhawah ing nginggil sirah lan pekarangan kula lan panjenengan menika naming
dipunanggep minangka prastawa alam biasa?. Estu wonten katah hikmah ingkang
Islam paringaken saking saben tetesing jawah menika. Pramila wonten khutbah
jumat siang menika kepareng khatib aturaken 3 perkawis utama babagan hikmah lan rahmatipun Allah
saking tetesan toya jawah ingkang kedah kula lan panjenengan renungi lan resapi
wonten ing manah:
1. Jawah Minangka Sumber Gesang lan Panguripan.
Toya jawah ingkang kadhawahaken dening Allah minangka
sebab gesangipun sedaya makhluk ingkang wonten ing bumi. Lemah ingkang gersang
lan tandus saged dados subur lan ngedalaken maneka warna taneman sarta
woh-wohan amargi siraman toya jawah. Tanpa toya jawah, taneman bakal pejah, ugi
kula lan panjenengan bakal ngadhepi kasusahan ingkang ageng.
Gusti Allah SWT ngendika wonten ing QS. Qaf: 9-10:
وَنَزَّلْنَا مِنَ السَّمَاءِ
مَاءً مُبَارَكًا فَأَنْبَتْنَا بِهِ جَنَّاتٍ وَحَبَّ الْحَصِيْدِ ﴿٩﴾
وَالنَّخْلَ بَاسِقَاتٍ لَهَا طَلْعٌ نَضِيْدٌ ﴿١٠﴾
“Lan Ingsun nurunake saka langit banyu kang akeh
berkah-e, banjur Ingsun thukulake kanthi banyu iku pirang-pirang kebon lan
wiji-wiji tanduran kang dipanen. Lan wit-wit kurma kang dhuwur-dhuwur kang duwe
mayang kang disusun-susun.” (QS. Qaf: 9-10)
2. Musim Jawah Minangka Wekdal ingkang Mustajab Kagem
Donga
Wonten saben tetesan toya jawah, Allah SWT mbikak lawing-
lawang rahmat sahingga wekdal nalika jawah punika mustajab sanget kagem
ndedonga. Sejatosipun menika kesempatan emas ananging asring dipun lirwaaken
dening kula lan panjenengan.
Rasulullah SAW paring dhawuh wonten ing Hadits Riwayat
Al-Hakim lan Al-Baihaqi (dihasanake dening Syaikh Al-Albani):
ثِنْتَانِ مَا تُرَدَّانِ: الدُّعَاءُ عِنْدَ النِّدَاءِ، وَتَحْتَ المَطَرِ
“Ana rong wektu donga kang ora bakal ditolak: yaiku
nalika adzan diumandangake lan nalika udan turun.”
Pramila, tinimbang kula lan panjenengan ngeluh nalika
jawah tumurun, langkung sae kula lan panjenengan ngginaaken kesempatan kagem
donga dhumateng Allah SWT, nyuwun kabagyan donya lan akhirat, lan panyuwunan
becik sanesipun.
3. Jawah Minangka Pemut supados Tansah Syukur lan Njagi
Alam
Toya jawah punika minangka pemut saking Allah supados
kula lan panjenengan tansah eling dhumateng nikmat-Ipun lan njaga kelestarian
alam. Menawi kula lan panjenengan syukur sarta njaga lingkungan, jawah dados
berkah. Nanging menawi kula lan panjenengan ngrusak alam lan mbuwang sampah
sembarangan, jawah saged dados bencana lan musibah banjir.
Gusti Allah SWT paring dhawuh wonten ing QS. Al-A'raf:
56:
وَلَا تُفْسِدُوْا فِي
الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا وَادْعُوْهُ خَوْفًا وَطَمَعًا ۚ إِنَّ رَحْمَتَ
اللّٰهِ قَرِيْبٌ مِنَ الْمُحْسِنِيْنَ
“Lan aja sira gawe karusakan ing bumi sawise (Allah)
ndandani bumi iku, lan dongaa marang Panjenengane kanthi rasa wedi lan
pengarep-arep. Satemene rahmate Allah iku cedhak banget marang wong-wong kang
gawe kabecikan.” (QS. Al-A'raf :
56)
Lumantar ayat menika, kula lan panjenengan dipundhawuhi
njaga kelestarian alam arupi ngresiki selokan lan lingkungan, supados toya
jawah ingkang mandap tetep dados rahmat lan berkah kagem sedaya makhluk.
Jamaah Jumuah ingkang minulya,
Mugi-mugi lumantar musim jawah menika, kula lan panjenengan
tansah saged mendhet hikmah, ngatah-atahaken syukur, njagi lingkungan, lan
mboten kesupen ndedonga nyenyuwun wonten
ing ngarsa dalem Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

إرسال تعليق