Teks Khutbah Jumat Singkat
Mbuka Lawang Surga
Lumantar Bekti Marang Wong Tua
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
.
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika,
khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Tiyang sepuh, inggih punika bapak lan ibu, minangka margi utawi sarana
dipuntitahaken kula lan panjenengan wonten ing alam dunya. Piyambakipun ingkang
sampun ngorbanaken tenaga, pikiran, sarta kesenangan demi kula lan panjenegan
sedaya. Islam maringi kedudukan ingkang inggil sanget dhumateng tumindak birrul
walidain (bekti marang tiyang sepuh). Bekti punika minangka kunci pambukak
lawang swarga. Mila wonten tigang poin pokok babagan caranipun lan wigatosipun
kula lan panjenengan mbukak lawang swarga lumantar birrul walidain:
1. Nggayuh Ridhanipun Allah Lumantar Ridha Tiyang Sepuh
Poin kapisan,
ridhanipun Allah SWT punika gumantung saking ridha tiyang sepuh. Menawi kula
lan panjenengan kepengin pikantuk ridhanipun Allah lan pikantuk margi kagem
mlebet swarga, mila kula lan panjenegan kedha saget ndamel bapak lan ibu punika
remen lan ridha. Babagan punika trep kaliyan hadits Nabi SAW:
رِضَى الرَّبِّ فِي رِضَى الْوَالِدِ، وَسَخَطُ الرَّبِّ فِي سَخَطِ
الْوَالِدِ
Tegesipun: "Ridhane Allah
iku gumantung marang ridhane wong tua, lan murka-Ne Allah iku gumantung marang
murkane wong tua." (HR. Tirmidzi).
Mila saking punika, sumangga kula lan panjenengan tansah ngupadi supados
saben tindak-tanduk lan tetembungan kula lan panjenengan boten nyakitaken
penggalih lan tansah damel rena ing atinipun tiyang sepuh.
2. Ngurmati lan Nindhakaken Dhawuhipun Tiyang sepuh
Poin kaping kalih, wonten ing Al-Qur'an, dhawuh bekti ing tiyang sepuh
dipunsandhingaken langsung kaliyan dhawuh nyembah Allah lan boten numindakaken
syirik. Punika nuduhaken bilih birrul walidain minangka amalan ingkang
ageng sanget ganjarannipun lan dados syarat utama supados Allah SWT bukakaken
lawang swarga kangem kula lan panjenengan.
Allah SWT ngendika wonten ing Surat Al-Isra' ayat 23:
وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ
وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا ۚ إِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الْكِبَرَ
أَحَدُهُمَا أَوْ كِلَاهُمَا فَلَا تَقُلْ لَهُمَا أُفٍّ وَلَا تَنْهَرْهُمَا
وَقُلْ لَهُمَا قَوْلًا كَرِيمًا
Tegesipun: "Pangeranmu
wis dhawuh supaya sira aja nyembah saliyane Panjenengane, lan supaya sira gawe
becik marang wong tua kalorone kanthi samesthine. Yen salah siji utawa kalorone
wis tuwa ing sandhingira, mula aja pisan-pisan sira ngucap 'ah' marang wong
loro iku, lan aja sira nyentak wong loro iku, lan ucapna marang wong loro iku
tetembungan kang mulya." (QS. Al-Isra': 23).
Ayat punika ngemutaken kula lan panjenengan supados ngupayakaken tata
krama ingkang alus, boten nyentak, lan maringi pakurmatan ingkang inggil,
langkung-langkung menawi tiyang sepuh kula lan panjenengan sampun mlebet yuswa
sepuh.
3. Tansah Ndongakaken Tiyang Sepuh ing Saben Wayah
Poin kaping tiga, wujud birrul walidain ingkang paling gampil tur
ageng fadilahipun inggih punika boten nate nglalekaken tiyang sepuh wonten ing
saben donga kula lan panjenengan. Sae nalika piyambakipun taksih sugeng utawi
sampun seda, anak ingkang bekti bakal tansah nyuwunaken pangapura lan sih
rahmat kagem tiyang sepuh ing saben wayah, utamane saben rampung tinindakaken
shalat.
Allah SWT paring wulang donga punika ing dhalem Al-Qur'an Surat Ibrahim
ayat 41:
رَبَّنَا اغْفِرْ لِي وَلِوَالِدَيَّ وَلِلْمُؤْمِنِينَ
يَوْمَ يَقُومُ الْحِسَابُ
Tegesipun: "Duh Pangeran
kawula, mugi Panjenengan ngapura dosa kawula lan dosa tiyang sepuh kawula,
sarta sedaya tiyang ingkang beriman ing dinten dipunwontenaken petungan (dinten
kiamat)." (QS. Ibrahim: 41).
Jamaah
jumah rahimakumullah
Saking tigang poin ing nginggil, saged kula lan panjenengan pendhet
kesimpulan bilih birrul walidain utawi bekti marang tiyang sepuh punika
minangka kunci utama ingkang saged mbukakaken lawang swarga. Kanthi ngupadi
ridhanipun tiyang sepuh, ngurmati lan nindakaken dhawuhipun, sarta boten nate
kendhat anggenipun ndongakaken ing saben wayah, kula lan panjenengan ateges
sampun nindakaken kewajiban ingkang ageng sanget ganjarannipun wonten ing
ngarsanipun Allah SWT.
Mugi-mugi Allah SWT tansah maringi kekiyatan lan
hidayah dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados saged dados anak ingkang
shalih lan shalihah, ingkang saged dados pambuka lawang swarganipun tiyang
sepuh sarta pambuka lawang swarga kagem kula lan panjenengan sedaya. Aamiin Ya
Rabbal 'Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


إرسال تعليق