Teks Khutbah Jumat Singkat

Tansah Syukur lan Sabar

Ing Madyaning Pacoban Gesang

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur namung kagunganipun Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Pancen, gesang  menika mboten bakal ucul saking nikmat lan ujian. Kadhangkala kula lan panjenengan pinaringan kabagyan ingkang njalari bungahing ati, nanging mboten arang ugi kedah ngadhepi pacoban lan mawarna-warna kasusahan. Sedaya menika sejatosipun sanes tandha bilih Gusti Allah nilaraken kula lan panjenengan, ananging minangka panyaring marang kiyat lan ringkihipun iman ing salebetipun manah. Pramila, ing sajeroning ngadhepi pacoban ingkang kadhang nggegirisi menika, wonten tigang wose perkara ingkang kedah dipun-gadhahi lan dipun-gegem teguh dening kula lan panjenengan sedaya supados manah boten gampil ambruk, boten remuk dening kahanan, sarta tansah saged ngraosaken nikmatipun syukur ingkang badhe nuntun dhateng kaslametan lan kamulyan ing donya lan akhirat.

1. Ngetang-etang Bilih Nikmatipun Gusti Allah Ngluwihi Pacoban

Kadhangkala nalika kula lan panjenengan nampi pacoban setunggal, kula lan panjenengan asring kesupen marang ewonan nikmat ingkang sampun kaparingake dening Gusti Allah. Kanthi ngeling-eling maneka werni nikmat ingkang sampun kula lan panjenengan tampi, ati badhe kros tentrem lan langkung gampil syukur. Allah SWT sampun ngendika ing sajeroning Al-Qur'an:

وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا

Artosipun (Ngoko): "Yen sira ngetung nikmate Allah, yekti sira ora bakal bisa ngitung jumlahe." (QS. Ibrahim: 34)

2. Ndadosaken Sabar lan Syukur minangka Pasangan ing Lampah Gesang

Tiyang ingkang iman menika ngadhahi sipat ingkang istimewa. Nalika piyambakipun pikantuk nikmat, piyambakipun bakal syukur. Dene nalika pikantuk pacoban, piyambakipun bakal sabar. Kekalihipun dados sumber kabagyan lan pahala kagem kula lan panjenengan sedaya ing ngarsanipun Gusti Allah. Kados dene ingkang dipun dhawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW:

عَجَبًا لأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ ... إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ، وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ

Artosipun (Ngoko): "Nggumunake banget uripe wong mukmin, kabeh perkarane iku becik... Yen dheweke nampa kabagyan dheweke syukur lan iku becik kanggone, dene yen dheweke nampa pacoban dheweke sabar lan iku uga becik kanggone." (HR. Muslim)

3. Yakin Bilih Saben Pacoban Wonten Hikmah lan Janji Tambahan Nikmat

Gusti Allah boten nguji hamba-Nipun kajaba kagem ngangkat drajatipun utawi ngapura dosa-dosanipun. Menawi kula lan panjenengan tetep syukur saha husnudzon (sangka sae) dhumateng Gusti Allah nalika tinampa ujian, Gusti Allah sampun njanjeni badhe nambah nikmat lan maringi margi katentreman. Dhawuhipun Gusti Allah SWT ing sajeroning Al-Qur'an:

لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيْدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ

Artosipun (Ngoko): "Yen sira padha syukur, yekti Ingsun bakal nambah (nikmat) marang sira, nanging yen sira kufur, sakyektine siksa-Ku iku abot banget." (QS. Ibrahim: 7)

Pramila, jama'ah ingkang dipun rahmati dening Allah, sumangga liwat majelis ingkang mulya punika, kula lan panjenengan sami-sami ngencengaken tekad kagem nata manah, ngundhakaken raos syukur ing saben kahanan, lan nyepeng teguh kesabaran nalika pacoban dhateng. Mboten wonten margi ingkang langkung endah lan mulya kejawi masrahaken sedaya lelakon gesang punika namung dhumateng Gusti Allah SWT.

Pinutuping atur, mugi-mugi Allah SWT tansah njagi iman lan taqwa ing salebeting manah kula lan panjenengan sedaya, paring pitulung ing saben angelipun pacoban, sarta nuntun saben jangkah lampah gesang punika amrih pikantuk katentreman ing donya lan kaslametan ing akhirat. Amin ya Rabbal 'alamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم