Teks Khutbah Jumat Singkat

Jawah lan Panggesangan

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ.قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing wekdal menika, kula lan panjenengan sami ngraosaken rawuhipun mangsa rendheng, Gusti Allah SWT ngudhunaken jawah saking langit. Jawah menika sanes namung kedadosan alam biasa, ananging dados tandha panguwaosipun Gusti Allah saha sumbering panggesangan tumrap sedaya titah. Supados kula lan panjenengan saged mendhet piwucal saking jawah menika, mangga kula lan panjenengan gatosaken tigang perkawis ing ngandhap menika:

1. Jawah Sumbering Panggesangan

Saderengipun jawah tumiba, bumi katingal garing, tetuwuhan sami alum, lan sumber-sumber toya sami asat. Ananging nalika Gusti Allah ngudhunaken jawah, bumi ingkang pejah menika wau lajeng gesang malih, ijo royo-royo, lan nuwuhaken maneka warni woh-wohan minangka rezeki kagem kula lan panjenengan. Gusti Allah SWT dhawuh wonten ing Al-Qur'an surat Al-Anbiya ayat 30:

وَجَعَلْنَا مِنَ الْمَاءِ كُلَّ شَيْءٍ حَيٍّ ۖ أَفَلَا يُؤْمِنُونَ

Artosipun : "Lan Ingsun (Allah) ndadekake saka banyu iku saben-saben perkara kang urip. Apa dheweke padha ora gelem iman?"

Ayat menika ngemutaken dhumateng kula lan panjenengan bilih tanpa toya jawah ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah, mboten wonten makhluk ingkang saged gesang ing alam donya menika.

2. Jawah Rahmat Kedah Disyukuri

Jawah menika minangka rahmat lan berkah saking Gusti Allah. Pramila, nalika jawah tumiba, kula lan panjenengan mboten pareng nggresula utawi nyalahaken kawontenan, senajan jawah menika kadang kala ngalang-alangi lampah utawi pakaryan kula lan panjenengan. Kosok wangsulipun, Rasulullah SAW mucalaken supados kula lan panjenengan sami ndedonga nalika ningali jawah tumiba, kados ingkang kasebat wonten ing hadits riwayat Imam Bukhari:

أَنَّ رَسُولَ اللّٰهِ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ كَانَ إِذَا رَأَى الْمَطَرَ قَالَ: اَللّٰهُمَّ صَيِّبًا نَافِعًا

Artosipun : "Satemene Rasulullah SAW iku menawa mirsani udan, panjenengane ngendika (ndonga): Ya Allah, mugi Panjenengan paring jawah ingkang migunani."

Saking hadits menika, kula lan panjenengan dipun ajak supados nyuwun dhumateng Gusti Allah supados jawah ingkang tumiba menika dados jawah ingkang paring manfaat, nuwuhaken rezeki, lan tebih saking musibah.

3. Nglestantunaken Lingkungan Wujud Syukur

Jawah ingkang aslinipun rahmat saged dados musibah kados dene banjir lan siti longsor menawi kula lan panjenengan mboten saged njagi alam lingkungan. Uwuh ingkang dipun bucal ing lepen lan wit-witan ingkang dipun tegori tanpa dipun tanemi malih badhe ndadosaken toya jawah mboten saged ngresep wonten ing bumi. Gusti Allah sampun paring pepenget wonten ing surat Ar-Rum ayat 41:

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِي النَّاسِ لِيُذِيقَهُمْ بَعْضَ الَّذِي عَمِلُوا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ

Artosipun: "Wis katon kerusakan ing daratan lan ing segara jalaran saka pokale tangane manungsa, supaya Gusti Allah ngrasakake marang dheweke sebagian saka akibat tumindake, supaya dheweke padha bali (marang dalan kang bener)."

Pramila, njagi karesikan lingkungan, mboten mbucal uwuh sembarangan, saha nanem wit-witan menika kalebet wujud syukur kula lan panjenengan dhumateng nikmat jawah ingkang sampun dipun paringaken dening Gusti Allah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mugi-mugi kanthi rawuhipun jawah menika, iman lan takwa kula lan panjenengan sansaya tambah, rezeki kula lan panjenengan dipun berkahi, lan lingkungan kula lan panjenengan tansah dipun tebihaken saking sedaya balak lan musibah.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم