Teks Khutbah Jumat Singkat
Ramadhan Badhe Pamit,
Punapa Amal Sampun Cekap?
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng
Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten
majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan
nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan
wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Boten kraos, wulan Ramadhan
ingkang kebak barokah menika sampun badhe pamit. Wulan ingkang saben detikipun
mbeta ganjaran, sakmenika sampun wonten ing penghujung wekdal. Pitakenan
ingkang kedah kula lan panjenengan renungaken inggih menika: "Ramadhan
badhe pamit, punapa amal kula lan panjenengan sampun cekap?"
Allah SWT sampun
nggenahaken bilih tujuan siyam menika supados kula lan panjenengan dados tiyang
ingkang takwa, kados dene dhawuh-Ipun ing Al-Baqarah ayat 183:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا
كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
"He wong-wong kang
padha iman! diwajibake marang sira kabeh nindakake pasa, kaya dene wis nate
dipun fardhuaken marang wong-wong sakdurunge sira, supaya sira kabeh padha dadi
wong kang takwa.". (QS. Al-Baqarah ayat 183)
Jamaah jumah rahimakumullah
Sampun sak mestinipun kula lan panjenengan rumaos
was-was lan kuwatir. Menapa siyam kula lan panjenengan dipun tampi? Menapa
shalat lail kula lan panjenengan sampun ikhlas? Rasulullah SAW paring pepenget
dhumateng kula lan panjenengan supados boten dados tiyang ingkang rugi, kados
haditsipun:
رَغِمَ أَنْفُ رَجُلٍ دَخَلَ عَلَيْهِ رَمَضَانُ ثُمَّ انْسَلَخَ قَبْلَ
أَنْ يُغْفَرَ لَهُ
Artosipun: "Banget rugine wong kang nemoni
wulan Ramadhan, nanging wektu Ramadhan wis rampung, dosane durung diapura
(dening Allah)." (HR. Tirmidzi).
Pramila, ing sisa wekdal
menika, sumangga kula lan panjenengan nggalih malih kanthi lebet:
1. Nambahi Semangat Ibadah Boten malah kendor amargi
sibuk ngurus persiapan dunya, kados dene klambi enyar, jajan riyaya, utawi
rencana mudhik. Saestu, Rasulullah SAW nalika mlebet sedasa dinten pungkasan
Ramadhan, boten malah santai-santai. Panjeneganipun nyisetaken ikat
pinggangipun (ibadahipun langkung mempeng), nggugah keluarganipun, lan
nggesangaken malem-malemipun kanthi sujud dhumateng Allah. Menika dinten-dinten
pamungkas, dinten penentuan. Kados dene balapan jaran, jaran ingkang pinter
menika badhe mlayu sak kenceng-kencengipun nalika sampun celak garis finish.
2. Istighfar lan Taubat
ingkang Sakestu Nyuwun pangapunten dhumateng Allah mbok bilih wiwit awal Ramadhan
wingi taksih kathah sembrananipun. Mbokbilih mripat kula lan panjenengan taksih
asring mirsani maksiat, lisan kula lan panjenengan taksih asring ngrasani
tiyang sanes, utawi manah kula lan panjenengan taksih wonten raos riya' lan
sombong. Sisa wekdal menika minangka kesempatan emas kangge nglebur sedaya dosa
kasebat. Ampun ngantos Ramadhan nilaraken kula lan panjenengan, nanging
dosa-dosa taksih numpuk ing badan punika.
3. Nyuwun Istiqomah: Dados
Hamba Allah, Sanes Hamba Ramadhan Menika ingkang paling wigati. Kula lan
panjenengan kedah nyuwun supados ibadah menika boten mandheg nalika Ramadhan
purna. Wonten unen-unen bilih: "Sapa wonge sing nyembah Ramadhan,
saktemene Ramadhan bakal lunga lan mati. Nanging sapa wonge sing nyembah Gusti
Allah, saktemene Gusti Allah iku Maha Gesang lan mboten nate mati."
Tandhanipun siyam kula lan panjenengan dipun tampi dening Allah inggih menika
wontenipun perubahan sae sasampunipun Ramadhan. Menawi sakderengipun Ramadhan
kula lan panjenengan awrat nindakaken shalat jamaah, nanging saksampunipun
Ramadhan dados enthenng, menika pratandha amal kula lan panjenengan barokah.
Ananging, menawi masjid dados sepi sanalika takbir Idul Fitri kumandhang,
menika ateges kula lan panjenengan namung dados penyembah musiman.
Jamaah jumah rahimakumullah
Minangka
pamungkas, sumangga kula lan panjenengan kanti rumeseping manah, nyenyuwun
dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Welas. Ramadhan badhe nilaraken kula lan
panjenengan, ananging pitakonipun: "Punapa kula lan panjenengan sampun
saestu nilaraken dosa-dosa?" Ampun ngantos kula lan panjenengan dados
tiyang ingkang pinter nahan luwe lan ngelak ing siyang dinten, nanging tetep
dados
tawanan hawa nafsu ing wulan-wulan sanesipun. Mugi-mugi sisa wekdal menika
saged kula lan panjenengan ginakaken kagem dandosi dhiri, nambahi amal saleh
kanti ikhlas, lan mungkasi wulan suci menika kanti kawontenan ingkang suci
saking dosa, saéngga kula lan panjenengan pantes nampi gelar hamba ingkang
takwa ingkang badhe pinanggih malih kaliyan Ramadhan ing taun-taun ingkang
badhe dhateng.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
.png)

Posting Komentar