Teks Khutbah Jumat Singkat

Mbuka Lawang Surga

Lumantar Bekti Marang Wong Tua

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

.

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Tiyang sepuh, inggih punika bapak lan ibu, minangka margi utawi sarana dipuntitahaken kula lan panjenengan wonten ing alam dunya. Piyambakipun ingkang sampun ngorbanaken tenaga, pikiran, sarta kesenangan demi kula lan panjenegan sedaya. Islam maringi kedudukan ingkang inggil sanget dhumateng tumindak birrul walidain (bekti marang tiyang sepuh). Bekti punika minangka kunci pambukak lawang swarga. Mila wonten tigang poin pokok babagan caranipun lan wigatosipun kula lan panjenengan mbukak lawang swarga lumantar birrul walidain:

1. Nggayuh Ridhanipun Allah Lumantar Ridha Tiyang Sepuh

Poin kapisan, ridhanipun Allah SWT punika gumantung saking ridha tiyang sepuh. Menawi kula lan panjenengan kepengin pikantuk ridhanipun Allah lan pikantuk margi kagem mlebet swarga, mila kula lan panjenegan kedha saget ndamel bapak lan ibu punika remen lan ridha. Babagan punika trep kaliyan hadits Nabi SAW:

رِضَى الرَّبِّ فِي رِضَى الْوَالِدِ، وَسَخَطُ الرَّبِّ فِي سَخَطِ الْوَالِدِ

Tegesipun: "Ridhane Allah iku gumantung marang ridhane wong tua, lan murka-Ne Allah iku gumantung marang murkane wong tua." (HR. Tirmidzi).

Mila saking punika, sumangga kula lan panjenengan tansah ngupadi supados saben tindak-tanduk lan tetembungan kula lan panjenengan boten nyakitaken penggalih lan tansah damel rena ing atinipun tiyang sepuh.

2. Ngurmati lan Nindhakaken Dhawuhipun Tiyang sepuh

Poin kaping kalih, wonten ing Al-Qur'an, dhawuh bekti ing tiyang sepuh dipunsandhingaken langsung kaliyan dhawuh nyembah Allah lan boten numindakaken syirik. Punika nuduhaken bilih birrul walidain minangka amalan ingkang ageng sanget ganjarannipun lan dados syarat utama supados Allah SWT bukakaken lawang swarga kangem kula lan panjenengan.

Allah SWT ngendika wonten ing Surat Al-Isra' ayat 23:

وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا ۚ إِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الْكِبَرَ أَحَدُهُمَا أَوْ كِلَاهُمَا فَلَا تَقُلْ لَهُمَا أُفٍّ وَلَا تَنْهَرْهُمَا وَقُلْ لَهُمَا قَوْلًا كَرِيمًا

Tegesipun: "Pangeranmu wis dhawuh supaya sira aja nyembah saliyane Panjenengane, lan supaya sira gawe becik marang wong tua kalorone kanthi samesthine. Yen salah siji utawa kalorone wis tuwa ing sandhingira, mula aja pisan-pisan sira ngucap 'ah' marang wong loro iku, lan aja sira nyentak wong loro iku, lan ucapna marang wong loro iku tetembungan kang mulya." (QS. Al-Isra': 23).

Ayat punika ngemutaken kula lan panjenengan supados ngupayakaken tata krama ingkang alus, boten nyentak, lan maringi pakurmatan ingkang inggil, langkung-langkung menawi tiyang sepuh kula lan panjenengan sampun mlebet yuswa sepuh.

3. Tansah Ndongakaken Tiyang Sepuh ing Saben Wayah

Poin kaping tiga, wujud birrul walidain ingkang paling gampil tur ageng fadilahipun inggih punika boten nate nglalekaken tiyang sepuh wonten ing saben donga kula lan panjenengan. Sae nalika piyambakipun taksih sugeng utawi sampun seda, anak ingkang bekti bakal tansah nyuwunaken pangapura lan sih rahmat kagem tiyang sepuh ing saben wayah, utamane saben rampung tinindakaken shalat.

Allah SWT paring wulang donga punika ing dhalem Al-Qur'an Surat Ibrahim ayat 41:

رَبَّنَا اغْفِرْ لِي وَلِوَالِدَيَّ وَلِلْمُؤْمِنِينَ يَوْمَ يَقُومُ الْحِسَابُ

Tegesipun: "Duh Pangeran kawula, mugi Panjenengan ngapura dosa kawula lan dosa tiyang sepuh kawula, sarta sedaya tiyang ingkang beriman ing dinten dipunwontenaken petungan (dinten kiamat)." (QS. Ibrahim: 41).

Jamaah jumah rahimakumullah

Saking tigang poin ing nginggil, saged kula lan panjenengan pendhet kesimpulan bilih birrul walidain utawi bekti marang tiyang sepuh punika minangka kunci utama ingkang saged mbukakaken lawang swarga. Kanthi ngupadi ridhanipun tiyang sepuh, ngurmati lan nindakaken dhawuhipun, sarta boten nate kendhat anggenipun ndongakaken ing saben wayah, kula lan panjenengan ateges sampun nindakaken kewajiban ingkang ageng sanget ganjarannipun wonten ing ngarsanipun Allah SWT.

Mugi-mugi Allah SWT tansah maringi kekiyatan lan hidayah dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados saged dados anak ingkang shalih lan shalihah, ingkang saged dados pambuka lawang swarganipun tiyang sepuh sarta pambuka lawang swarga kagem kula lan panjenengan sedaya. Aamiin Ya Rabbal 'Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama