Teks Khutbah Jumat Singkat

Lemah Nela Banyu Asat

Gusti Allah aja Ditinggal

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Asringipun manungsa punika nglalekaken lan nilar Allah ing kahanan eca sekeca lan nembe emut nalika kahanan susah. Utawi kosok balinipun, nalika katempuh pacoban ingkang awrat malah saya tebih saking Gusti Allah. Mangka wonten ing kahanan punapa kemawon, punika suka utawi duka, gampil utawi angel, namung Gusti Allah ingkang ngasta sedaya margi medal lan pitulungan. Boten wonten daya lan kekuatan ingkang saged ngewahi kahanan kajawi kanthi ridha lan pitulungan saking Gusti Allah SWT. Pramila, sumangga ing kahanan punapa kemawon kula lan panjenengan tansah ngencengaken gantunganing manah namung dhumateng Panjenenganipun.

Wonten kalih perkawis ingkang kedah kula lan panjenengan lampahi nalika ngadhepi kahanan ingkang awrat menika:

1. Ajakan Koreksi Diri (Muhasabah)

Perkawis kapisan ingkang kedah kula lan panjenengan lampahi inggih menika nindakaken koreksi diri utawi muhasabah. Menawi kula lan panjenengan nemahi kangelan, Lemah Nela Banyu Asat ing sajroning gesang, saged dados menika minangka pènget supados kula lan panjenengan mawas diri dhumateng kalepatan-kalepatan ingkang sampun kalampahi.

Gusti Allah dhawuh ing sajroning Al-Qur'an, Surah Al-Hasyr ayat 18:

يٰاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللّٰهَ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ

"He wong-wong kang iman! Wediya marang Gusti Allah lan hendake saben wong mriksa apa kang wis dilakoni kanggo dina suk mben (akhirat). Lan wediya marang Gusti Allah, sakbenere Gusti Allah iku Maha Ngerteni marang apa kang sira lakoni."

Kanthi mawas diri lan mirsani tumindak ingkang sampun kawuri, kula lan panjenengan saged nyadari kekurangan, nyuwun pangaksama (istighfar), lan ndandani tumindak ingkang kirang sae.

2. Ngatah-ngatahi Amal Kabecikan

Perkawis kaping kalih inggih menika ngatah-ngatahia amal kabecikan. Ampun ngantos kahanan ingkang rumit ndadosaken kula lan panjenengan kendhat anggenipun tumindak sae. Justru kanthi ngatah-ngatahi amal kabecikan, sedekah, lan nulungi sesami, Gusti Allah badhe maringi margi medal lan paring kemudahan.

Gusti Allah dhawuh ing sajroning Al-Qur'an, Surah Hud ayat 114:

اِنَّ الْحَسَنٰتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّاٰتِ ۗ ذٰلِكَ ذِكْرٰى لِلذّٰكِرِيْنَ

"Saktemene tumindak-tumindak kang becik iku bisa ngilangi (dosa-dosa) tumindak kang ala. Iku minangka pènget kanggo wong-wong kang gelem eling."

Langkung saking menika, ing saklebetipun Surah At-Talaq ayat 2-3, Gusti Allah ugi janji menawi sinten mawon ingkang takwa lan tetep tumindak sae badhe dipunparingi margi medal saking kangelan lan rezeki saking margi ingkang mboten dipun-nyana-nyana.

Jamaah jumah rahimakumullah

Pramila saking menika, sumangga kula lan panjenengan sami-sami ngginakaken mangsa ingkang awrat lan kebak pacoban punika minangka sarana kagem tansah mawas diri sarta ngatah-ngatahi amal kabecikan. Mangga dipun koreksi malih sedaya lampah lan tumindak ingkang sampun kawuri kanthi kathah-kathah nyuwun pangaksama, lajeng dipunimbangi kanthi ngesthi tumindak sae, sedekah, lan pitulungan dhumateng sesami. Kanthi nindakaken kalih perkawis punika, insyaallah manah badhe langkung tentrem lan pitulunganipun Gusti Allah badhe tansah ngiringi saben tindak-tanduk kula lan panjenengan.

Minangka kesimpulan saking khutbah menika, mangga dipunemut-emut bilih ing kahanan punapa kemawon kaawitan saking kahanan eca ngantos kahanan "Lemah Nela Banyu Asat" Gusti Allah sampun ngantos dipunnilar saking gesang kula lan panjenengan. Mugi-mugi Gusti Allah SWT tansah paring pitedah, kekuatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados kalebet ewoning hamba ingkang tansah takwa, sregep muhasabah, sarta Istiqomah ing dalan kabecikan. Aamiin ya Rabbal 'Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama