Teks Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa

Wangsul Suci, Ngresiki Ati,

Ngraketaken Sesambungan Sesami

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن, أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Wonten ing enjang ingkang kebak barokah punika, mangga kula lan panjenengan sesarengan ngunjukaken syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Awit saking rahmat lan hidayah-Ipun, kula lan panjenengan saged ngrampungaken ibadah siyam Ramadhan setunggal wulan muput, lan dinten punika saged kempal manunggal wonten ing mriki kanthi kahanan sehat wal afiat. Shalawat sarta salam mugi tansah kaaturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW.

Dinten punika kula lan panjenengan manggihi dinten kemenangan, dinten Idul Fitri, ingkang negesaken wangsul dhumateng fitrah kamanungsan. Wonten kalih perkawis wigati ingkang kedah kula lan panjenengan jagi:

1. Ngresiki Ati: Muhasabah dhateng Dhiri Pribadi

Ibadah siyam punika tujuwanipun kangge nggulawenthah manah saking penyakit hasad (iri), sum’ah (pamer), lan takabur (sombong). Allah SWT sampun dhawuh:

 قَدْ أَفْلَحَ مَن زَكَّاهَا وَقَدْ خَابَ مَن دَسَّاهَا

"Saktemene begja wong kang nuchèkaké ati (jiwané), lan saktemene rugi wong kang ngregedi atiné." (QS. Asy-Syams: 9-10).

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Mangga ing dinten punika, kula lan panjenengan nintingi lebeting manah piyambak-piyambak. Seringipun, mripat punika langkung prigel lan landhep menawi mirsani cacat sarta kaluputanipun tiyang sanes. Kula lan panjenengan asring dados 'hakim' ingkang gampil mbiji lan nyalahaken tumindakipun tangga tepalih, nanging kados dene paribasan 'gajah ing pelataran mboten ketingal, nanging tuma ing sabrang ketingal cetha'.

Kedah kula lan panjenengan mangertosi, bilih penyakit ati kados dene sombong lan ngrumaosi paling leres punika saged ngrusak sedaya amal ingkang sampun dipun-upayakaken setunggal wulan muput. Pramila, dinten riyaya punika sanes papan kagem pamer sinten ingkang paling pinter, sugih, utawi luhur drajatipun. Nanging, dinten punika dinten kagem ngrumaosi bilih ing ngarsanipun Allah, kula lan panjenengan sedaya menika sami, namung titah ingkang ringkih ingkang mbetahaken kawelasan saking Gusti. Mangga raos sombong punika dipun-kubur lebet-lebet, dipun-gantos kanthi raos andhap asor, supados manah punika saestu saged nampi cahyanipun hidayah.

2. Ngraketaken Sesambungan: Nglebur Gengsi kagem Karukunan

Ibadah siyam punika ugi mulangaken kepedulian dhumateng sesami manungsa (Hablum Minannas). Boten namung nahan luwe lan ngelak, nanging siyam nggembleng jiwa supados langkung peka dhumateng sedherek sanèsipun. Rasulullah SAW dhawuh:

لَا يَحِلُّ لِمُسْلِمٍ أَنْ يَهْجُرَ أَخَاهُ فَوْقَ ثَلَاثِ لَيَالٍ

"Ora halal tumrap wong Muslim menowo satru (neng-nengan) karo sedulure luwih saka telung bengi." (HR. Bukhari lan Muslim).

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Sasampunipun kula lan panjenengan reresik manah saking penyakit takabur, sakmenika wancinipun mbuktekaken kesalehan punika dhumateng sesami. Suraosipun dinten riyaya punika bakal keraos sepa lan hambar menawi ing antarane tangga lan sederek taksih wonten tembok dhuwur ingkang misahaken paseduluran. Ampun ngantos ibadah siyam kula lan panjenengan kandheg ing awang-awang, mboten dipun tampi dening Allah, namung amargi kita taksih 'neng-nengan' utawi mboten purun sapa-aruh.

Asringipun, tiyang ingkang paling awrat kagem kula lan panjenengan pangapuro inggih punika tiyang ingkang paling celak mbok bilih punika sedherek kandhung utawi tangga tepalih. Elinga, bilih tiyang ingkang mulya punika sanes tiyang ingkang saget menang nalika padudon, nanging tiyang ingkang kersa ngasoraken dhiri kagem nyambung silaturahmi.

Saklajengipun, sumangga sesambungan ingkang nate rengka dipun raketaken malih. Banjur semangat gotong-royong lan kepedulian sosial ingkang sampun lumampah ing masyarakat ugi sumangga dipun kiyataken. Ampun ngantos wonten tangga ingkang kacingkrangan nanging mboten dipun paringi pambiyantu. Kanthi rukun, urip bakal keraos tentrem, lan kanthi tulung-tinulung, beban ingkang awrat bakal keraos entheng.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Pungkasanipun, mangga kula lan panjenengan medal saking papan punika kanthi nilaraken sedaya raos dhendham lan gengsi ingkang ngreridu. Mboten wonten gunanipun reresik busana lan griya, menawi kori pangapunten taksih dipun-kancing rapet dhumateng sesami. Mangga sami lebur-dinébura kanthi tulus suci, supados dinten kemenangan punika saestu mbeta berkah kagem tentreming manah lan rukunipun paseduluran ing masyarakat, bangsa lan nagari punika.

Pramila, sakderengipun khutbah punika kula pungkasi, mangga sesarengan nundhukaken sirah, ngeningaken cipta lan manah, nyuwun dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Mugi-mugi dinten riyaya punika dados dinten pangapuro ingkang saestu, saengga kula lan panjenengan sedaya saged wangsul dhumateng kahanan ingkang fitrah lan nggadhahi manah ingkang resik, rukun, sarta tansah pinaringan ridha-Ipun Gusti Allah.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ

يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلاَلِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ

. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمـُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمـُؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ فيَا قَاضِيَ الحَاجَاتِ

اللّهُمَّ اِنَّا نَسْأَلُكَ سَلاَمَةً فِى الدِّيْنِ وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنتَ ٱلْوَهَّابُ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ  وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah Idul Fitri berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini.



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama