Teks Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa
Wangsul Suci, Ngresiki Ati,
Ngraketaken Sesambungan Sesami
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
اللَّهُ
أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ
وَاللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ
لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ
صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن, أَمَّا
بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ
فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا
أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ
إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
Ma’asyiral
Muslimin Rahimakumullah,
Wonten
ing enjang ingkang kebak barokah punika, mangga kula lan panjenengan sesarengan
ngunjukaken syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Awit saking rahmat lan
hidayah-Ipun, kula lan panjenengan saged ngrampungaken ibadah siyam Ramadhan
setunggal wulan muput, lan dinten punika saged kempal manunggal wonten ing
mriki kanthi kahanan sehat wal afiat. Shalawat sarta salam mugi tansah
kaaturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW.
Dinten
punika kula lan panjenengan manggihi dinten kemenangan, dinten Idul Fitri,
ingkang negesaken wangsul dhumateng fitrah kamanungsan. Wonten kalih perkawis
wigati ingkang kedah kula lan panjenengan jagi:
1. Ngresiki Ati: Muhasabah
dhateng Dhiri Pribadi
Ibadah
siyam punika tujuwanipun kangge nggulawenthah manah saking penyakit hasad
(iri), sum’ah (pamer), lan takabur (sombong). Allah SWT sampun
dhawuh:
"Saktemene
begja wong kang nuchèkaké ati (jiwané), lan saktemene rugi wong kang ngregedi
atiné."
(QS. Asy-Syams: 9-10).
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Mangga ing dinten punika,
kula lan panjenengan nintingi lebeting manah piyambak-piyambak. Seringipun,
mripat punika langkung prigel lan landhep menawi mirsani cacat sarta
kaluputanipun tiyang sanes. Kula lan panjenengan asring dados 'hakim' ingkang
gampil mbiji lan nyalahaken tumindakipun tangga tepalih, nanging kados dene paribasan
'gajah ing pelataran mboten ketingal, nanging tuma ing sabrang ketingal
cetha'.
Kedah kula lan panjenengan
mangertosi, bilih penyakit ati kados dene sombong lan ngrumaosi paling leres
punika saged ngrusak sedaya amal ingkang sampun dipun-upayakaken setunggal
wulan muput. Pramila, dinten riyaya punika sanes papan kagem pamer sinten ingkang
paling pinter, sugih, utawi luhur drajatipun. Nanging, dinten punika dinten
kagem ngrumaosi bilih ing ngarsanipun Allah, kula lan panjenengan sedaya menika
sami, namung titah ingkang ringkih ingkang mbetahaken kawelasan saking Gusti.
Mangga raos sombong punika dipun-kubur lebet-lebet, dipun-gantos kanthi raos
andhap asor, supados manah punika saestu saged nampi cahyanipun hidayah.
2. Ngraketaken Sesambungan: Nglebur Gengsi kagem
Karukunan
Ibadah siyam punika ugi mulangaken kepedulian
dhumateng sesami manungsa (Hablum Minannas). Boten namung nahan luwe lan
ngelak, nanging siyam nggembleng jiwa supados langkung peka dhumateng sedherek
sanèsipun. Rasulullah SAW dhawuh:
لَا يَحِلُّ لِمُسْلِمٍ أَنْ يَهْجُرَ أَخَاهُ فَوْقَ ثَلَاثِ لَيَالٍ
"Ora
halal tumrap wong Muslim menowo satru (neng-nengan) karo sedulure luwih saka
telung bengi." (HR.
Bukhari lan Muslim).
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Sasampunipun kula lan
panjenengan reresik manah saking penyakit takabur, sakmenika wancinipun
mbuktekaken kesalehan punika dhumateng sesami. Suraosipun dinten riyaya punika
bakal keraos sepa lan hambar menawi ing antarane tangga lan sederek taksih
wonten tembok dhuwur ingkang misahaken paseduluran. Ampun ngantos ibadah siyam
kula lan panjenengan kandheg ing awang-awang, mboten dipun tampi dening Allah,
namung amargi kita taksih 'neng-nengan' utawi mboten purun sapa-aruh.
Asringipun, tiyang ingkang
paling awrat kagem kula lan panjenengan pangapuro inggih punika tiyang ingkang
paling celak mbok bilih punika sedherek kandhung utawi tangga tepalih. Elinga,
bilih tiyang ingkang mulya punika sanes tiyang ingkang saget menang nalika
padudon, nanging tiyang ingkang kersa ngasoraken dhiri kagem nyambung
silaturahmi.
Saklajengipun, sumangga sesambungan
ingkang nate rengka dipun raketaken malih. Banjur semangat gotong-royong lan
kepedulian sosial ingkang sampun lumampah ing masyarakat ugi sumangga dipun
kiyataken. Ampun ngantos wonten tangga ingkang kacingkrangan nanging mboten
dipun paringi pambiyantu. Kanthi rukun, urip bakal keraos tentrem, lan kanthi
tulung-tinulung, beban ingkang awrat bakal keraos entheng.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Pungkasanipun, mangga kula lan panjenengan medal saking papan punika kanthi
nilaraken sedaya raos dhendham lan gengsi ingkang ngreridu. Mboten wonten
gunanipun reresik busana lan griya, menawi kori pangapunten taksih
dipun-kancing rapet dhumateng sesami. Mangga sami lebur-dinébura kanthi tulus
suci, supados dinten kemenangan punika saestu mbeta berkah kagem tentreming
manah lan rukunipun paseduluran ing masyarakat, bangsa lan nagari punika.
Pramila, sakderengipun khutbah punika kula
pungkasi, mangga sesarengan nundhukaken sirah, ngeningaken cipta lan manah,
nyuwun dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Mugi-mugi dinten riyaya punika dados
dinten pangapuro ingkang saestu, saengga kula lan panjenengan sedaya saged
wangsul dhumateng kahanan ingkang fitrah lan nggadhahi manah ingkang resik,
rukun, sarta tansah pinaringan ridha-Ipun Gusti Allah.
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ
وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ
يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلاَلِ وَجْهِكَ
الْكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ
. اَللَّهُمَّ
صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمـُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ
وَالمـُؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ فيَا قَاضِيَ الحَاجَاتِ
اللّهُمَّ اِنَّا نَسْأَلُكَ سَلاَمَةً فِى الدِّيْنِ وَعَافِيَةً فِى
الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةً قَبْلَ
الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ
بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن
لَّدُنكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنتَ ٱلْوَهَّابُ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ
وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا
يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ
وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
.png)

إرسال تعليق