Teks Khutbah Jumat Singkat
Maulid Nabi,
Piwucal Keadilan Lan Kesejahteraan
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika,
khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten ing wulan Rabiul Awal ingkang mulya punika,
kula lan panjenengan sedaya mengeti miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Pengetan
Maulid Nabi punika boten namung acara
seremonial utawi peringatan sejarah, ananging kedah dados momentum ingkang
saged nggugah kesadaran tumuju semangat nggesanggaken kesaenan. Kanjeng Nabi
dipunlahiraken lan dipunutus wonten ing jaman ingkang kebak kedzaliman, hukum
ingkang tumpul, kesenjangan sosial lan kemiskinan ingkang merajalela sahingga
dipun sebat jaman jahiliyah.
Liwat
dawuh lan hidayahipun, Allah SWT ngutus Kanjeng Nabi kagem njejegaken keadilan,
ngentasaken kemiskinan, lan ngangkat drajating manungsa tanpa pandhang bulu.
Kanthi perjuangan lan kesabaran ingkang luar biasa, namung wonten ing wekdal
kirang langkung 23 taun, Kanjeng Nabi kasil ngowahi kahanan donya, ngowahi
jaman Jahiliyah ingkang peteng dhedhet dados jaman ingkang padhang jinawi,
kebak rahmat, keadilan, lan kesejahteraan tumrap sedaya umat manungsa.
Jamaah ingkang dipunmulyakaken Allah,
Wonten ing babagan Keadilan, Kanjeng Nabi
Muhammad SAW dipunutus kagem njejegaken hukum ingkang adil lan boten pandhang
bulu. Piyambakipun ngowahi tatanan Jahiliyah ingkang remen nindhes tiyang apes
lan ngagungaken tiyang panguwasa. Babagan punika trep kaliyan hadis shahih:
لَوْ أَنَّ فَاطِمَةَ بِنْتَ مُحَمَّدٍ سَرَقَتْ لَقَطَعْتُ يَدَهَا
Tegesipun"...Demi Allah, umpamane Fatimah putrine
Muhammad iku nyolong, niscaya aku dhewe sing bakal ngethok tangane." (HR. Bukhari lan Muslim)
Hadis ing inggil ngandharaken prinsip ketegasan lan
ketauladanan Kanjeng Nabi ing babagan njejegaken keadilan. Piyambakipun paring
conto bilih hukum Islam punika boten mbenten- mbentenaken antaranipun rakyat
biyasa lan kulawarganing panguwasa utawi pimpinan. Menawi kulawarganipun
piyambak ingkang nindakaken kalepatan, Kanjeng Nabi tetep nerapaken hukum
kanthi adil. Punika dados piwucal kagem kula lan panjenengan sedaya supados
tansah tumindak adil ing kulawarga, papan pakaryan, sarta masyarakat tanpa
tumindak pilih kasih.
Jamaah ingkang dipunmulyakaken Allah,
Wonten ing babagan Kesejahteraan, Kanjeng Nabi
Muhammad SAW ugi ngajaraken bilih iman ingkang sampurna punika kedah kabukti
liwat kepedulian sosial lan empati marang sesami. Kesejahteraan umat boten
bakal kawujud menawi saben tiyang namung mikiraken badanipun piyambak. Babagan
punika dipunandharaken wonten ing hadis shahih:
لاَ يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لأَخِيهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ
Tegesipun: "Ora sampurna imane salah siji saka sira
kabeh, nganti dheweke seneng yen sedulure entuk kabagyan utawa kesejahteraan
kaya dene apa sing disenengi kanggone awake dhewe." (HR. Bukhari lan Muslim)
Hadis menika dados landhesan utama ing babagan nggayuh
kesejahteraan sesarengan. Kanjeng Nabi ngemutaken bilih ukuran keimanan tiyang
Muslim punika ketingal saking sepinten piyambakipun nresnani lan ngupayakaken
kabagyan sarta kesejahteraan kagem seduluripun. Liwat pituduh punika, Kanjeng
Nabi mucalaken sistem zakat, infaq, lan sedekah supados kasugihan saged mratah
marang tiyang ingkang kangelan, saengga sedaya umat saged ngraosaken
katentreman lan cekap kabutuhanipun.
Jamaah ingkang dipunmulyakaken Allah,
Kula lan panjenengan kedah sadhar lan insyaf kanthi
saestu, bilih sedaya gegayuhan babagan keadilan ingkang sejati sarta
kesejahteraan ingkang mratah ing tengahing masyarakat boten bakal kawujud lan
namung dados impen menawi kula lan panjenengan boten purun wangsul nyinau sarta
nuladhani lampahipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Sanadyan rinci tatanan hukum
lan canggih sistem ekonomi ingkang dipun-rencanaaken manungsa, sedaya punika
bakal tumpul lan muspra menawi boten adhedhasar akhlakul karimah, rasa ajrih
dhumateng Allah, lan raos welas asih marang sesami ingkang sampun
dipun-warisaken dening Rasulullah.
Mila saking punika, wonten ing momentum Maulid Nabi
ingkang kebak keberkahan punika, sumangga kula lan panjenengan sami mbikak
manah, ngicali raos egois lan pilih kasih, sarta miwiti owah-owahan saking
dhiri piyambak lan kulawarga. Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pitulungan,
hidayah, lan kekiatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados saged dados
pribadi ingkang saged njejegaken keadilan senajan awrat, sarta saged nuntun
marang kesejahteraan lan kabagyan ing donya ngantos akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

إرسال تعليق