Teks Khutbah Jumat Singkat

Bahayanipun Minuman Keras (Khamr)

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing wedhal punika, kula lan panjenengan kedah ningali kahanan ing sakupeng kula lan panjenengan. Peredaran khamr utawi minuman keras ing jaman sakpunika sansaya masif lan mbahayani. Boten namung ing kitha-kitha ageng, ananging ugi sampun lumebet wonten ing pelosok desa. Ingkang paling ngenesaken, kurban lan sasaran utamanipun inggih punika para generasi muda, para remaja ingkang samesthinipun dados pangarep-arep agama, bangsa, lan kulawarga.

Khamr inggih punika sedaya barang ingkang saged ngrusak lan nutupi akal pikiran. Islam kanthi tegas sanget nglarang lan ngaramaken khamr amargi dampakipun ingkang ngrusak sanget. Allah SWT sampun ngendika wonten ing Al-Qur'an, Surah Al-Ma'idah ayat 90:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْأَنصَابُ وَالْأَزْلَامُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ الشَّيْطَانِ فَاجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ

“He para wong mukmin, satemene minuman keras, judi, berkurban kanggo berhala, lan ngundi nasib iku tumindak keji lan klebu penggaweane setan. Mula edohana tumindhak- tumindhak iku supaya sira kabeh nemu kabegjan”. (Surah Al-Ma'idah ayat 90)

Jamaah Rahimakumullah,

Wonten ing ayat punika, Allah nggolongaken khamr minangka rijsun (tumindak keji) lan min 'amalisy-syaithan (penggaweanipun setan). Kanthi ngunjuk khamr, akal sehatipun manungsa bakal ical, lan nalika akal sampun ical, raga lan atinipun bakal gampil sanget katuntun dening hawa napsu lan setan kagem nindakaken kemaksiatan sanesipun.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW ugi ngelingaken wonten ing hadits riwayat An-Nasa'i:

الْخَمْرُ أُمُّ الْخَبَائِثِ

"Khamr iku minangka indhunging (sumber) sakabehing tumindak ala lan kejahatan." (HR. AN- Nasa’i)

Mboten namung punika, Rasulullah SAW ugi paring peringatan bilih khamr punika nyebabaken laknat kagem sedaya pihak ingkang terlibat, mboten namung peminumipun, nanging ugi ingkang damel, ingkang ngedol, ngantos ingkang ngirimaken.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Bahaya khamr punika nyata sanget:

  1. Ngrusak Kesehatan lan Akal: Khamr saged ngrusak organ tubuh, pikiran, lan mental.
  2. Njenengaken Kriminalitas: Kathah kasus kecelakaan, tawuran, pencurian, ngantos pembunuhan ingkang diawali amargi pengaruh minuman keras.
  3. Ngrusak Masa Depan Generasi Muda: Para nom-noman ingkang sampun ketagihan khamr bakal ical semangat sinau, kelangan cita-cita, lan ngrusak masa depanipun piyambak.

Pramila saking punika, kula lan panjenengan sedaya kedah bersatu lan tanggap! Pencegahan peredaran khamr punika mboten saged namung dipunpasrahaken dhumateng aparat penegak hukum piyambak. Kula lan panjenengan sedaya minangka perangan saking masyarakat kudu tumut nindakaken amar ma'ruf nahi munkar.

1)      Para Tiyang Sepuh: Mangga tansah njaga lan ningali pergaulanipun putra-putrinipun. Paringi kawigaten, kasih sayang, lan pendhidhikan agama ingkang bakoh wonten ing griya.

2)      Para Tokoh Masyarakat lan Agama: Mangga boten bosen-bosen paring pitutur, edukasi, lan ngengetaken babagan bahayanipun khamr.

3)      Para Pemuda: Mangga padha eling lan waspada, aja gelem diajak utawa nyoba-nyoba ngombe miras. Pilih lingkungan lan prapancan ingkang sae.

4)      Pemerintah lan Aparat: Mangga dipun tingkataken pengawasan lan tindakan tegas tumrap para pengedar lan pembuat khamr ing lingkungan kula lan panjenengan.

Panutuping atur, sumangga kula lan panjenengan sesarengan tansah njaga dhiri pribadi, kulawarga, sarta para generasi muda saking godha lan bahayanipun khamr. Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pituduh, pangayoman, sarta kekuatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya kagem nindakaken kabecikan lan nilar sedaya kemaksiatan, satemah nagari lan lingkungan kula lan panjenengan tansah pinaringan katentreman lan kaberkahan.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم