Teks Khutbah Jumat Singkat

Maulid Nabi,

Piwucal Keadilan Lan Kesejahteraan

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing wulan Rabiul Awal ingkang mulya punika, kula lan panjenengan sedaya mengeti miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Pengetan Maulid Nabi punika boten namung  acara seremonial utawi peringatan sejarah, ananging kedah dados momentum ingkang saged nggugah kesadaran tumuju semangat nggesanggaken kesaenan. Kanjeng Nabi dipunlahiraken lan dipunutus wonten ing jaman ingkang kebak kedzaliman, hukum ingkang tumpul, kesenjangan sosial lan kemiskinan ingkang merajalela sahingga dipun sebat jaman jahiliyah.

Liwat dawuh lan hidayahipun, Allah SWT ngutus Kanjeng Nabi kagem njejegaken keadilan, ngentasaken kemiskinan, lan ngangkat drajating manungsa tanpa pandhang bulu. Kanthi perjuangan lan kesabaran ingkang luar biasa, namung wonten ing wekdal kirang langkung 23 taun, Kanjeng Nabi kasil ngowahi kahanan donya, ngowahi jaman Jahiliyah ingkang peteng dhedhet dados jaman ingkang padhang jinawi, kebak rahmat, keadilan, lan kesejahteraan tumrap sedaya umat manungsa.

Jamaah ingkang dipunmulyakaken Allah,

Wonten ing babagan Keadilan, Kanjeng Nabi Muhammad SAW dipunutus kagem njejegaken hukum ingkang adil lan boten pandhang bulu. Piyambakipun ngowahi tatanan Jahiliyah ingkang remen nindhes tiyang apes lan ngagungaken tiyang panguwasa. Babagan punika trep kaliyan hadis shahih:

لَوْ أَنَّ فَاطِمَةَ بِنْتَ مُحَمَّدٍ سَرَقَتْ لَقَطَعْتُ يَدَهَا 

Tegesipun"...Demi Allah, umpamane Fatimah putrine Muhammad iku nyolong, niscaya aku dhewe sing bakal ngethok tangane." (HR. Bukhari lan Muslim)

Hadis ing inggil ngandharaken prinsip ketegasan lan ketauladanan Kanjeng Nabi ing babagan njejegaken keadilan. Piyambakipun paring conto bilih hukum Islam punika boten mbenten- mbentenaken antaranipun rakyat biyasa lan kulawarganing panguwasa utawi pimpinan. Menawi kulawarganipun piyambak ingkang nindakaken kalepatan, Kanjeng Nabi tetep nerapaken hukum kanthi adil. Punika dados piwucal kagem kula lan panjenengan sedaya supados tansah tumindak adil ing kulawarga, papan pakaryan, sarta masyarakat tanpa tumindak pilih kasih.

 

Jamaah ingkang dipunmulyakaken Allah,

Wonten ing babagan Kesejahteraan, Kanjeng Nabi Muhammad SAW ugi ngajaraken bilih iman ingkang sampurna punika kedah kabukti liwat kepedulian sosial lan empati marang sesami. Kesejahteraan umat boten bakal kawujud menawi saben tiyang namung mikiraken badanipun piyambak. Babagan punika dipunandharaken wonten ing hadis shahih:

لاَ يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لأَخِيهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ

Tegesipun: "Ora sampurna imane salah siji saka sira kabeh, nganti dheweke seneng yen sedulure entuk kabagyan utawa kesejahteraan kaya dene apa sing disenengi kanggone awake dhewe." (HR. Bukhari lan Muslim)

Hadis menika dados landhesan utama ing babagan nggayuh kesejahteraan sesarengan. Kanjeng Nabi ngemutaken bilih ukuran keimanan tiyang Muslim punika ketingal saking sepinten piyambakipun nresnani lan ngupayakaken kabagyan sarta kesejahteraan kagem seduluripun. Liwat pituduh punika, Kanjeng Nabi mucalaken sistem zakat, infaq, lan sedekah supados kasugihan saged mratah marang tiyang ingkang kangelan, saengga sedaya umat saged ngraosaken katentreman lan cekap kabutuhanipun.

Jamaah ingkang dipunmulyakaken Allah,

Kula lan panjenengan kedah sadhar lan insyaf kanthi saestu, bilih sedaya gegayuhan babagan keadilan ingkang sejati sarta kesejahteraan ingkang mratah ing tengahing masyarakat boten bakal kawujud lan namung dados impen menawi kula lan panjenengan boten purun wangsul nyinau sarta nuladhani lampahipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Sanadyan rinci tatanan hukum lan canggih sistem ekonomi ingkang dipun-rencanaaken manungsa, sedaya punika bakal tumpul lan muspra menawi boten adhedhasar akhlakul karimah, rasa ajrih dhumateng Allah, lan raos welas asih marang sesami ingkang sampun dipun-warisaken dening Rasulullah.

Mila saking punika, wonten ing momentum Maulid Nabi ingkang kebak keberkahan punika, sumangga kula lan panjenengan sami mbikak manah, ngicali raos egois lan pilih kasih, sarta miwiti owah-owahan saking dhiri piyambak lan kulawarga. Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pitulungan, hidayah, lan kekiatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados saged dados pribadi ingkang saged njejegaken keadilan senajan awrat, sarta saged nuntun marang kesejahteraan lan kabagyan ing donya ngantos akhirat.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama