Teks Khutbah Jumat Singkat

Musim Ketiga lan Musibah Kekeringan

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

.

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Menawi kula lan panjenegan kersa nggatosaken sakupengipun lingkungan wekdal sakmenika. Lemah-lemah sami nela lan garing, debu ngebaki hawa, tetuwuhan sami layu lan pejah, sarta sumber-sumber toya ingkang biasanipun mili bening sakmenika wiwit kasatan lan garing. Kawontenan musim katiga lan kekeringan ingkang kula lan panjenegan raosaken sakmenika sanes namung prastawa alam biasa. Punika minangka teguran alus, duka ingkang kebak welas asih, sarta pasinaon ageng saking Ingkang Maha Kuwaos. Sinten ingkang saged ngandapaken toya saking langit menawi Allah nahan rahmat-Ipun? Mula, sumangga kula lan panjenengan sami sadhar lan insyaf, mbok bilih wontenipun toya ingkang melimpah ing wekdal kepungkur asring kula lan panjenegan sepeleke.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten sawetara poin penting ingkang kedah dados perhatian kula lan panjenengan ing tengahing ujian musim katiga punika:

1. Toya punika Sumber Gesang sarta Nikmat Agung saking Allah SWT

Toya sanes namung kabetahan padintenan kagem ngunjuk lan wisuh, ananging minangka sarana utama ingkang njagi pagesangan ing bumi. Allah SWT sampun ngendika ing Al-Qur'an (QS. Al-Anbiya': 30):

وَجَعَلْنَا مِنَ الْمَاءِ كُلَّ شَيْءٍ حَيٍّ ۖ أَفَلَا يُؤْمِنُونَ

Artosipun: "Lan saka banyu Ingsun (Allah) dadekake sakabehing barang dadi urip. Mula apa dheweke kabeh ora padha iman?"

Pramila, sudanipun utawi icalipun toya punika pepemut bilih tanpa rahmatipun Allah, manungsa boten badhe saged nindakaken pagesangan kanthi tentrem.

2. Ngrumat lan Nglestarikaken Toya punika Amanah Agama

Kula lan panjenengan kaparingan tugas minangka khalifah ing bumi ingkang gadhah tanggung jawab ngrumat sarta nglestarikaken alam, kalebet njaga sumber toya supados boten rusak utawi cemer. Allah SWT ngengetaken ing QS. Al-A'raf: 56:

وَلَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا

Artosipun: "Lan sira aja gawe kerusakan ing bumi sawise (Allah) ndandani bumi iku..."

Ngrumat sumber toya lan mboten ngrusak lingkungan punika wujud nglampahi jejibahan agung ingkang badhe kaparingan piwales ing akhirat.

3. Larangan Boros/Mubazir Sanadyan ing Kawontenan Melimpah

Asring kula lan panjenengan boros migunakaken toya nalika toya melimpah. Ingmangka Rasulullah SAW sampun paring tuladha supados ngginakaken toya kanthi hemat lan wicaksana. Ing satunggalipun hadits ingkang dipun riwayataken dening Ahmad lan Ibn Majah, dipun ceritakaken nalika Rasulullah SAW panggih kaliyan Sa'ad bin Abi Waqqas ingkang nembe wudhu kanthi nggunakaken toya ingkang kathah, Nabi nuli ngendika:

مَا هَذَا السَّرَفُ؟ فَقَالَ: أَفِي الْوُضُوءِ سَرَفٌ؟ قَالَ: نَعَمْ، وَإِنْ كُنْتَ عَلَى نَهْرٍ جَارٍ

Artosipun: “Nabi Ngendika: Sikap mubazir apa iki?" Sa’ad nyuwun pirsa: "Punapa ing wudhu ugi wonten sikep mubazir?" Nabi njawab: "Iya, sanadyan sira ana ing sadhuwure kali kang mili deres."

Menawi ing ibadah wudhu kemawon kula lan panjenegan dipun dilarang boros, punapa malih ing panggunaan padintenan sanesipun.

4. Ngatahi Istighfar ing Musim Katiga

Musim katiga lan kasatan punika ugi dados dalan kagem kula lan panjenengan nindakaken muhasabah (koreksi diri). Amargi kadhangkala, dosa lan kemaksiatan ingkang kula lan panjenegan lampahi dados sebab mandegipun rahmat lan udan saking langit. Allah SWT paring dawuh ing QS. Nuh: 10-11:

فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ إِنَّهُ كَانَ غَفَّارًا . يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُمْ مِدْرَارًا

Artosipun: "Mula aku kandha: 'jaluka pangapura (istighfar) marang Gusti Pangeranmu, saktemene Dheweke iku Maha Pangapura. Niscaya Dheweke bakal ngirimake udan kang deres saka langit kanggo sira kabeh.'"

Jamaah jumah rahimakumullah

Pinutuping atur, ujian musim katiga lan kasatan punika dados pepemut supados kula lan panjenengan tansah ngrumat toya minangka amanah, mboten tumindak mubazir, sarta ngatah- ngatahi istighfar dhumateng Allah SWT. Pramila, sumangga kula lan panjenengan wiwit sakmenika tansah njagi lan ngemat toya, nglestarikaken lingkungan, sarta remen tetulung dhateng sesami ingkang nembe kekirangan. Mugi-mugi Allah SWT paring berkah lan nurunaken ngedunaken jawah ingkang mupangati.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama