Teks Khutbah Jumat Singkat
Hijrah Hakiki Tumuju Kamulyan
Ing Warsa Enggal
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan
khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos
dumugi akhirat.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Mboten keraos, kula lan panjenengan sakmenika sampun
men nilaraken warsa 1447 H lan mlebet
wonten ing warsa enggal Hijriyah. Gantosipun warsa menika sejatosipun mboten
namung gantosipun tanggalan ing dhinding, nanging gantosipun jaman lan
sudanipun umur kula lan panjenengan wonten ing alam dunya. Amargi menika, momen
warsa enggal mbetahaken Hijrah Hakiki
supados kula lan panjenengan saged nggayuh kamulyan dunya lan akhirat.
Gusti Allah SWT sampun ngengetaken kula lan
panjenengan supados tansah ngulat-ulati (ngevaluasi) amalan kangge dinten benjing
(akhirat) wonten ing Surat Al-Hasyr ayat 18:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ
اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا
اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ
Tegesipun: "He wong-wong kang padha iman, padha takwaa
marang Allah lan prayogane saben wong nggatekake apa kang wus dicawisake kanggo
dina sesuk (akhirat). Lan padha takwaa marang Allah, sanyatane Allah iku Maha
Ngudaneni marang apa kang padha sira lakoni."
Saking ayat punika wonten 3 (tiga) poin penting
babagan Hijrah Hakiki ingkang kedah kula lan panjenengan pirsani lan lampahi:
1. Hijrah Saking Maksiat Nuju Ketaatan
Hijrah ingkang hakiki wonten ing jaman sakmenika
nggadhahi teges ngowahi tumindak lan kahanan dhiri. Kanjeng Nabi Muhammad SAW
sampun paring dhawuh wonten ing Hadits Shahih Bukhari (No. 10):
الْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ
الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ، وَالْمُهَاجِرُ مَنْ هَجَرَ مَا نَهَى
اللّٰهُ عَنْهُ
Tegesipun: "Wong Muslim iku yaiku wong sing bisa njaga
wong Muslim liyane saka gangguan lisan lan tangane. Lan wong kang hijrah iku
yaiku wong sing ninggalke apa wae sing dilarang dening Allah." (HR.
Bukhari)
Menawi ing warsa kapengker kula lan panjenengan taksih
asring nilaraken salat jamaah, mangga ing warsa enggal sakmangkih dipunbunderi
niatipun supados saged istiqamah. Menawi ing warsa kapengker lisan kula lan
panjenengan taksih asring nglarani atine liyan utawi ngrasani, mangga ing warsa
enggal samangkih lisan dipunjagi supados namung ngendika ingkang sae.
2. Hijrah Saking Sifat Kesed Nuju Sregep Ngibadah
Masa lalu inggih menika sae kangge pangilon, nanging
masa ngajeng menika tantangan ingkang kedah dipunadhepi. Kula lan panjenengan
mboten kepareng nggadhahi sifat pasrah tanpa usaha (kesed). Kula lan
panjenengan kedah nggadhahi target ngibadah ingkang langkung sae tinimbang
warsa wingi.
Gusti Allah SWT mboten bakal ngowahi nasib utawi
drajatipun manungsa menawi manungsa piyambak mboten kersa usaha ikhtiar ngowahi
dhirinipun. Kados dene dhawuhipun Allah wonten ing Surat Ar-Ra'd ayat 11:
إِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ
مَا بِقَوْمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُوْا مَا بِأَنْفُسِهِمْ
Tegesipun: "Sanyatane Allah iku ora bakal ngowahi
kahanan sawijining kaum, saengga kaum iku dhewe kang ngowahi kahanan sing ada
ing awake dhewe."
3. Hijrah Saking Sifating Ati Ingkang Awon Nuju Sifat
Tawadhu’
Kamulyan menika mboten dipunpanggihaken saking sepira
dhuwure pangkat utawi sepinten katahipun bandha dunya, nanging saking sucining
ati lan takwa dumateng Allah.
Hijrah hakiki ngajak kula lan panjenengan supados ngresiki
ati saking lelara riya', sombong, lan ugi dreki. Kanthi gantosipun warsa, kula
lan panjenengan kedah ngrasa bilih awake dhewe menika taksih sekedhik
ngamalipun, saengga tuwuh rasa andhap asor dumateng sesami. Allah SWT dhawuh
wonten Surat Al-Hujurat ayat 13:
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ
اللّٰهِ أَتْقَاكُمْ
Tegesipun: "Sanyatane wong kang paling mulya ing
antarane sira kabeh ing ngarsane Allah yaiku wong kang paling takwa."
Para Jamaah ingkang dirahmati Allah,
Minangka kesimpulan, sumangga warsa enggal Hijriyah
menika mboten namung dipun-peringati mawi pahargyan kemawon, nanging
dipundadosaken momentum kagem muhasabah (evaluasi dhiri). Sumangga kula lan
panjenengan titi pariksa, punapa amalan kula lan panjenengan ing warsa wingi
sampun cekap kagem sangu wonten ing akhirat?
Mugi-mugi Allah SWT tansah paring hidayah, kekiyatan,
lan bimbingan dumateng kula lan panjenengan, saengga kula lan panjenengan saged
nindakaken hijrah hakiki lan nggayuh kamulyan ing dunya lan akhirat. Aamin
ya Rabbal Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

إرسال تعليق