Teks Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa
Qurban Minangka Bukti Ketaatan Sejati
Saha Kepedulian Dhumateng Sesami
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
اللَّهُ أَكْبَرُ،
اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ
أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي
هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ
اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
Jamaah Shalat Idul Adha ingkang
dipun mulyaken dening Allah,
Langkung
rumiyin, sumangga kula lan panjenegan sesarengan ngunjukaken raos syukur
dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan. Satemah
wonten dinten ingkang kebak berkah menika, kula lan panjenegan taksih pinaringan wekdal saha kekiyatan
kagem nindakaken shalat Idul Adha kanthi kawontenan sehat wal afiat.
Shalawat
saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kula lan panjenegan, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang dados
tuladha utama ing babagan ketaatan dhumateng Gusti Allah saha tresna asih
dhumateng umat manungsa.
Jamaah ingkang dipun mulyaken
dening Allah,
Dinten
riyaya Idul Adha menika ugi dipun wastani "Riyaya Qurban" utawi
"Riyaya Haji". Wonten ing dinten menika, kula lan panjenegan dipun ajak kagem mundut piwucal makna
panggesangan ingkang hakiki lumantar kalih perkawis ageng:
1. Ketaatan Sejati dhumateng
Allah SWT
Ibadah
qurban menika sejarah ingkang mboten saged dipun uwalaken saking ketaatan Nabi
Ibrahim AS saha Nabi Ismail AS. Ketaatan menika sanes namung ketaatan ingkang
wonten ing lisan, nanging ketaatan ingkang sampun mbalung sumsum wonten ing
batos. Nalika Nabi Ibrahim nampi dhawuh lumantar impen kagem mragat putranipun
ingkang sanget dipun tresnani, piyambakipun mboten mangu-mangu.
Allah
SWT paring dhawuh wonten ing Al-Qur'an:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا
تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Artosipun: "Ismail
mangsuli: 'Dhuh bapak kula, panjenengan lampahi menapa ingkang dipun dhawuhaken
dhumateng panjenegan; insya Allah panjenengan badhe manggihi kula kalebet
tiyang-tiyang ingkang sabar.'" (QS. Ash-Saffat: 102).
Ayat punika paring piwucal
kadospundi ketaatan ingkang hakiki dhumateng Allah Ta’ala. Ananging kula lan
panjenegan estu mboten badhe kiyat menawi kedah nderek ketaatanipun Nabi
Ibrahim, mila ingkang saget kula lan panjenegan lampahi kagem nuladhani
ketaatan punika paling mboten:
1)
Istiqomah nindakaken dhawuh
Allah: Kasunyatanipun, asring sanget kula lan panjenegan ndadosaken
dunya menika tujuan utama. saéngga kula lan panjenegan mlayu ngoyak artha,
ngrumat jabatan, saha mburu pakurmatan ngantos kesupen wekdal. Sumangga dipun
penggalih kanthi wening. Menapa gunanipun sedaya kala wau menawi malah
ndadosaken kula lan panjenegan tebih saking Gusti Allah.
Mila saking menika, sanajan kula lan panjenegan repot urusan donya, nalika
adzan kumandang, kula lan panjenegan kedah enggal-enggal nilaraken sedaya
pakaryan kasebat kagem nindakaken shalat. Sumangga dipun emut mboten wonten
pakaryan ingkang langkung utami tinimbang sowan dhumateng Gusti. Menawi kula
lan panjenegan kersa sumene sekedap saking mburu donya kagem ngibadah dhumateng
Allah, estu Allah badhe nata urusan donya kula lan panjenegan kanthi kabetahan
ingkang cekap saha manah ingkang tentrem.
2) Ikhlas nampi pacoban: Kados dene Nabi Ibrahim
ingkang dipun uji kanthi barang ingkang paling dipun tresnani, kula lan
panjenegan ugi kedah sabar nalika nampi ujian arupi kirangipun artha utawi
sakit, kanthi kapitayan bilih Allah mboten badhe paring ujian ngluwihi
kekiyatan hamba-Nipun. Pacoban menika sanes wujud dukanipun Allah, nanging wujud tresnanipun
Allah supados kula lan panjenegan mindhak drajatipun, resik dosa-
dosanipun, saha langkung kiyat imanipun.
2. Peduli dhumateng Sesami
Ibadah
qurban paring piwucal bilih Islam menika agami ingkang ngatur hubungan sosial
(Hablum minannas). Islam mboten nate ngersakaken umatipun namung saé piyambak,
nanging kedah saged paring manfaat dhumateng sakiwa tengenipun.
Allah
SWT negasaken:
لَن يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا
وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَٰكِن يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنكُمْ
Artosipun: "Daging-daging qurban lan getihe iku
pisan-pisan ora bisa nggayuh (karidhaning) Allah, nanging ketaqwaan saka sira
kabeh sing bisa nggayuh Panjenengane." (QS. Al-Hajj: 37).
Ayat
menika nggadhahi makna bilih hakekat qurban sanes namung mbeleh kewan, nanging
"mbeleh" sifat kikir, sombong, saha egois ingkang wonten ing dhiri
kula lan panjenegan. Tiyang muslim punika sanes tiyang ingkang namung mikiraken
kesenengan pribadi, ananging muslim ingkang hakiki punika kedah menggalih
nasibipun tiyas sane. Mila dhawuh saking ayat ingkang minulya punika kedah kula
lan panjenegan lampahi wonten saben dintenipun kanthi:
1)
Perduli lan Empati: Lumantar
daging qurban ingkang dipun bagi, kula lan panjenegan saged ngraosaken
kabungahan sesami sedherek ingkang jarang ngraosaken dhahar daging. Mbok bilih tumrap kula lan panjenegan, dhahar
daging menika sampun dados perkawis ingkang lumrah. Nanging, sumangga
dipun penggalih... ing sakiwa tengen kula lan panjenegan, tasih wonten tangga
tepalih ingkang kekirangan bandha, lare-lare yatim, fakir miskin ingkang kagem
dhahar daging kemawon kedah nengga dinten riyaya idul adha.
2)
Ngicalaken Sifat Individualis: Wonten ing jaman modern menika, asring manungsa nembe ketaman penyakit
"nafsi-nafsi", inggih menika namung mikiraken dhiri pribadi saha
mboten preduli dhumateng kahanan sanesipun. Mila, momentum qurban menika dados
sarana kagem kula lan panjenegan supados langkung tinarbuka manahipun, kersa
sapa aruh, saha paring pambiyantu dhumateng tangga tepalih tanpa
mbenten-mbentenaken status sosial.
Sumangga dipun penggalih, menapa gunanipun
kasugihan saha kamulyan donya menawi kula lan panjenegan dados tiyang ingkang
"asing" wonten ing sakiwa tengenipun dalem piyambak? Ampun ngantos
kula lan panjenegan dados tiyang ingkang mboten saged mriksani luh utawi mboten
mirengaken rintihanipun tangga tepalih ingkang nembe kesusahan.
Lumantar ibadah qurban, Gusti Allah mbedhah
sekat-sekat kesombongan kasebat. Ing mriki mboten wonten betenipun tiyang
ingkang sugih lan ingkang mlarat, sedaya manunggal wonten ing raos kamanungsan.
Menika wekdalipun kula lan panjenegan "mragat" sifat individualis
kasebat, nggantos kanthi manah ingkang tinarbuka, kersa ngrangkul sesami, saha
nukulaken malih raos paseduluran ingkang suci. Amargi sejatosipun,
pitulunganipun Allah dhumateng kula lan panjenegan menika gumantung saking
sepinten kersanipun kula lan panjenegan paring pambiyantu dhumateng sedherek
sanesipun.
Jamaah ingkang dipun mulyaken
dening Allah,
Minangka pungkasaning atur, sumangga kula lan
panjenegan nundhukaken sirah, ngasoraken dhiri, saha mbikak manah wonten ing ngarsanipun Allah SWT.
Mugi-mugi sedaya amal ibadah qurban, ketaatan, saha raos kepedulian ingkang
kula lan panjenegan tindhakaken dinten menika, saestu dipun
tampi minangka amal shalih ingkang saged dados lantaran pepadhang wonten ing
alam kubur saha dados saksi wonten ing dinten kiamat
mangke. Sumangga kula lan panjenegan sesarengan nyenyuwun kanthi tulus, mugi
Allah tansah njagi kerukunan, paring jembaripun rejeki ingkang berkah, saha
netepaken iman Islam wonten ing batos kula lan panjenegan ngantos puputing
yuswa. Mugi nagari kula lan panjenegan menika tansah pinaringan aman, ayom,
ayem, saha tebih saking sedaya sambikala.
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. حَمْدًا
يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ
يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ
لِجَلاَلِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ
. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ
مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ
كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمـُسْلِمَاتِ
وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمـُؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ
سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ فيَا قَاضِيَ الحَاجَاتِ
اللّهُمَّ اِنَّا نَسْأَلُكَ سَلاَمَةً فِى الدِّيْنِ
وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ
وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ
الْمَوْتِ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ
هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنتَ ٱلْوَهَّابُ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا
وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنتَ السَّمِيعُ
الْعَلِيمُ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي
الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ
الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ
عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah Idul Adha singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
%20(1).png)

إرسال تعليق