Teks Khutbah Jumat Singkat
Njagi Syukur ing Wulan Dzulhijjah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan
khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos
dumugi akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wulan Dzulhijjah punika kalebet salah satunggaling Asyhurul
Hurum—wulan ingkang suci lan dipunmulyaken dening Allah. Wonten ing
tenggah-tenggah wulan Dzulhijjah punika, sasampunipun kula lan panjenengan
nglampahi dinten riyaya Idul Adha sarta dinten Tasyrik, wonten setunggal
prekawis ageng ingkang kedah tetep dipunjagi, inggih punika Rasa Syukur.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten 3 (tigang) poin utama, kepripun caranipun kula
lan panjenengan saged njagi raos syukur wonten ing wulan Dzulhijjah punika:
1. Syukur kanthi Manah (Ati): Ngakeni Sedaya Nikmat
saking Allah
Poin ingkang sepisan, syukur punika kawiwitan saking
salebeting manah. Kula lan panjenengan kedah mangertos bilih saged nglampahi
ibadah, saged kurban, utawi saged paring donga dhumateng sedherek ingkang nembe
kaji, punika sedaya murni saking pitulunganipun Allah, mboten saking kekiyatan
kula lan panjenengan piyambak. Allah SWT sampun ngandika wonten ing Surat
An-Nahl ayat 53:
وَمَا بِكُمْ مِنْ نِعْمَةٍ
فَمِنَ اللَّهِ
Artosipun: “Lan apa wae nikmat sing ana ing awakmu, mula iku
kabeh teka saka Allah.” (Surat An-Nahl ayat 53)
Kanthi nggadhahi manah ingkang nriman lan ngakeni asalipun
nikmat punika, kula lan panjenengan badhe tebih saking sipat umuk utawi riya'.
2. Syukur kanthi Lisan: Kathah Maos Dzikir lan Tahmid
Poin ingkang kaping kalih, raos syukur punika dipun-lahiraken
mawi lisan. Wonten ing wulan Dzulhijjah punika, sasampunipun paripurna qurban
ugi tasyrik, lisan kula lan panjenengan mboten pareng kendhat ngucapaken "Alhamdulillah"
sarta ngatah- ngatahi kalimah thayyibah. Rasulullah saw. Ngendika:
أَيَّامُ التَّشْرِيقِ أَيَّامُ
أَكْلٍ وَشُرْبٍ وَذِكْرِ اللَّهِ
Artosipun: “Dina-dina Tasyrik iku minangka dina kanggo
mangan, ngombe, lan dzikir (eling) marang Allah.” (Shahih
Musli: 1141)
Hadits punika dalil umum kagem kula lan panjenegan
ngatahi dzikir, sanadyan dinten tasyrik sampun paripurna ananging dawuh
njagi dzikir punika kedah kula lan panjenegan lajengaken wonten saben
dintenipun. Ampun ngantos pakulinan
dzikir punika paripurna amargi sampun telas dinten tasyrik ing tahun punika.
3. Syukur kanthi Amalan (Perbuatan): Nglajengaken
Semangat Tetulung lan Ngibadah
Poin ingkang kaping tiga, lan punika ingkang paling
wigati, inggih punika mujudaken syukur mawi tumindak nyata utawi amal shalih.
Gusti Allah paring dhawuh dhumateng kulawarga Nabi Dawud as. wonten ing Surat
Saba' ayat 13:
اعْمَلُوا آلَ دَاوُدَ شُكْرًا
ۚ وَقَلِيلٌ مِنْ عِبَادِيَ الشَّكُورُ
Artosipun: “Ajgata (padha amala) sira dadi wujud rasa syukur,
hey kulawarga Dawud. Lan sithik banget saka hamba-Hamba-Ku sing gelem syukur.”
(Surat Saba' ayat 13)
Ayat punika nedahaken bilih syukur ingkang sejati
punika mawi tumindak nyata. Sasampunipun daging kurban dipunbagekaken, semangat
tetulung dhumateng sesami mboten pareng mandeg. Kula lan panjenengan kedah
ngginakaken nikmat sehat punika kangge ningkataken kasregepan shalat jamaah,
sedekah, sarta njaga karukunan paseduluran wonten ing bebrayan agung.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Minangka pungkasaning atur, sumangga kula lan
panjenengan ngetingalaken raos syukur punika mboten namung nalika nampa
kabungahan, nanging dados pakulinan saben dinten. Wulan Dzulhijjah punika
sekedap maneh badhe rampung, mila wekdal ingkang taksih wonten punika sumangga
dipunginakaken kanthi sae. Mugi kanthi njagi syukur punika kula lan panjenengan
mboten kalebet golongan tiyang ingkang kufur nikmat. Sumangga emut dhumateng
janjinipun Allah SWT: sapa wong kang gelem syukur, mula Allah bakal nambahi nikmat
kasebut, nanging yen kula lan panjenengan kufur, adzabipun Allah punika awrat sanget.
Mugi-mugi, kanthi njagi tigang poin syukur punika,
kula lan panjenengan sedaya dipun-catet minangka hamba-Ipun ingkang bersyukur, sarta pinaringan istiqomah ngantos
pungkasaning umur mangke. Amin Yaa Rabbal 'Alamiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

إرسال تعليق