Teks Khutbah Jumat Singkat
Dzulqa’dah Wulan Kesabaran
Lan Amal shalih
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan
khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos
dumugi akhirat.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Sakpunika kula lan
panjenengan sampun lumebet wonten ing wulan Dzulqa'dah. Wulan punika kalebet
salah satunggaling Asyhurul Hurum, nggih punika wulan ingkang dipun mulyaken
lan dipun sucekaken dening Allah SWT. Prayoginipun kula lan panjenengan njagi
katentreman lan kerukunan, sarta ngginakaken wektu punika kagem nindakaken
tigang perkawis:
1.
Sepisan, Mersudi Kasabaran. Wulan Dzulqa'dah punika
dados wektu kagem nyiapaken mental lan fisik kanthi sabar, utaminipun kagem
sedherek ingkang badhe nindakaken ibadah kaji. Kasabaran punika mbetahaken
pambiyantu saking Allah, kados dhawuhipun:
وَاصْبِرْ وَمَا
صَبْرُكَ إِلَّا بِاللَّهِ
"Lan
sabara, lan pitulunganmu kanggo sabar iku ora liya kajaba saka Allah." (QS. An-Nahl ayat 127). Ayat punika paring piwulang
bilih hamba mboten nggadhahi kekiyatan kagem sabar kajaba kanthi pitulungan
saking Allah SWT. Mila, kula lan panjenengan kedah tansah nyenyuwun donga
supados dipun paringi manah ingkang jembar lan kuwat ngadhepi sedaya pacoban.
2. Kaping
kalih, Ngiyataken Amal Jariyah lan Sosial. Amargi wulan punika dipun mulyaken, sumangga
dipun isi kanthi nambahi paseduluran lan tulung-tinulung dhumateng sesami.
Kanjeng Nabi nate paring dhawuh:
وَاللَّهُ فِي عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِي
عَوْنِ أَخِيهِ
"Lan
Allah tansah paring pitulungan marang hamba-Ne, menawa hamba kasebut gelem
tetulung marang sedulure." (HR. Imam
Muslim).
Wonten ing gesang bebrayan, mliginipun ing wulan
Dzulqa'dah ingkang kebak barokah punika, kula lan panjenengan dipun ajak
supados langkung peka dhumateng kabetahanipun sedherek sanesipun. Ampun nunggu
dipun paringi bantuan, nanging sumangga kula lan panjenengan ingkang miwiti
paring pambiyantu dhumateng sesami, senadyan namung awujud tenaga utawi
panyengkuyung donga. Kerukunan lan katentreman badhe tansah tuwuh bilih kula
lan panjenengan asring sapa aruh sarta kersa mbiyantu sesami, amargi kanthi
tetulung menika badhe nggandhengaken manah ingkang nate rengka.
3. Kaping
tiga, Njagi Kasucian Dhiri. Allah sampun paring pepeling wonten surat At-Taubah ayat 36:
فَلَا تَظْلِمُوا
فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ
"Mula
aja sira kabeh nganiaya awakmu dhewe ing sajroning wulan mau". Maksud saking njagi
kasucian dhiri punika inggih menika kula lan panjenengan kedah nggadhahi raos
mawas dhiri supados mboten nindakaken tumindak maksiat utawi nganiaya dhiri
pribadi kanthi nerak wewaleripun Gusti Allah. Tuladha praktisipun inggih punika
kanthi njagi lisan saking ghibah, fitnah, utawi mboten nulis pesen wonten ing
media sosial ingkang saged damel seriking manah sesami , amargi cecongkrah
menika saged ngrisak iman lan ngicalaken barokahing gesang. Kanthi njagi
kasucian dhiri, kula lan panjenengan saged ngginakaken wektu punika kagem
nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah kanthi khusyuk.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Minangka pungkasaning atur, sumangga kula lan
panjenengan ngginakaken kalodhangan wonten ing wulan Dzulqa’dah punika kagem
nggulawenthah dhiri supados langkung sabar, sregep tetulung, lan mawas dhiri
saking tumindak maksiat. Katentreman ingkang dipun bangun wonten ing lingkungan
badhe ndadosaken ibadah kula lan panjenengan langkung khusyuk lan gesang
langkung barokah. Mugi-mugi kanthi nindakaken amal shaleh punika, kula lan
panjenengan saged pikantuk ridha saking Allah SWT lan tansah pinaringan
kekiyatan kagem njagi paseduluran ngantos dumugi akhirat.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ
الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah 2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
.png)

Posting Komentar