Teks Khutbah Jumat Singkat

Dzulqa’dah Wulan Kesabaran

Lan Amal shalih

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos dumugi akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sakpunika kula lan panjenengan sampun lumebet wonten ing wulan Dzulqa'dah. Wulan punika kalebet salah satunggaling Asyhurul Hurum, nggih punika wulan ingkang dipun mulyaken lan dipun sucekaken dening Allah SWT. Prayoginipun kula lan panjenengan njagi katentreman lan kerukunan, sarta ngginakaken wektu punika kagem nindakaken tigang perkawis:

1.       Sepisan, Mersudi Kasabaran. Wulan Dzulqa'dah punika dados wektu kagem nyiapaken mental lan fisik kanthi sabar, utaminipun kagem sedherek ingkang badhe nindakaken ibadah kaji. Kasabaran punika mbetahaken pambiyantu saking Allah, kados dhawuhipun:

 وَاصْبِرْ وَمَا صَبْرُكَ إِلَّا بِاللَّهِ

"Lan sabara, lan pitulunganmu kanggo sabar iku ora liya kajaba saka Allah." (QS. An-Nahl ayat 127). Ayat punika paring piwulang bilih hamba mboten nggadhahi kekiyatan kagem sabar kajaba kanthi pitulungan saking Allah SWT. Mila, kula lan panjenengan kedah tansah nyenyuwun donga supados dipun paringi manah ingkang jembar lan kuwat ngadhepi sedaya pacoban.

2.       Kaping kalih, Ngiyataken Amal Jariyah lan Sosial. Amargi wulan punika dipun mulyaken, sumangga dipun isi kanthi nambahi paseduluran lan tulung-tinulung dhumateng sesami. Kanjeng Nabi nate paring dhawuh:

وَاللَّهُ فِي عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِي عَوْنِ أَخِيهِ

"Lan Allah tansah paring pitulungan marang hamba-Ne, menawa hamba kasebut gelem tetulung marang sedulure." (HR. Imam Muslim).

Wonten ing gesang bebrayan, mliginipun ing wulan Dzulqa'dah ingkang kebak barokah punika, kula lan panjenengan dipun ajak supados langkung peka dhumateng kabetahanipun sedherek sanesipun. Ampun nunggu dipun paringi bantuan, nanging sumangga kula lan panjenengan ingkang miwiti paring pambiyantu dhumateng sesami, senadyan namung awujud tenaga utawi panyengkuyung donga. Kerukunan lan katentreman badhe tansah tuwuh bilih kula lan panjenengan asring sapa aruh sarta kersa mbiyantu sesami, amargi kanthi tetulung menika badhe nggandhengaken manah ingkang nate rengka.

3.       Kaping tiga, Njagi Kasucian Dhiri. Allah sampun paring pepeling wonten surat At-Taubah ayat 36:

 فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ

"Mula aja sira kabeh nganiaya awakmu dhewe ing sajroning wulan mau". Maksud saking njagi kasucian dhiri punika inggih menika kula lan panjenengan kedah nggadhahi raos mawas dhiri supados mboten nindakaken tumindak maksiat utawi nganiaya dhiri pribadi kanthi nerak wewaleripun Gusti Allah. Tuladha praktisipun inggih punika kanthi njagi lisan saking ghibah, fitnah, utawi mboten nulis pesen wonten ing media sosial ingkang saged damel seriking manah sesami , amargi cecongkrah menika saged ngrisak iman lan ngicalaken barokahing gesang. Kanthi njagi kasucian dhiri, kula lan panjenengan saged ngginakaken wektu punika kagem nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah kanthi khusyuk.

Jamaah jumah rahimakumullah

Minangka pungkasaning atur, sumangga kula lan panjenengan ngginakaken kalodhangan wonten ing wulan Dzulqa’dah punika kagem nggulawenthah dhiri supados langkung sabar, sregep tetulung, lan mawas dhiri saking tumindak maksiat. Katentreman ingkang dipun bangun wonten ing lingkungan badhe ndadosaken ibadah kula lan panjenengan langkung khusyuk lan gesang langkung barokah. Mugi-mugi kanthi nindakaken amal shaleh punika, kula lan panjenengan saged pikantuk ridha saking Allah SWT lan tansah pinaringan kekiyatan kagem njagi paseduluran ngantos dumugi akhirat.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah 2


اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini.





Post a Comment

أحدث أقدم