Teks Khutbah Jumat Singkat
Mapag Ramadhan Kanthi Ilmu
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng
Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten
majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan
nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan
wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Sekedhap malih, mambu aruming wulan Ramadhan sampun
wiwit kerasa. Wulan punika mboten namung wektu kagem nahan luwe, nanging wulan
ingkang nggadhahi drajat ingkang dhuwur amargi dadi wektu tumuruning wahyu.
Gusti Allah paring dhawuh wonten Surat Al-Baqarah ayat 185:
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنزِلَ فِيهِ
الْقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ الْهُدَىٰ وَالْفُرْقَانِ
"Wulan
Ramadhan iku wulan kang ing njerone diturunake Al-Qur'an minangka pituduh
(hidayah) kanggo manungsa, lan dadi penjelasan ngenani pituduh mau sarta dadi
pembeda (antarane bener lan luput)."
Mila saking punika, persiapan ingkang sepisanan
inggih punika
1.
Persiapan Ilmu lan Niyat.
Kula lan panjenengan kedah niyataken siam mangke mboten namung amargi
melu-melu, nanging adhedhasar iman. Kanjeng Nabi SAW paring piwulang:
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا
غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
"Sapa
wonge kang nindakake siam Ramadhan kanthi dhasar iman lan niyat ikhlas pados
ridhaning Allah (ihtisaban), mula bakal dingapura dosa-dosane kang wis
kepungkur." (HR.
Bukhari & Muslim).
Hadits punika paring piwucal bilih kuncinipun ibadah
siam ingkang saged ngguguraken dosa wonten kalih perkawis. Sepisan, inggih
punika 'Imanan', tegesipun kula lan panjenengan nindakaken siam kanthi dhasar
kapercayan lan keyakinan bilih siam punika dhawuh saking Gusti Allah, mboten
namung amargi pakewuh kaliyan tangga teparo utawi tumut adat kebiasaan. Kaping
kalih, inggih punika 'Ihtisaban', tegesipun kula lan panjenengan nindakaken
siam kanthi niyat tulus ikhlas pados ganjaran sarta ridhanipun Allah semata.
Kanthi niyat ingkang jejeg punika, siam kula lan panjenengan mboten badhe krasa
awrat, nanging malah badhe dados sarana ngresiki dhiri saking noda-noda dosa
ingkang sampun kula lan panjenengan lampahi ing wektu kepungkur.
Jamaah
jumah rahimakumullah
2.
Persiapan ingkang kapindho inggih punika Persiapan
Ati sarta Resik Dhiri.
Ramadhan punika wulan suci, mila kedah dipun tampi
kanthi ati ingkang resik. Sadurungipun kula lan panjenegan nindakake siam,
prayoginipun Nyuwun pangapunten ugi caos pangapunten dhumateng sesami manungsa,
dhateng tiyang sepuh, bojo, anak, sarta tangga teparo. Gusti Allah remen
dhumateng tiyang ingkang gampil paring pangapunten, kados hadits nabi:
وَمَا زَادَ اللَّهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلَّا عِزًّا
"Lan
Gusti Allah ora bakal nambah marang wong kang seneng paring pangapunten kejaba
kemulyaan." (HR.
Muslim).
Saking hadits punika, kula lan panjenengan saged
mendhet piwucal bilih paring pangapunten dhumateng kaluputaning tiyang sanes
mboten badhe ngasoraken drajat kita. Kosok walikipun, Gusti Allah malah badhe
nambah kamulyan lan kaluhuran dhumateng sinten kemawon ingkang nggadhahi manah
jembar kagem paring pangapunten saderengipun dipun suwuni. Menika dados sarana
persiapan batin supados nalika mlebet wulan Ramadhan mangke, kawontenan manah
kula lan panjenengan sampun resik saking raos dendam, saéngga ibadah saged
katampi kanthi sampurna wonten ngarsanipun Allah SWT.Hadirin ingkang dipun
mulyaaken Allah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Sumangga sisa wektu
saderengipun Ramadhan punika kula lan panjenegan gunakaken kagem gladhi
(latihan). Mulai njaga lathi saking ngrasani wong liya, njaga mripat saking
maksiat, lan njaga padharan saking barang ingkang haram. Mugi-mugi kula lan
panjenegan sedaya pinaringan panjang yuswa ingkang barokah, saéngga saged
nglampahi Ramadhan kanthi sampurna lan medal saking wulan kasebat kanthi
kahanan suci kados dene bayi ingkang nembe lair.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
%20(1).png)

Posting Komentar