Teks Khutbah Jumat Singkat
Resep Keluarga Bahagia
Dunya lan Akhirat
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Ing dinten ingkang berkah
menika, kula badhe ngajak panjenengan sedaya sami-sami nggatosaken babagan
ingkang pokok sanget ing gesang Keluarga. Keluarga menika minangka pondasi
utama kauripan. Menawi pondasinipun kiyat, insya Allah kauripan sanesipun ugi
badhe kiyat lan tentrem.
وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا
اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةًۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ
لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ
Artosipun: “ Lan saka
saweneh tanda Yekti Kuasane Allah yaiku Panjenegane wus nitahake tumrap sira
kabeh jodo saka awakira, supaya sira padha tentrem kalawan deweke. Lan
Panjenegane andamel kasenengan lan asih. Satemene kang mengkono iku dadi tanda
Yektine Allah marang wong kang gelem mikir”. (QS. Ar-Ruum:21).
Tiyang kathah ngimpi gadah keluarga
ingkang sakinah, mawaddah, wa rahmah. Nanging, kadospundi caranipun mujudaken
impen menika? Kunci-kunci resep menika, saged dipun ringkes dados tiga (3)
perkawis utami:
1. Dhasaripun Iman
lan Taqwa (Pondasi Spiritual)
Keluarga ingkang bahagia
menika boten namung saking kathahipun bandha utawi dhuwuripun pangkat. Nanging,
dhasaripun inggih menika Iman lan Taqwa.
Pendidikan Agama
ing Keluarga: Tiyang sepuh kedah dados guru ingkang utama. Njagi shalat berjamaah ing
griya, maos Al-Qur'an sesarengan, lan ngajaraken ahlak Rasulullah SAW dhumateng
putra-putri. Menawi imanipun kiyat, godaan donya badhe gampil dipunadhepi.
"Kabeh wong iku
pemimpin, lan kabeh pemimpin iku bakal dijaluki tanggung jawabe marang sing
dipimpin."
(HR. Bukhari lan Muslim).
2. Komunikasi
Inggang Sae (Mu'asyarah Bil Ma'ruf)
Keluarga bahagia menika
rukun lan tentrem amargi wonten komunikasi ingkang sae.
Saling Menghargai
lan Ngajeni:
Tiyang jaler ngajeni
dhumateng garwanipun, semanten ugi garwa ngajeni dhumateng garwanipun. Boten
pareng wonten dendam utawi rasa curiga ingkang ndadosaken boten tentrem.
Rasulullah SAW paring tuladha paling sae anggenipun nggulawentah garwa lan
putra-putri.
وَعَاشِرُوهُنَّ
بِالْمَعْرُوفِ
"...Lan srawungana garwanira
kanthi cara sing patut (bil ma'ruf)…(QS. An-Nisa: 19)
Musyawarah (Rembugan) lan Sabar:
Sedaya perkawis, menapa alit
menapa ageng, dipunrembug kanthi sae. Menawi wonten benten pamanggih, kedah
sabar lan legowo. Sabar menika minangka tiang kiyat ingkang njagi kulawarga
saking paben.
3. Nglampahi Hak
lan Kewajiban kanthi Adil
Keluarga saged harmonis
menawi saben anggota nindakaken hak lan kewajibanipun kanthi adil.
Kewajiban Bapak: Makarya ingkang halal lan
maringi nafkah lahir lan batin. Boten namung nggolek bandha, nanging ugi
maringi wekdal lan perhatian dhumateng keluarga.
Kewajiban Ibu: Njagi kehormatan griya, ngopeni putra-putri,
lan dados madrasah kapisan tumrap lare.
Jamaah jumah rahimakumullah
Intinipun, Resep Keluarga
Bahagia ing Donya lan Akhirat menika sanes teori nanging amal (tumindak). Kula
lan panjenengan kedah nglampahi tigang dhasar menika. Njagi iman, njagi
komunikasi, lan nindakaken kewajiban kanthi adil. Mugi-mugi sedaya keluarga
dipundadosaken keluarga ingkang sakinah, mawaddah, wa rahmah, ingkang pikantuk
berkah saking Allah SWT, lan saged ngempal malih ing Surga Firdaus. Aamiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

Posting Komentar