Teks Khutbah Jumat Singkat
Njagi Katresnan ing Keluarga
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wekdal sakpunika kula lan
panjenegan asring sanget pikantuk infomirsani
rusakipun pasarwungan ing kelurga. Sae informasi langsung saking kiwa
tengen masyarakat, utawi informasi saking media sosial lan televisi. Wonten
kedadosan suami ingkang tumindak kekerasan dhateng istri utawi kosok
wangsulipun istri tumindak kekerasan dateng suami. Wonten malih kedadosan suami
ninggalke estri utawi istri nyuwun pisahan kaliyan suami.
Gusti Allah sampun paring
dhawuh bilih perkawinan menika sanès namung ikatan dunya, nanging wujud saking
Ayat tanda yekti kuaosipun Allah SWT. Ngendika
Allah SWT Ing Qur'an, Surah Ar-Rum, Ayat 21
وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةًۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ
Artosipun: “
Lan saka saweneh tanda Yekti Kuasane Allah yaiku Panjenegane wus nitahake
tumrap sira kabeh jodo saka awakira, supaya sira padha tentrem kalawan deweke.
Lan Panjenegane andamel kasenengan lan asih. Satemene kang mengkono iku dadi
tanda Yektine Allah marang wong kang gelem mikir”. (QS. Ar-Ruum:21).
Jamaah
jumah rahimakumullah
Kanjeng
Nabi Muhammad SAW menika teladan ingkang sae piyambak. Piyambakipun ngajari,
bilih ukuran sae lan botenipun setunggal tiyang menika saged dipuntingali
saking kepripun anggenipun nindakaken pakaryan dhumateng kulawarganipun.
Ngendika Rasulullah:
خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لِأَهْلِهِ، وَأَنَا خَيْرُكُمْ لِأَهْلِي
“Sakbecik- becike sira yaiku sing paling becik srawunge marang keluarga. Lan Ingsun iku wong kang paling becik nyrawungi kelurga”. (HR. Turmudzi).
Jamaah jumah rahimakumullah
Hadits punika redaksinipun
cekak sanget ananging aos ing bab pitutur lan
piwucalipun. Rasulullah paring piwucal dhumateng sedaya kaum muslimin
menggah wigatosipun njagi pasrawungan ingkang sae ing keluarga.
Punapa kemawon piwucal
saking hadits punika?
1. Kangge
Tiyang Kakung (Suami): Suami punika kedah dados pimpinan ingkang tinuladha.
Suami kedah saget ndidik garwa, putra lan ngayomi kanthi tulus lahir bathi.
Ampun dados tiyang kakung ingkang gagah prakosa lan alus ing njaga griya.
Ananging kasar lan atos ing saklebeting keluarga, menika kuwalik lan boten
dipun keparengaken dening agami. Kedahipun ing saklebet keluarga tansah
langkung alus lan sabar dhumateng garwa lan putra-putri.
2. Kangge
Tiyang Estri: Kedah njagi kehormatan lan bandha garwa, sarta andamel griya
dados papan ingkang ngremenaken. Ampun malah sae ing sakjawinipun griya, alus
dateng rencang lan mitra pitepangan ananging malah sembrono lan awon nalika
nyrawungi garwa lan putra.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Mbangun keluarga punika
ibadah ingkang agung, menawi keluarga sae mila saget dados sarana mulyanipun
panggesangan dunya lan akhirat. Ing islam ceta sanget pratana kagem nglampahi
ibadah agung mbangun keluarga punika. Al-quran sampun katah nyerat ayat- ayat
pedoman nglampahi bebrayan ing keluarga. Mekaten ugi wonten ing hadits katah
sanget piwucal nglampahi keluarga, malah sedaya kitab hadist kadosdene shahih
bukhari shahih muslim lan kitab hadis sanesipun andamel bab khusus babagan
keluarga.
Cekak aosipun khatib ngajak
sumangga kula lan panjenegan tansah miderek tuntunan agami ing ndalem nglampahi
ibadah agung mbina keluarga. Mugi kanthi punika Allah tansah andadosaken
keluarga kula lan panjenegan keluarga ingkang minulya ing donya lan akhirat.
Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

Posting Komentar