Teks Khutbah Jumat Singkat

Njagi Katresnan ing Keluarga

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wekdal sakpunika kula lan panjenegan asring sanget pikantuk infomirsani  rusakipun pasarwungan ing kelurga. Sae informasi langsung saking kiwa tengen masyarakat, utawi informasi saking media sosial lan televisi. Wonten kedadosan suami ingkang tumindak kekerasan dhateng istri utawi kosok wangsulipun istri tumindak kekerasan dateng suami. Wonten malih kedadosan suami ninggalke estri utawi istri nyuwun pisahan kaliyan suami.

Gusti Allah sampun paring dhawuh bilih perkawinan menika sanès namung ikatan dunya, nanging wujud saking Ayat tanda yekti kuaosipun Allah SWT.  Ngendika Allah SWT Ing Qur'an, Surah Ar-Rum, Ayat 21

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةًۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ

Artosipun: “ Lan saka saweneh tanda Yekti Kuasane Allah yaiku Panjenegane wus nitahake tumrap sira kabeh jodo saka awakira, supaya sira padha tentrem kalawan deweke. Lan Panjenegane andamel kasenengan lan asih. Satemene kang mengkono iku dadi tanda Yektine Allah marang wong kang gelem mikir”. (QS. Ar-Ruum:21).

Jamaah jumah rahimakumullah

Kanjeng Nabi Muhammad SAW menika teladan ingkang sae piyambak. Piyambakipun ngajari, bilih ukuran sae lan botenipun setunggal tiyang menika saged dipuntingali saking kepripun anggenipun nindakaken pakaryan dhumateng kulawarganipun. Ngendika Rasulullah:

خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لِأَهْلِهِ، وَأَنَا خَيْرُكُمْ لِأَهْلِي

“Sakbecik- becike sira yaiku sing paling becik srawunge marang keluarga. Lan Ingsun iku wong kang paling becik nyrawungi kelurga”. (HR. Turmudzi).

Jamaah jumah rahimakumullah

Hadits punika redaksinipun cekak sanget ananging aos ing bab pitutur lan  piwucalipun. Rasulullah paring piwucal dhumateng sedaya kaum muslimin menggah wigatosipun njagi pasrawungan ingkang sae ing keluarga.

Punapa kemawon piwucal saking hadits punika?

1.      Kangge Tiyang Kakung (Suami): Suami punika kedah dados pimpinan ingkang tinuladha. Suami kedah saget ndidik garwa, putra lan ngayomi kanthi tulus lahir bathi. Ampun dados tiyang kakung ingkang gagah prakosa lan alus ing njaga griya. Ananging kasar lan atos ing saklebeting keluarga, menika kuwalik lan boten dipun keparengaken dening agami. Kedahipun ing saklebet keluarga tansah langkung alus lan sabar dhumateng garwa lan putra-putri.

2.      Kangge Tiyang Estri: Kedah njagi kehormatan lan bandha garwa, sarta andamel griya dados papan ingkang ngremenaken. Ampun malah sae ing sakjawinipun griya, alus dateng rencang lan mitra pitepangan ananging malah sembrono lan awon nalika nyrawungi garwa lan putra.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mbangun keluarga punika ibadah ingkang agung, menawi keluarga sae mila saget dados sarana mulyanipun panggesangan dunya lan akhirat. Ing islam ceta sanget pratana kagem nglampahi ibadah agung mbangun keluarga punika. Al-quran sampun katah nyerat ayat- ayat pedoman nglampahi bebrayan ing keluarga. Mekaten ugi wonten ing hadits katah sanget piwucal nglampahi keluarga, malah sedaya kitab hadist kadosdene shahih bukhari shahih muslim lan kitab hadis sanesipun andamel bab khusus babagan keluarga.

Cekak aosipun khatib ngajak sumangga kula lan panjenegan tansah miderek tuntunan agami ing ndalem nglampahi ibadah agung mbina keluarga. Mugi kanthi punika Allah tansah andadosaken keluarga kula lan panjenegan keluarga ingkang minulya ing donya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini

Post a Comment

أحدث أقدم