Teks Khutbah Jumat Singkat

Resep Keluarga Bahagia

Dunya lan Akhirat

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Ing dinten ingkang berkah menika, kula badhe ngajak panjenengan sedaya sami-sami nggatosaken babagan ingkang pokok sanget ing gesang Keluarga. Keluarga menika minangka pondasi utama kauripan. Menawi pondasinipun kiyat, insya Allah kauripan sanesipun ugi badhe kiyat lan tentrem.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةًۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ

Artosipun: “ Lan saka saweneh tanda Yekti Kuasane Allah yaiku Panjenegane wus nitahake tumrap sira kabeh jodo saka awakira, supaya sira padha tentrem kalawan deweke. Lan Panjenegane andamel kasenengan lan asih. Satemene kang mengkono iku dadi tanda Yektine Allah marang wong kang gelem mikir”. (QS. Ar-Ruum:21).

 Jamaah jumah rahimakumullah

Tiyang kathah ngimpi gadah keluarga ingkang sakinah, mawaddah, wa rahmah. Nanging, kadospundi caranipun mujudaken impen menika? Kunci-kunci resep menika, saged dipun ringkes dados tiga (3) perkawis utami:

1. Dhasaripun Iman lan Taqwa (Pondasi Spiritual)

Keluarga ingkang bahagia menika boten namung saking kathahipun bandha utawi dhuwuripun pangkat. Nanging, dhasaripun inggih menika Iman lan Taqwa.

Pendidikan Agama ing Keluarga: Tiyang sepuh kedah dados guru ingkang utama. Njagi shalat berjamaah ing griya, maos Al-Qur'an sesarengan, lan ngajaraken ahlak Rasulullah SAW dhumateng putra-putri. Menawi imanipun kiyat, godaan donya badhe gampil dipunadhepi.

  Dawuh Nabi SAW:

"Kabeh wong iku pemimpin, lan kabeh pemimpin iku bakal dijaluki tanggung jawabe marang sing dipimpin." (HR. Bukhari lan Muslim).

2. Komunikasi Inggang Sae (Mu'asyarah Bil Ma'ruf)

Keluarga bahagia menika rukun lan tentrem amargi wonten komunikasi ingkang sae.

Saling Menghargai lan Ngajeni:

Tiyang jaler ngajeni dhumateng garwanipun, semanten ugi garwa ngajeni dhumateng garwanipun. Boten pareng wonten dendam utawi rasa curiga ingkang ndadosaken boten tentrem. Rasulullah SAW paring tuladha paling sae anggenipun nggulawentah garwa lan putra-putri.

وَعَاشِرُوهُنَّ بِالْمَعْرُوفِ

"...Lan srawungana garwanira kanthi cara sing patut (bil ma'ruf)…(QS. An-Nisa: 19)

Musyawarah (Rembugan) lan Sabar:

Sedaya perkawis, menapa alit menapa ageng, dipunrembug kanthi sae. Menawi wonten benten pamanggih, kedah sabar lan legowo. Sabar menika minangka tiang kiyat ingkang njagi kulawarga saking paben.

3. Nglampahi Hak lan Kewajiban kanthi Adil

Keluarga saged harmonis menawi saben anggota nindakaken hak lan kewajibanipun kanthi adil.

Kewajiban Bapak: Makarya ingkang halal lan maringi nafkah lahir lan batin. Boten namung nggolek bandha, nanging ugi maringi wekdal lan perhatian dhumateng keluarga.

Kewajiban Ibu:  Njagi kehormatan griya, ngopeni putra-putri, lan dados madrasah kapisan tumrap lare.

Jamaah jumah rahimakumullah

Intinipun, Resep Keluarga Bahagia ing Donya lan Akhirat menika sanes teori nanging amal (tumindak). Kula lan panjenengan kedah nglampahi tigang dhasar menika. Njagi iman, njagi komunikasi, lan nindakaken kewajiban kanthi adil. Mugi-mugi sedaya keluarga dipundadosaken keluarga ingkang sakinah, mawaddah, wa rahmah, ingkang pikantuk berkah saking Allah SWT, lan saged ngempal malih ing Surga Firdaus. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini

Post a Comment

أحدث أقدم