Teks Khutbah Jumat Singkat
Mangayubagya Warsa Enggal
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ
اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ
اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi
kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi
akhirat. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mboten keraos ing siang punika
kula lan panjenengan sampun mlebet ing warsa enggal 1447 H. Kanthi rawuhipun
warsa enggal 1447 H artosipun jatah umur kula lan panjenegan sudo setunggal
tahun. Mila Kalebet salah setunggal pokok ajaran islam injih punika dhawuh
ningkataken kesaenan saben tambah warsa. Islam paring piwucal dhumateng kula
lan panjenengan bilih dinten sakpunika kedahipun langkung sae tinimbang dinten
wingi, lan dinten benjang kedahipun tansaya tambah sae tinimbang dinten
sakpunika. Ngendika Allah:
وَٱلَّذِينَ جَٰهَدُواْ فِينَا لَنَهۡدِيَنَّهُمۡ سُبُلَنَاۚ وَإِنَّ ٱللَّهَ
لَمَعَ ٱلۡمُحۡسِنِينَ
“Lan wong- wong kang pada
temen ana ing dalane Ingsun, yekti bakal ingsung tuduhake marang dalan Ingsun.
Lan satemene Allah iku bebarengan marang wong kang pada tumindhak becik”. (QS. Al- Ankabut: 69).
Imam Fakhruddin ar-Razi
ngendika: “Ayat iku pinangka janji lan jaminan saka ngarsaning Allah menawa ana
ganjaran kang utama tumrap wong- wong kang temen anggone nindakake kabecikan.
Allah bakal nuduhake dalan kang lurus/ dalan hidayah tumrap wong- wong kang
nduweni semangat ningkatake amal kabecikane”.
Tiyang -tiyang ingkang tansah
usaha ningkataken kesaenan lan ketaatan dhumateng Allah SWT estu badhe pikantuk
kabegjan ing panggesanganipun. Amargi
Allah remen sanget dhumateng kawulanipun ingkang tansah sengkuyung ing margi
kesaenan lan ketaatan.
Ngendika Rasulullah:
خَيْرُ النَّاسِ مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ وَشَرُّ النَّاسِ مَنْ
طَالَ عُمْرُهُ وَ سَاءَ عَمَلُهُ
“Manungsa kang paling utama
yaiku kang umure dawa lan becik tumindhake, lan manungsa kang paling nista
yaiku kang dawa umure lan ala tumindhake” (HR. At- Tirmidzi).
Jamaah jumah rahimakumullah
Kathi punika
khatib ngajak sumangga wonten ing warsa enggal punika kula lan panjenengan
sesarengan ningkataken sedaya amal kesaenan kadosdene:
1.
Ningkataken
semangat ngudi ilmu
Perkawis paling pokok ingkang kedhah kula lan
panjenegan tingkataken ing saben wekdal inggih punika ngudi kawruh ilmu,
langkung- langkung ilmu agami. Amargi kanthi ilmu kula lan panjenengan badhe
pinaringan bimbingan tumuju margi ingkang dipun ridhai Allah. Kanthi ilmu kula
lan panjenengan badhe pinaringan kautama- kautaman ingkang katah. Ngendika
Allah:
يَرْفَعِ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ مِنكُمْ
وَٱلَّذِينَ أُوتُوا۟ ٱلْعِلْمَ دَرَجَٰتٍ ۚ وَٱللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
“Allah bakal ngluhurake para wong mukmin saka sira
kabeh, apa dene wong kang kaparingan ilmu kalawan pirang- pirang derajat. Lan
Allah iku Maha Waspada marang apa wae kang sira tindakake”. (QS. Al- Mujaadilah:11).
Syaikh
Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di ngendika: “Ing ayat iku ana keterangan kang
nyata kautaman ilmu, Allah bakal ngluhurake wong kang ngudi ilmu banjur
ngamalake ilmu kanthi nindakake hak- hak ilmu, uga mlaku kanthi adab- adab kang
didawuhake agama”.
Wonten ing
tafsir al- wajiz dipun ngendikaaken: “Allah bakal ngluhurake derajate para
ulama lan wong- wong kang ngudi ilmu kathi kamulyan ana ing donya lan akhirat”.
2.
Ningkataken
kualitas amal ibadah
Perkawis saklajengipun ingkang wigatos tumrap kula
lan panjenegan inggih punika ningkataken kualitas amal ibadah. Ningkataken
kualitas ibadah inggih punika nglampahi ibadah kanthi lahir bathin utawi ngibadah
ingkang sakestu. Artosipun nindakaken amal punika boten sekedar ngesahaken
utawi ngguguraken kewajiban kemawon. Ananging kedah dipun lampahi kanthi sae
miterat tuntunan syarat, rukun lan sedaya ketentuan ibadah. Contohipun:
nindakaken shalat punika kedah dipun jagi tuma’ninah, khusyuk ugi sedaya
syarat, rukun lan ketentuan shalat. Ngendika Allah:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
“He para wong mukmin, sira padha taqwaa marang Allah
kalawan sajatining taqwa, lan aja padha mati kejaba mati ana ing islam”. (QS. Ali- Imran:102)
3.
Nebihi
sedaya tumindhak maksiat
Muslim ingkang
estu punika boten sekedar sregep nindhakaken amal kesaenan, ananging ugi kedah
nebihi sedaya lampah maksiyat. Maksiat manah, maksiat lisan, maksiat paningal,
maksiat talinga lan sedaya maksiat anggota badan kedah dipun tebihi. Artosipun
sedaya lampah maksiat ingkang saget ndumugiaken dosa ageng lan dosa alit kedah
dipun tebihi. Amargi syarat pokok minulyanipun manungsa punika menawi saget
nebihi sedaya lampah maksiat. Ngendika Allah:
إِن تَجْتَنِبُوا۟ كَبَآئِرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ
نُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّـَٔاتِكُمْ وَنُدْخِلْكُم مُّدْخَلًا كَرِيمًا
“Menawa sira padha angedohi laku dosa- dosa gede
kang sira pancen padha dicegah anindhakake, yekti Ingsun bakal anutup/ anglebur
kaluputanira kang cilik, lan bakal anglebokake sira kabeh ana ing papan kang
minulya”. (QS.An- Nisa:31).
Jamaah jumah rahimakumullah
Akhiripun sumangga kula lan panjenengan ngginaaken
amanah yuswa ingkang tasih kaparingaken wonten ing warsa enggal punika kanthi
nyaket dhumateng Allah. Mugi Allah tansah paring taufiq satemah kula lan
panjenegan kalebet umatipun ingkang pikantuk kamulyan panggesangan ing donya
lan akhirat. Aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
إرسال تعليق