Teks Khutbah Jumat Singkat

Kautaman Wulan Muharram

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Muharram punika wulan sepisanan ing kalender hijriyah utawi kalender islam. Muharram punika artosipun suci utawi kinurmatan, dipun sebat wulan muharram amargi katah sanget kautaman wonten ing saklebetipun wulan punika. Allah Subhanahu Wata’ala   Ngendika:

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ

Satemene wilangan sasi mungguhing Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus kapacak ana ing kitabe Allah, wiwit tumitahing langit lan bumi, ing antarane yaiku sasi papat kang mulya (Dzulkaidah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab) kang mengkono iku agama kang bener… “ (QS. At Taubah;36)

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten mimbar khutbah jumat siang punika kepareng badhe khatib aturaken seperangan kautaman wulam muharram.

1.   Wonten ibadah minulya inggih punika pasa asyura (10 muharram)

Rasulullah ngendika:

أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ وَأَفْضَلُ الصَّلاَةِ بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلاَةُ اللَّيْلِ

Pasa kang paling afdhal sakwuse pasa ramadhan yaiku pasa ing wulan muharram. Lan shalat kang paling afdhal sakwuse shalat wajib yaiku shalat wengi. (HR. Muslim no. 1163).

Imam Nawawi –rahimahullahngendika:“Hadits iku mujudake dhawuh menawa wulan muharram iku wulan kang afdhal kanggo nindakake pasa.” (Syarh Shahih Muslim, 8: 55)

Ing hadits sanes Abu Qatadah ngriwayataken bilih nabi ngendika:

قَالَ وَسُئِلَ عَنْ صَوْمِ يَوْمِ عَاشُورَاءَ فَقَالَ : يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ

Nabi shallallahu ’alaihi wa sallam ditakoni bab pasa asyura, panjenengane ngendika: pasa asyura iku nglebur dosa setahun kapungkur”. (HR. Muslim no. 1162).

2.      Kedadosan wigatos ing wulan Muharram

a)     Nabi Adam a.s lan Hawa dipun cipta denging Allah Subhanahu Wata’ala  wonten ing wulan Muharram. Lan wonten ing wulan Muharram ugi Allah Subhanahu Wata’ala  paring ampunan dhateng Adam lan Hawa saksampunipun Adam lan Hawa dipun dukani Allah Subhanahu Wata’ala  amargi nyelaki wit khuldi ingkang dipun awisi Allah.

b)     Allah Subhanahu Wata’ala  nylametaken nabi Nuh a.s lan sedaya penderekipun saking banjir bandang wonten ing wulan Muharram.

c)      Allah Subhanahu Wata’ala  nylametaken nabi Ibrahim a.s. nalika dipun obong namrud wonten ing wulan Muharram.

d)     Nabi Yusuf a.s. dipun bebasaken saking pakunjaran wonten ing wulan Muharram

e)     Wonten ing wulan Muharram Allah Subhanahu Wata’ala  paring kesehatan dhateng nabi Ayub saking penyakitipun.

f)       Wonten ing wulan Muharram Allah Subhanahu Wata’ala  nurunaken kitab Taurat dhateng nabi Musa a.s. Lan wonten ing wulan Muharram ugi Allah Subhanahu Wata’ala  nylametaken Musa lan penderekipun saking Firaun kanthi Allah Subhanahu Wata’ala  nglelepaken firaun wonten ing laut merah.

g)     Nabi Yunus a.s. slamet saget medal saking weteng iwak nun wonten ing wulan Muharram

h)     Nabi Muhammad hijrah saking Makkah tumuju Madinah wonten ing wulan Muharram.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenegan tansah mulyaaken wulan Muharram punika kanthi ngatah- ngatahi amal kesaenan. Mugi Allah tansah paring kamulyan panggesangan dhumateng kula lan panjenengan wonten ing dunya lan akhirat. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini 




Post a Comment

أحدث أقدم