Teks Khutbah Jumat Singkat

Tambah Yuswo Tambah Taat

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.

Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wekdal punika kula lan panjenengan sampun wonten akhir wulan Dzulhijjah pungkasan warsa 1446 H. Menawi dipun gatosaken kanyata wekdal punika lumampah cepet sanget. Raosipun nembe kemawon kula lan panjenengan mlebet warsa enggal 1446 H, nindhakaken ibadah shiyam ing wulan ramadhan, nindhakaken ibadah qurban banjur samenika sampun paripurna warsa 1446 H. Ngendika Allah SWT:

اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۙ

“Satemene ana ing tumitahing langit lan bumi lan beda bedaning rina kalawan wengi iku dadi tanda yektine Allah tumrap wong- wong kang nduweni akal” (QS. Ali Imran: 190).

Jamaah jumah rahimakumullah

Kula lan panjenengan kaum muslimin kedahipun ngginaaken wekdal kanthi sae, ampun ngantos wekdal telas kagem perkawis ingkang boten manfaat. Tiyang ingkang boten saget ngginaaken wekdal kanthi sae esthu badhe pikantuk kapitunan lan kacilakan. Ngendika Allah SWT:

وَالْعَصْرِۙ ۝١ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍۙ ۝٢

“Demi wektu. Satemene manungsa iku ing ndalem kapitunan…” (QS. AL- ‘Asr 1-2).

Para ahli tafsir sami paring pangandikan bilih tiyang ingkang boten saget ngginaaken wekdal kagem ngatah- ngatahi amal shalih lan tumindhak kabecikan punika badhe manggih kapitunan ing donya lan akhirat. Mila supados kula lan panjenengan saget manggih kamulyan Rasulullah paring piwucal wigatosipun ngginaaken wekdal kanthi sae. Ngendika rasulullah :

اِغْتَنِمْ خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ : شَبَابَكَ قَبْلَ هَرَمِكَ وَ صِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ وَ غِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ وَ فَرَاغَكَ قَبْلَ شَغْلِكَ وَ حَيَاتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ

 

“Gunakna limang perkara sakdurunge teka limang perkara: wektu enomu sadurunge wektu tuamu, wektu sehatmu sadurunge wektu laramu, wektu sugihmu sadurunge wektu mlaratmu, wektu luangmu sadurunge wektu sempitmu, wektu uripmu sadurunge teka patimu”. (HR. Al Hakim).

 Jamaah jumah rahimakumullah

Kathi punika ing pungkasan warsa 1446 H punika sumangga kula lan panjenengan tansah koreksi diri. Kadospundi lampah kula lan panjenegan sakdangunipun setunggal warsa kapengker. Mugi kanthi koreksi diri, ing warsa ingkang badhe dhateng kula lan panjenegan saget ningkataken ketaatan dhumateng Allah. Amargi kalebet tandha- tandha tiyang ingkang kaparingan kamulyan inggih punika menawi tambah yuswa mila tambah taat dhumateng Allah SWT.

Ngendika Rasulullah :

خَيْرُكُمْ مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ

“Sakbecik- becike sira kabeh yaiku wong kang dawa umure lan apik amal tumindhake…”. (HR. Turmudzi).

Jamaah jumah rahimakumullah

Cekak aosipun sumangga kula lan panjenengan tansah ningkataken ketaatan dhumateng Allah SWT. Mugi kula lan panjenengan tansah kalebet golonganipun tiyang- tiyang ingkang manggih kamulyan panggesangan ing donya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini 


Post a Comment

أحدث أقدم