Teks Khutbah Jumat Singkat

Piwucal Saking

Kemenangan Timnas Indonesia

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

.

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur namung kagunganipun Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kemenangan Timnas Sepak Bola Indonesia wonten ing babak final FIFA ASEAN Cup boten namung dados catetan sejarah olahraga, nanging uga dados pasinaon ingkang lebet kagem panggesangan kula lan panjenengan saben dinten. Manawi katitik kanthi premati, suksesipun para pemain ing lapangan kasebat boten tuwuh saking kebetulan kemawon. Kemenangan menika wohing saking padunungan taktik ingkang mateng, disiplin ingkang katuntun, kapercayan dhiri, lan kerja keras ingkang boten kenal lelah. Prastawa menika paring gambaran cetha bilih saben gegayuhan ingkang ageng ing donya menika mbetahaken perpaduan ingkang seimbang antaraning ikhtiar fisik ingkang maksimal lan panuntun spiritual ingkang kukuh.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing kalodhangan ingkang mulya menika, khatib ngajak sumangga kula lan panjenegan mundhut kalih piwucal wigati saking kemenangan Timnas Sepak Bola Indonesia kagem panggesangan kula lan panjenengan:

1. Ngiyataken Keyakinan dhumateng Allah SWT

Gesang wonten ing donya menika kados dene lelomban utawi pertandingan ingkang kebak godha lan tantangan. Nalika para pemain mlebet ing lapangan, piyambakipun sedaya gadhah kapercayan dhumateng kemampuan lan pandonga. Nanging wonten ing saknginggilipun sedaya ikhtiar, iman lan kapercayan dhumateng Allah SWT ingkang dados kunci paling utama. Tiyang ingkang gadhah keyakinan utuh dhumateng Allah SWT boten bakal gampil goyah utawi ajrih nalika ngadhepi tantangan utawi alangan menapa kemawon. Kados dene firmanipun Allah SWT wonten ing Surah Ali 'Imran ayat 160:

إِنْ يَنْصُرْكُمُ اللَّهُ فَلَا غَالِبَ لَكُمْ ۖ وَإِنْ يَخْذُلْكُمْ فَمَنْ ذَا الَّذِي يَنْصُرُكُمْ مِنْ بَعْدِهِ ۗ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ

"Yen Allah menangake sira, ora ana sing bisa ngalahake sira. Nanging yen Allah ninggalake sira, sapa sing bisa nulungi sira sakwuse Iku? Lan mung marang Allah wong-wong sing beriman kudu pasrah (tawakal)."

2. Ngiyataken Ikhtiar sarta Mboten Gampil Putus Asa

Kemenangan wonten ing saklebeting gesang menika boten saget dipungayuh menawi kula lan panjenengan namung saderma ngendelake angen-angen. Kula lan panjenengan mbetahaken semangat ingkang murub sarta boten gampil putus asa. Senajan wonten ing tengahing pertandingan ketingal awrat, sifat pantang menyerah menika ingkang nemtokaken hasil pungkasan. Tiyang ingkang terus ikhtiar lan pantang menyerah insya Allah bakal manggih margi kemenangan ingkang sampun dijanjekaken dening Allah SWT. Rasulullah SAW nate paring dawuh bab pentingipun semangat lan boten gampil putus asa:

الْمُؤْمِنُ الْقَوِيُّ خَيْرٌ وَأَحَبُّ إِلَى اللَّهِ مِنَ الْمُؤْمِنِ الضَّعِيفِ، وَفِي كُلٍّ خَيْرٌ، احْرِصْ عَلَى مَا يَنْفَعُكَ، وَاسْتَعِنْ بِاللَّهِ وَلَا تَعْجَزْ

"Wong mukmin sing kuat iku luwih apik lan luwih disenengi dening Allah tinimbang wong mukmin sing ringkih, senajan kaloro-lorone padha nduweni kabecikan. Semangata marang perkara sing nggawa manfaat kanggo sira, nyawisno pitulung marang Allah, lan aja pisan-pisan sira gampang putus asa." (HR. Muslim).

Jamaah jumah rahimakumullah

Saking andharan kasebat, saged dipunpundhut kesimpulan bilih kemenangan lan suksesipun panggesangan kula lan panjenengan dumunung wonten ing kaseimbangan antaraning kapercayan bathin lan pakaryan dunya. Pramila, sumangga kula lan panjenengan tansah ngiyataken keyakinan sarta ketaqwaan dhumateng Allah SWT ing saben lampahing gesang, lan ugi boten kendhat anggenipun ngupadaya kanthi ikhtiar ingkang maksimal sarta boten gampil putus asa nalika ngadhepi mawarni-warni ujian.

Pungkasaning atur, mugi-mugi Allah SWT tansah paring pitulung, kekiatan, lan katetepan iman dhumateng kula lan panjenengan sedaya saengga saged ngayahi saben pacoban ing donya menika lan amanggih kabagyan sarta kemenangan ingkang sejati wonten ing dunya ngantos akhirat.

 

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم