Teks Khutbah Jumat Singkat

Nyegah Tumindak Bunuh Diri

 Nalika Ngadhepi Ujian

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wekdal ingkang kapungkur, kula lan panjenengan mireng kabar ingkang miris sanget ing manah. Wonten ing salah setunggal kabupaten, kedadosan kasus bunuh diri ngantos ambal kaping kalih ing wekdal ingkang celak. Kabar punika boten namung ndamel ngelus dada, nanging ugi dados pènget ageng tumrap kula lan panjenengan minangka umat Islam lan warga masyarakat.

Saben manungsa ingkang gesang ing donya punika boten bakal ucul saking ujian lan cobaan. Menapa punika rupa masalah ekonomi, penyakit, utawi sesambungan ing kulawarga. Nanging, islam sampun paring piwucal bilih ujian punika pinangka sarana kagem ngiyataken iman, boten malah dados sarana bunuh diri. Allah SWT sampun ngendika ing Al-Qur'an (QS. An-Nisa: 29):

وَلَا تَقْتُلُوا أَنْفُسَكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيمًا

"Lan aja sira mateni dhiriira dhewe; sejatine Allah iku Maha Welas Asih marang sira."

Ayat punika minangka bukti lan pènget ageng bilih Allah SWT punika Maha Welas Asih marang sedaya hamba-Nipun. Katresnan lan welas asihipun Allah punika wiyar sanget, ngluwahi sedaya cobaan ingkang nembe kula lan panjenengan adhepi. Wujud welas asihipun Allah punika uga katingal saking janji-Ipun ing sajroning Al-Qur'an, bilih Allah boten pisan-pisan maringi ujian lan cobaan ingkang ngluwihi wates kekuwatan manungsa (la yukallifullahu nafsan illa wus'aha). Punapa mawon masalah ingkang kraos awrat ing mripat lan pikiran kula lan panjenengan, sejatosipun Allah sampun ngukur lan ngawuningani bilih jiwa kula lan panjenengan punika panci kiyat lan sanggup kagem ngandhepi ujian kasebat.

Jamaah ingkang dipun mulyaaken Allah,

Wonten tigang piwucal ingkang kedah kula lan panjenengan gatosaken supados kulawarga lan lingkungan tebih saking tumindak putus asa lan bunuh diri:

1.      Ingkang Kapisan: Nyinau Bilih Nyawa punika Amanah. Nyawa lan raga ingkang dipun gadhahi dening kula lan panjenengan punika murni titipan saking Gusti Allah. Kula lan panjenengan boten gadhah hak kagem ngrusak utawi pungkasi gesang piyambak. Tumindak bunuh diri punika klebu dosa ageng amargi nglanggar hakekat amanah kasebat.

2.      Ingkang Kapindho: Larangan Putus Asa saking Rahmatipun Allah. Nalika masalah krasa awrat sanget, kula lan panjenengan kedah enget bilih rahmah lan pitulungipun Allah punika tanpa wates. Boten wonten masalah ingkang boten wonten solusinipn. Allah SWT ngendika ing sajroning Surat Al-Insyirah ayat 5-6:

فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا - إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا

"Mula satemene bebarengan karo kangelan iku ana perkara gampang (pitulungan). Satemene bebarengan karo kangelan iku ana perkara gampang (pitulungan). (Al-Insyirah ayat 5-6)

3.      Ingkang Kaping Tiga: Peran Srawung lan Peduli Marang Sesami. Asringipun tiyang ingkang nggadhahi niat bunuh diri punika amargi rumaos piyambakan lan boten wonten ingkang mireng sambatipun. Minangka tangga, kanca, lan kulawarga, sumangga kula lan panjenengan langkung peka. Menawi wonten sadhèrèk ingkang ketingal murung, bingung, utawi depresi, sumangga paring panyengkuyung, dipun mirengaken sambatipun, lan dipun ajak nyaket dhateng Allah.

Jamaah ingkang minulya,

Pungkasaning atur,Sumangga kula lan panjenengan tansah nyaketaken dhiri ing ngarsa-Ipun Allah SWT sarta nanamaken keyakinan ingkang kukuh ing sajroning manah, bilih boten wonten satunggal ujian ingkang dipun paringaken tanpa wonten jalan keluar lan solusinipun. Menawi beban ing pundhak kraos awrat sanget lan pikiran kraos buntu, ampun pisan-pisan milih margi ingkang dipun murkai Allah, nanging gelar sajadah lan pasrahaken sedaya muatan jiwa ing ngarsa-Ipun Allah. Wonten ing saben sujud lan donga, kedhah wonten pengajeng- ajeng bilih Allah mesthi paring margi lan paring Kabul sedaya panyuwunan lan tangis kula panjenegan.

Mugi-mugi kulawarga sarta masyarakat kula lan panjenengan sedaya tansah pinaringan kiyating iman, ketentreman jiwa, lan dipuntebihaken saking raos putus asa nalika ngadhepi mawarni-warni ujianing gesang. Mugi Allah SWT tansah njaga lan nuntun jangkah kula lan panjenengan wonten ing margi ingkang dipun ridhani. Amin ya Rabbal 'Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama