Teks Khutbah Jumat Singkat
Jawaban Allah Saking Doa-doa
Kula lan Panjenengan
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika,
khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Setunggal
perkawis igkang dados kewajiban kula lan panjenegan inggih menika ngatah-
ngatahi doa. Ngendika Allah wonten
ing Al-Qur'an Surat Ghafir ayat 60:
وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُونِي أَسْتَجِبْ لَكُمْ
Artosipun: "Lan Pangeranmu wis dhawuh: 'Ndonga
sira marang Ingsun, yekti Ingsun bakal ngabulake kanggo sira'."
Ayat menika dados dhasar ingkang kiyat bilih saben
panyuwunan ingkang dipun-unjukaken dening hamba dhumateng Pangeranipun mesthi
dipun-mirengaken.
Jamaah jumah rahimakumullah
Nanging,
kadhakala wonten pitakenan ingkang tuwuh wonten ing sanubari kula lan
panjenengan nalika ngadhepi pacobaning urip, "Aku wis suwe ndonga, awan
lan wengi wis nyenyuwun, nanging kenapa dongaku durung dikabulake dening
Allah?" Rasa mutung utawi putus asa
menika kadhang kala njalari kula lan panjenengan males lan kendho anggenipun
ndonga. Pangertosan ingkang kados mekaten menika kedah kula lan panjenengan
lurusaken. Satuhune, sedaya doa ingkang dipunpanjataken dening tiyang mukmin
menika mesthi dipunijabahi (dipunjawab) dening Allah SWT. Mboten wonten
doa ingkang muspra utawi ilang tanpa teges.
Babagan menika dipunjelasaken dening Kanjeng Nabi
Muhammad SAW wonten ing hadits shahih ingkang dipun-riwayataken dening Imam
Ahmad lan Imam Tirmidzi. Mekaten ungelipun teks Arab saking hadits kasebat:
مَا مِنْ مُسْلِمٍ
يَدْعُو بِدَعْوَةٍ لَيْسَ فِيهَا إِثْمٌ وَلَا قَطِيعَةُ رَحِمٍ إِلَّا أَعْطَاهُ
اللهُ بِهَا إِحْدَى ثَلَاثٍ: إِمَّا أَنْ تُعَجَّلَ لَهُ دَعْوَتُهُ، وَإِمَّا
أَنْ يَدَّخِرَهَا لَهُ فِي الْآخِرَةِ، وَإِمَّا أَنْ يَصْرِفَ عَنْهُ مِنَ السُّوءِ
مِثْلَهَا
Artosipun: "Ora ana sawijining muslim sing
ndonga marang Allah kanthi doa sing ora ngemot dosa lan ora medhot silaturahmi,
kajaba Allah bakal paring salah siji saka telung perkara: (1) Dikabulake
dongane kanthi cepet ing donya, (2) Disimpen dongane minangka ganjaran ing
akhirat, utawa (3) Dipalingake saka musibah utawa bala’. (HR. Ahmad lan
Tirmidzi).
Jamaah jumah rahimakumullah
Hadis punika pinangka keterangan bilih Allah paring
jawaban saking doa- doa kula lan panjenegan kanthi tigang cara:
1. Dipunkabulaken Kanthi Langsung (Kontan ing Donya)
Wujud ingkang kapisan inggih menika punapa ingkang
kula lan panjenengan suwun, langsung dipunparingaken dening Allah wonten ing
donya. Kula lan panjenengan nyuwun rizki, Allah paring kelancaran. Kula lan
panjenengan nyuwun kesarasan, Allah paring kasarasan. Menika wujud ijabah
ingkang paling cetha lan saged kula lan panjenengan raosaken kanthi langsung.
2. Disimpen Minangka Tabungan Ganjaran ing Akhirat
Wujud ingkang kaping kalih menika asring mboten kula
lan panjenengan sadari. Kadhakala kula lan panjenengan nyuwun samubarang ing
donya, nanging Allah mboten paring wekdal menika. Menapa Allah pelit? Mboten!
Allah pirsa bilih menawi panyuwunan kasebat
dipunparingaken ing donya, mbok bilih saged ndadosaken kula lan panjenengan
rusak utawi kesupen. Pramila, Allah gentos panyuwunan kasebat dados pahala lan
kebecikan ingkang dipuntabung wonten ing akhirat.
Wonten ing hadits riwayat Imam Al-Hakim,
dipunjelasaken bilih benjang ing dinten kiyamat, wonten hamba ingkang
dipuntimbali dening Allah banjur dipuntedahaken sedaya doa-doanipun ingkang
riyin mboten kelakon ing donya, nanging jebul dipungentos dening Allah dados
ganjaran ingkang ageng sanget ing akhirat.
Nalika ningali agengipun pahala kasebat, wonten
setunggal hamba ngantos matur: "Duh, umpama wae biyen ora ana
siji-sijia doaku sing dikabulake kontan ing donya (amarga ndeleng gedhene
pahala tabungan doa ing akhirat)." (HR. Al-Hakim).
3. Dipuntebihaken saking Bebaya (Musibah) ingkang
Sepadan
Wujud ingkang kaping tiga inggih menika Allah gantos
doa kula lan panjenengan kanthi nylametaken kula lan panjenengan saking bebaya
utawi musibah ingkang sepadan, ingkang sejatine bakal ngenani kula lan
panjenengan.
Umpaminipun, kula lan panjenengan ndonga nyuwun
supados pikantuk proyek utawi pakaryan tartamtu, nanging mboten kasil. Kula lan
panjenengan sedhih. Kamangka, ing wekdal ingkang sami, Allah nylametaken kula
lan panjenengan utawi kulawarga kula lan panjenengan saking kacilakan, lelara
ingkang awrat, utawi fitnah tanpa kula lan panjenengan mangertosi. Allah gantos
panyuwunan kula lan panjenengan kanthi perlindungan.
Pramila, mboten wonten alesan kagem kula lan
panjenengan sedaya kagem kendho utawi mutung anggenipun ndonga. Ndonga menika
mboten namung sekedar nyuwun, nanging ndonga menika mujudaken ibadah.
Nalika kula lan panjenengan ndonga, kula lan
panjenengan nembe ngakeni bilih kula lan panjenengan menika ringkih lan butuh
dhumateng Dzat Ingkang Maha Kuwasa. Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya
dipunparingi istiqamah kagem tansah nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, lan tansah
ridha dhumateng sedaya wujud jawaban ingkang sampun dipungarisaken dening Allah
SWT.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

Posting Komentar