Teks Khutbah Jumat Singkat

Jawaban Allah Saking Doa-doa

Kula lan Panjenengan

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Setunggal perkawis igkang dados kewajiban kula lan panjenegan inggih menika ngatah- ngatahi doa. Ngendika Allah wonten ing Al-Qur'an Surat Ghafir ayat 60:

وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُونِي أَسْتَجِبْ لَكُمْ

Artosipun: "Lan Pangeranmu wis dhawuh: 'Ndonga sira marang Ingsun, yekti Ingsun bakal ngabulake kanggo sira'."

Ayat menika dados dhasar ingkang kiyat bilih saben panyuwunan ingkang dipun-unjukaken dening hamba dhumateng Pangeranipun mesthi dipun-mirengaken.

Jamaah jumah rahimakumullah

Nanging, kadhakala wonten pitakenan ingkang tuwuh wonten ing sanubari kula lan panjenengan nalika ngadhepi pacobaning urip, "Aku wis suwe ndonga, awan lan wengi wis nyenyuwun, nanging kenapa dongaku durung dikabulake dening Allah?" Rasa mutung utawi putus asa menika kadhang kala njalari kula lan panjenengan males lan kendho anggenipun ndonga. Pangertosan ingkang kados mekaten menika kedah kula lan panjenengan lurusaken. Satuhune, sedaya doa ingkang dipunpanjataken dening tiyang mukmin menika mesthi dipunijabahi (dipunjawab) dening Allah SWT. Mboten wonten doa ingkang muspra utawi ilang tanpa teges.

Babagan menika dipunjelasaken dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW wonten ing hadits shahih ingkang dipun-riwayataken dening Imam Ahmad lan Imam Tirmidzi. Mekaten ungelipun teks Arab saking hadits kasebat:

مَا مِنْ مُسْلِمٍ يَدْعُو بِدَعْوَةٍ لَيْسَ فِيهَا إِثْمٌ وَلَا قَطِيعَةُ رَحِمٍ إِلَّا أَعْطَاهُ اللهُ بِهَا إِحْدَى ثَلَاثٍ: إِمَّا أَنْ تُعَجَّلَ لَهُ دَعْوَتُهُ، وَإِمَّا أَنْ يَدَّخِرَهَا لَهُ فِي الْآخِرَةِ، وَإِمَّا أَنْ يَصْرِفَ عَنْهُ مِنَ السُّوءِ مِثْلَهَا

Artosipun: "Ora ana sawijining muslim sing ndonga marang Allah kanthi doa sing ora ngemot dosa lan ora medhot silaturahmi, kajaba Allah bakal paring salah siji saka telung perkara: (1) Dikabulake dongane kanthi cepet ing donya, (2) Disimpen dongane minangka ganjaran ing akhirat, utawa (3) Dipalingake saka musibah utawa bala’. (HR. Ahmad lan Tirmidzi).

Jamaah jumah rahimakumullah

Hadis punika pinangka keterangan bilih Allah paring jawaban saking doa- doa kula lan panjenegan kanthi tigang cara:

1. Dipunkabulaken Kanthi Langsung (Kontan ing Donya)

Wujud ingkang kapisan inggih menika punapa ingkang kula lan panjenengan suwun, langsung dipunparingaken dening Allah wonten ing donya. Kula lan panjenengan nyuwun rizki, Allah paring kelancaran. Kula lan panjenengan nyuwun kesarasan, Allah paring kasarasan. Menika wujud ijabah ingkang paling cetha lan saged kula lan panjenengan raosaken kanthi langsung.

2. Disimpen Minangka Tabungan Ganjaran ing Akhirat

Wujud ingkang kaping kalih menika asring mboten kula lan panjenengan sadari. Kadhakala kula lan panjenengan nyuwun samubarang ing donya, nanging Allah mboten paring wekdal menika. Menapa Allah pelit? Mboten!

Allah pirsa bilih menawi panyuwunan kasebat dipunparingaken ing donya, mbok bilih saged ndadosaken kula lan panjenengan rusak utawi kesupen. Pramila, Allah gentos panyuwunan kasebat dados pahala lan kebecikan ingkang dipuntabung wonten ing akhirat.

Wonten ing hadits riwayat Imam Al-Hakim, dipunjelasaken bilih benjang ing dinten kiyamat, wonten hamba ingkang dipuntimbali dening Allah banjur dipuntedahaken sedaya doa-doanipun ingkang riyin mboten kelakon ing donya, nanging jebul dipungentos dening Allah dados ganjaran ingkang ageng sanget ing akhirat.

Nalika ningali agengipun pahala kasebat, wonten setunggal hamba ngantos matur: "Duh, umpama wae biyen ora ana siji-sijia doaku sing dikabulake kontan ing donya (amarga ndeleng gedhene pahala tabungan doa ing akhirat)." (HR. Al-Hakim).

3. Dipuntebihaken saking Bebaya (Musibah) ingkang Sepadan

Wujud ingkang kaping tiga inggih menika Allah gantos doa kula lan panjenengan kanthi nylametaken kula lan panjenengan saking bebaya utawi musibah ingkang sepadan, ingkang sejatine bakal ngenani kula lan panjenengan.

Umpaminipun, kula lan panjenengan ndonga nyuwun supados pikantuk proyek utawi pakaryan tartamtu, nanging mboten kasil. Kula lan panjenengan sedhih. Kamangka, ing wekdal ingkang sami, Allah nylametaken kula lan panjenengan utawi kulawarga kula lan panjenengan saking kacilakan, lelara ingkang awrat, utawi fitnah tanpa kula lan panjenengan mangertosi. Allah gantos panyuwunan kula lan panjenengan kanthi perlindungan.

  Ma’asiral Muslimin Rahimakumullah,

Pramila, mboten wonten alesan kagem kula lan panjenengan sedaya kagem kendho utawi mutung anggenipun ndonga. Ndonga menika mboten namung sekedar nyuwun, nanging ndonga menika mujudaken ibadah.

Nalika kula lan panjenengan ndonga, kula lan panjenengan nembe ngakeni bilih kula lan panjenengan menika ringkih lan butuh dhumateng Dzat Ingkang Maha Kuwasa. Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya dipunparingi istiqamah kagem tansah nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, lan tansah ridha dhumateng sedaya wujud jawaban ingkang sampun dipungarisaken dening Allah SWT.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

  Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم