Teks Khutbah Jumat Singkat
Gesang Samadya
Kanthi Mbucal Gengsi
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah
Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan
satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis
ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika,
khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan
akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mirsani kahanan dunya dinten menika, kawontenan
ekonomi saweg mboten stabil lan mboten mesthi. Regi-regi kabetahan pokok
mindhak, pados pangupan jiwa utawi rejeki ugi mboten gampil. Wonten ing kahanan
ingkang kados mekaten, kula lan panjenengan minangka umat Muslim dipun-tuntut
supados saged wicaksana lan setiti anggenipun nglampahi gesang.
Jamaah jumah rahimakumullah
Gesang
samadya utawi gesang napa wontenipun menika
mboten ateges
kula lan panjenengan kedah dados tiyang ingkang mlarat. Nanging, samadya
tegesipun saged nimbang antawisipun kabetahan
kaliyan nepsu utawi gengsi. Mila, wonten tigang perkawis lan prinsip ingkang
kedah kula lan panjenengan lampahi kagem ngadhepi kahanan ekonomi ingkang
mboten stabil menika:
1. Setiti lan Ngatos-atos Anggenipun Ngginakaken
Bandha
Kula lan panjenengan kedah teliti lan ngatos-atos
sanget anggenipun ngedalaken arta bandha. Dipun-prioritasaken kabetahan ingkang
pokok rumiyin kados dene pangan, pendidikan, lan kesehatan. Mboten sah boros
lan mbuwang arta kagem perkawis ingkang mboten wigati.
Gegayutan kaliyan babagan menika, Allah SWT sampun
paring piweling wonten ing Al-Qur'an Surat Al-Furqan ayat 67:
وَالَّذِينَ إِذَا أَنْفَقُوا
لَمْ يُسْرِفُوا وَلَمْ يَقْتُرُوا وَكَانَ بَيْنَ ذَلِكَ قَوَامًا
"Lan wong-wong sing nalika mbalanjaake bandhane,
dheweke ora ngluwihi wates (boros) lan ora pelit, lan mbalanjaake iku ana ing
tengah-tengah antarane rong perkara mau."
2. Mbucal Gengsi Supados Mboten Repot Tembe Wingkinge
Wonten ing jaman sapunika, kathah tiyang ingkang
kapeksa nandang susah lan repot sanes amargi mboten saged mangan, nanging
amargi nuruti gengsi. Kapeksa utang mrika- mriki kagem nguyak tren utawi pengalemipun
tiyang sanes. Menika ingkang dipun-wastani numpuk prakara ingkang saged ngrusak
katentreman.
Rasulullah SAW piyambak sampun paring patuladhan
supados kula lan panjenengan nebihi sifat ingkang remen nuruti gengsi. Rasulullah SAW nate dhawuh wonten ing hadits
ngenani cilakanipun tiyang ingkang kados mekaten:
تَعِسَ عَبْدُ الدِّينَارِ، وَعَبْدُ الدِّرْهَمِ، وَعَبْدُ الْخَمِيصَةِ،
إِنْ أُعْطِيَ رَضِيَ، وَإِنْ لَمْ يُعْطَ سَخِطَ
"Cilaka kawulane dinar, kawulane dirham, lan
kawulane klambi mewah (gengsi dunya). Yen dheweke diwenehi, dheweke seneng,
nanging yen ora diwenehi, dheweke nesu (ora trima)." (HR. Bukhari).
3. Ngugemi Sifat Qana'ah (Nerima ing Pandum)
Tiyang ingkang saged mbucal gengsi badhe gampil
nggadhahi raos syukur sanadyan sekedhik utawi kathah rejeki ingkang
dipun-paringaken Allah SWT. Sifat menika dipun-sebat Qana'ah utawi nerima ing
pandum. Tiyang ingkang qana'ah menika badhe tansah rumaos sugih lan tentrem
manahipun senadyan kahanan ekonomi saweg mboten stabil.
Rasulullah SAW paring jaminan kabagyan kagem kula lan
panjenengan ingkang ngadhahi sifat menika lumantar dhawuhipun:
قَدْ أَفْلَحَ مَنْ أَسْلَمَ
وَرُزِقَ كَفَافًا وَقَنَّعَهُ اللَّهُ بِمَا آتَاهُ
"Temen beja wong sing mlebu Islam, diparingi
rejeki sing cukup, lan diparingi rasa qana'ah (nerima) dening Allah marang apa
sing diparingake." (HR. Muslim).
Para Jamaah ingkang minulya,
Pramila
saking menika, mangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngulinakaken gesang
samadya lan prasaja wonten ing pagesangan rinten dalu. Langkung sae kula lan
panjenengan gesang samadya ananging ayem lan tentrem, tinimbang ketingal mewah
nanging rinten dalu bingung pados silihan arta. Mangga hawa nepsu lan gengsi
ingkang ngrusak menika dipun-kendhaleni, satemah kula lan panjenengan saged
nglampahi gesang kanthi lila legawa lan mboten cilaka amargi nuruti
panyawangipun tiyang sanes.
Mugi-mugi
kula lan panjenengan sedaya dipun-paringi kekiyatan dening Allah SWT supados
saged ngendhaleni hawa
nepsu, saged gesang samadya, lan mbucal gengsi, satemah saged tansah beja mulya
wonten ing dunya lan akhirat. Aamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي
وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
2
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ
اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ
وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
.png)

Posting Komentar