Teks Khutbah Jumat Singkat

Gesang Samadya

Kanthi Mbucal Gengsi

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing mimbar khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mirsani kahanan dunya dinten menika, kawontenan ekonomi saweg mboten stabil lan mboten mesthi. Regi-regi kabetahan pokok mindhak, pados pangupan jiwa utawi rejeki ugi mboten gampil. Wonten ing kahanan ingkang kados mekaten, kula lan panjenengan minangka umat Muslim dipun-tuntut supados saged wicaksana lan setiti anggenipun nglampahi gesang.

Jamaah jumah rahimakumullah

Gesang samadya utawi gesang napa wontenipun menika mboten ateges kula lan panjenengan kedah dados tiyang ingkang mlarat. Nanging, samadya tegesipun saged nimbang antawisipun kabetahan  kaliyan nepsu utawi gengsi. Mila, wonten tigang perkawis lan prinsip ingkang kedah kula lan panjenengan lampahi kagem ngadhepi kahanan ekonomi ingkang mboten stabil menika:

1. Setiti lan Ngatos-atos Anggenipun Ngginakaken Bandha

Kula lan panjenengan kedah teliti lan ngatos-atos sanget anggenipun ngedalaken arta bandha. Dipun-prioritasaken kabetahan ingkang pokok rumiyin kados dene pangan, pendidikan, lan kesehatan. Mboten sah boros lan mbuwang arta kagem perkawis ingkang mboten wigati.

Gegayutan kaliyan babagan menika, Allah SWT sampun paring piweling wonten ing Al-Qur'an Surat Al-Furqan ayat 67:

وَالَّذِينَ إِذَا أَنْفَقُوا لَمْ يُسْرِفُوا وَلَمْ يَقْتُرُوا وَكَانَ بَيْنَ ذَلِكَ قَوَامًا

"Lan wong-wong sing nalika mbalanjaake bandhane, dheweke ora ngluwihi wates (boros) lan ora pelit, lan mbalanjaake iku ana ing tengah-tengah antarane rong perkara mau."

2. Mbucal Gengsi Supados Mboten Repot Tembe Wingkinge

Wonten ing jaman sapunika, kathah tiyang ingkang kapeksa nandang susah lan repot sanes amargi mboten saged mangan, nanging amargi nuruti gengsi. Kapeksa utang mrika- mriki kagem nguyak tren utawi pengalemipun tiyang sanes. Menika ingkang dipun-wastani numpuk prakara ingkang saged ngrusak katentreman.

Rasulullah SAW piyambak sampun paring patuladhan supados kula lan panjenengan nebihi sifat ingkang remen nuruti gengsi.  Rasulullah SAW nate dhawuh wonten ing hadits ngenani cilakanipun tiyang ingkang kados mekaten:

تَعِسَ عَبْدُ الدِّينَارِ، وَعَبْدُ الدِّرْهَمِ، وَعَبْدُ الْخَمِيصَةِ، إِنْ أُعْطِيَ رَضِيَ، وَإِنْ لَمْ يُعْطَ سَخِطَ

"Cilaka kawulane dinar, kawulane dirham, lan kawulane klambi mewah (gengsi dunya). Yen dheweke diwenehi, dheweke seneng, nanging yen ora diwenehi, dheweke nesu (ora trima)." (HR. Bukhari).

3. Ngugemi Sifat Qana'ah (Nerima ing Pandum)

Tiyang ingkang saged mbucal gengsi badhe gampil nggadhahi raos syukur sanadyan sekedhik utawi kathah rejeki ingkang dipun-paringaken Allah SWT. Sifat menika dipun-sebat Qana'ah utawi nerima ing pandum. Tiyang ingkang qana'ah menika badhe tansah rumaos sugih lan tentrem manahipun senadyan kahanan ekonomi saweg mboten stabil.

Rasulullah SAW paring jaminan kabagyan kagem kula lan panjenengan ingkang ngadhahi sifat menika lumantar dhawuhipun:

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ أَسْلَمَ وَرُزِقَ كَفَافًا وَقَنَّعَهُ اللَّهُ بِمَا آتَاهُ

"Temen beja wong sing mlebu Islam, diparingi rejeki sing cukup, lan diparingi rasa qana'ah (nerima) dening Allah marang apa sing diparingake." (HR. Muslim).

Para Jamaah ingkang minulya,

Pramila saking menika, mangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngulinakaken gesang samadya lan prasaja wonten ing pagesangan rinten dalu. Langkung sae kula lan panjenengan gesang samadya ananging ayem lan tentrem, tinimbang ketingal mewah nanging rinten dalu bingung pados silihan arta. Mangga hawa nepsu lan gengsi ingkang ngrusak menika dipun-kendhaleni, satemah kula lan panjenengan saged nglampahi gesang kanthi lila legawa lan mboten cilaka amargi nuruti panyawangipun tiyang sanes.

Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya dipun-paringi kekiyatan dening Allah SWT supados saged ngendhaleni hawa nepsu, saged gesang samadya, lan mbucal gengsi, satemah saged tansah beja mulya wonten ing dunya lan akhirat. Aamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

  Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم