Teks Khutbah Jumat Singkat
Njagi Istiqomah Sasampunipun
Ramadhan lan Idul Fitri
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng
Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten
majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten ing dinten Jumat
ingkang mulya punika, saha taksih wonten ing swasana Idul Fitri, mangga kula
lan panjenengan tansah nambahi raos takwa kita dhumateng Allah SWT.
Alhamdulillah, enjang wau kula lan panjenengan sampun nindakaken shalat Idul
Fitri kanthi khidmat, lan siyang punika kula lan panjenengan kempal malih kagem
nindakaken shalat Jumat. Punika bukti bilih hidayah lan nikmatipun Allah mboten
kendhat-kendhat dipun paringaken dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Wulan Ramadhan ingkang
nembe kemawon nilaraken kula lan panjenengan sampun nggulawentah kula lan
panjenengan dados pribadi ingkang sabar, sregep ngibadah, lan loman.
Pitakenanipun: "Badhe kados pundi ibadah kula lan panjenengan sasampunipun
Ramadhan?" Sejatosipun, kuncinipun kemenangan ing dinten riyaya punika
wonten ing tembung "Istiqomah". Allah SWT paring dhawuh wonten ing
Al-Qur'an Surah Fushshilat ayat 30:
إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ
ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا
تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ
Tegesipun: "Satemene
wong-wong kang padha ngucap: 'Pangeran kita yaiku Allah', nuli dheweke padha
istiqomah (teteg pangpendemé), mula para malaikat bakal mudhun marang dheweke
(kanthi ngucap): 'Aja sira wedi lan aja sira susah, lan padha bungaha kanthi
(pikantuk) swarga kang wis dijanjekake Allah marang sira'." (Al-Qur'an
Surah Fushshilat ayat 30)
Jamaah jumah rahimakumullah
Rasulullah SAW ugi nate
paring wejang dhumateng sahabat Sufyan bin Abdillah nalika piyambakipun nyuwun
piwulang ingkang paling utami wonten ing agami Islam. Rasulullah SAW paring
dhawuh:
قُلْ آمَنْتُ بِاللهِ ثُمَّ اسْتَقِمْ
Tegesipun: "Ucapna:
'Aku iman marang Allah', nuli istiqomaha sira'." (HR. Muslim).
Saking dalil punika, kula
lan panjenengan saged mendhet piwucal bilih Idul Fitri sanes pungkasan saking
amal saleh, nanging justru dados wiwitan kagem mbuktekaken bilih dhiri kula lan
panjenengan sampun dados pribadi ingkang fitrah. Tiyang ingkang nggayuh
kemenangan ing dinten riyaya punika badhe tetep njagi shalat jamaahipun, tetep
njagi lathipun saking tumindak awon, lan tetep nggadhahi raos asih dhumateng
sesami sanajan Ramadhan sampun rampung.Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya
kalebet golongan tiyang ingkang saged istiqomah, saengga kula lan panjenengan
pikantuk jaminan kabegjan dunya ugi akhirat saking Gusti Allah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Minangka pungkasaning atur, mangga kula lan
panjenengan kiyataken niyat wonten ing manah, bilih Idul Fitri punika dados
momentum kagem nilaraken sedaya pakulinan awon ingkang nate kula lan
panjenengan lampahi. Sampun ngantos kesalehan kula lan panjenengan mandheg
wonten ing sasi Ramadhan kemawon, nanging mangga dipun buktikaken wonten ing
sewelas sasi salajengipun. Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pitulungan,
hidayah, sarta kasantosan dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saéngga kula
lan panjenengan saged pinanggih malih kaliyan Ramadhan ing taun ngajeng kanthi
kawontenan ingkang langkung sae.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
.png)

Posting Komentar