Teks Khutbah Jumat Singkat

Njagi Istiqomah Sasampunipun

Ramadhan lan Idul Fitri

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing dinten Jumat ingkang mulya punika, saha taksih wonten ing swasana Idul Fitri, mangga kula lan panjenengan tansah nambahi raos takwa kita dhumateng Allah SWT. Alhamdulillah, enjang wau kula lan panjenengan sampun nindakaken shalat Idul Fitri kanthi khidmat, lan siyang punika kula lan panjenengan kempal malih kagem nindakaken shalat Jumat. Punika bukti bilih hidayah lan nikmatipun Allah mboten kendhat-kendhat dipun paringaken dhumateng kula lan panjenengan sedaya.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Wulan Ramadhan ingkang nembe kemawon nilaraken kula lan panjenengan sampun nggulawentah kula lan panjenengan dados pribadi ingkang sabar, sregep ngibadah, lan loman. Pitakenanipun: "Badhe kados pundi ibadah kula lan panjenengan sasampunipun Ramadhan?" Sejatosipun, kuncinipun kemenangan ing dinten riyaya punika wonten ing tembung "Istiqomah". Allah SWT paring dhawuh wonten ing Al-Qur'an Surah Fushshilat ayat 30:

إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ

Tegesipun: "Satemene wong-wong kang padha ngucap: 'Pangeran kita yaiku Allah', nuli dheweke padha istiqomah (teteg pangpendemé), mula para malaikat bakal mudhun marang dheweke (kanthi ngucap): 'Aja sira wedi lan aja sira susah, lan padha bungaha kanthi (pikantuk) swarga kang wis dijanjekake Allah marang sira'." (Al-Qur'an Surah Fushshilat ayat 30)

Jamaah jumah rahimakumullah

Rasulullah SAW ugi nate paring wejang dhumateng sahabat Sufyan bin Abdillah nalika piyambakipun nyuwun piwulang ingkang paling utami wonten ing agami Islam. Rasulullah SAW paring dhawuh:

قُلْ آمَنْتُ بِاللهِ ثُمَّ اسْتَقِمْ

Tegesipun: "Ucapna: 'Aku iman marang Allah', nuli istiqomaha sira'." (HR. Muslim).

Saking dalil punika, kula lan panjenengan saged mendhet piwucal bilih Idul Fitri sanes pungkasan saking amal saleh, nanging justru dados wiwitan kagem mbuktekaken bilih dhiri kula lan panjenengan sampun dados pribadi ingkang fitrah. Tiyang ingkang nggayuh kemenangan ing dinten riyaya punika badhe tetep njagi shalat jamaahipun, tetep njagi lathipun saking tumindak awon, lan tetep nggadhahi raos asih dhumateng sesami sanajan Ramadhan sampun rampung.Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya kalebet golongan tiyang ingkang saged istiqomah, saengga kula lan panjenengan pikantuk jaminan kabegjan dunya ugi akhirat saking Gusti Allah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Minangka pungkasaning atur, mangga kula lan panjenengan kiyataken niyat wonten ing manah, bilih Idul Fitri punika dados momentum kagem nilaraken sedaya pakulinan awon ingkang nate kula lan panjenengan lampahi. Sampun ngantos kesalehan kula lan panjenengan mandheg wonten ing sasi Ramadhan kemawon, nanging mangga dipun buktikaken wonten ing sewelas sasi salajengipun. Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pitulungan, hidayah, sarta kasantosan dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saéngga kula lan panjenengan saged pinanggih malih kaliyan Ramadhan ing taun ngajeng kanthi kawontenan ingkang langkung sae.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini.



Post a Comment

أحدث أقدم