Teks Khutbah Jumat Singkat
Ngreksa Semangat
Ing Wulan Syawal
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng
Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten
majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan
khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun
mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos
dumugi akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wulan Syawal punika mboten ateges
"libur" ibadah, ananging justru dados bukti
bilih latihan ibadah ing wulan Ramadhan wingi kasil ndhapuk pribadi
ingkang langkung sae. Wonten sawetara
ibadah ingkang kedah dipun tingkataken ing wulan Syawal punika, supados kula
lan panjenegan estu kalebet tiyang ingkang taqwa utawi kasil ibadahipun:
Shiyam
Syawal punika minangka penyempurna ibadah Ramadhan. Dalilipun inggih punika:
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ ثُمَّ
أَتْبَعَهُ سِتًّا مِنْ شَوَّالٍ كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ
"Sing
sapa wonge nindakake pasa Ramadhan banjur nututi pasa 6 dina ana ing wulan
Syawal, mula deweke kaya pasa setahun nutuk."
(HR. Muslim).
2. Njagi Qiyamul Lail (Tahajud)
Supados semangat shalat Tarawih mboten sirna, sumangga
dipun lajengaken
kanthi shalat lail tiyap dalu senadyan namung sekedhik. Allah Ta'ala dhawuh:
وَمِنَ اللَّيْلِ فَتَهَجَّدْ بِهِ نَافِلَةً لَّكَ
"Lan ing sawetara
wengi, nindakna shalat Tahajud minangka ibadah tambahan kanggo sira." (QS. Al-Isra: 79).
3. Ngajegaken Sedekah
Sifat loman ingkang sampun kula
lan panjenegan latih ing ramadhan kedah dipun jagi. Rasulullah
SAW nate ngendika:
أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى
اللَّهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ
"Amal sing paling
ditresnani Allah yaiku sing ajeg (istiqomah), senadyan mung sethithik." (HR. Bukhari & Muslim).
4. Nyambung Silaturahmi (Halal bi Halal)
Syawal punika momentum ngguguraken
dosa dhumateng sesami manungsa. Nabi SAW dhawuh:
مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ
وَالْيَوْمِ الآخِرِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ
"Sing sapa wonge iman
marang Allah lan dina akhir, mula nyambunga paseduluran (silaturahmi)." (HR. Bukhari).
Jamaah jumah rahimakumullah
Pungkasanipun, sumangga kula lan panjenengan ndadosaken wulan Syawal punika minangka bukti
kasunyatannipun iman, kanthi njagi istiqomah nindakaken shiyam enem dinten,
ngelajengaken qiyamul lail, sarta mboten kendat nindakaken sedekah lan
silaturahmi. Mugi-mugi kanthi semangat peningkatan ibadah punika, Allah Ta'ala
tansah nggampilaken sedaya lampah kula lan panjenengan kagem nggayuh kamulyan
lan kawilujengan wonten ing donya ngantos dumugi akhirat.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
.png)

Posting Komentar