Teks Khutbah Jumat Singkat

Ramadhan Wulan Panen Pahala

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wulan Ramadhan menika dipun wastani "Syahrul Mubarak" (wulan ingkang kebak berkah) lan ugi saged dipun wastani Wulan Panen Pahala. Menapa sebabipun? Amargi ing wulan menika, saben amal kesaenan badhe dipun lipat-gandakaken ganjaranipun dening Allah SWT kanthi jumlah ingkang mboten kados wulan sanesipun.

Wonten ing khutbah jumat siang punika  kepareng khatib aturaken amalan- amalan ingkang saged dados margi kula lan panjenegan panen pahala ing wulan Ramadhan:

Ingkang sepisan, Pahala Ibadah Siyam.

Siyam menika ibadah ingkang agung lan istimewa ganjaranipun langsung saking Allah piyambak kanthi jumlah ingkang mboten winates. Allah SWT paring dhawuh wonten Hadits Qudsi:

قَالَ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ: كُلُّ عَمَلِ ابْنِ آدَمَ لَهُ إِلَّا الصِّيَامَ فَإِنَّهُ لِي وَأَنَا أَجْزِي بِهِ

"Saben amale anak Adam iku kanggo dheweke, kajaba pasa. Satemene pasa iku kagungan-Ku lan Aku dhewe sing bakal paring piwales." (HR. Bukhari & Muslim)

Ingkang kaping kalih, Pahala Qiyam Ramadhan (Shalat Tarawih).

Salat tarawih utawi qiyam ramadhan punika amalan ingkang utama lan dados margi kagem panen pahala. Sinten ingkang nguripi wengi Ramadhan kanthi shalat, dosanipun badhe dipun apura dening Allah. Rasulullah SAW dhawuh:

مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

"Sapa wae sing nindakake shalat wengi ing wulan Ramadhan kanthi iman lan ngarep-arep ganjaran, bakal dingapura dosa-dosane sing wis kapungkur." (HR. Bukhari & Muslim)

Ingkang kaping tiga, Pahala Tadarus Al-Qur'an.

Ramadhan menika Syahrul Qur'an. Maos sak aksara kemawon sampun pikantuk sedasa kabecikan. Allah paring dhawuh:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنْزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَىٰ وَالْفُرْقَانِ

Wulan Ramadhan, wulan sing ing njerone didhunake (wiwitan) Al-Qur'an minangka pituduh kanggo manungsa...” (QS. Al-Baqarah: 185).

Ingkang kaping sekawan, Pahala Sedekah lan Paring Buka.

Paring daharan kagem buka saged angsal pahala ingkang sami kaliyan tiyang ingkang siyam wau. Rasulullah SAW dhawuh:

مَنْ فَطَّرَ صَائِمًا كَانَ لَهُ مِثْلُ أَجْرِهِ غَيْرَ أَنَّهُ لَا يَنْقُصُ مِنْ أَجْرِ الصَّائِمِ شَيْئًا

"Sapa wae sing aweh panganan kanggo buka wong sing pasa, dheweke bakal entuk ganjaran kaya wong sing pasa mau." (HR. Tirmidzi).

Ingkang pungkasan, Pahala Lailatul Qadar.

Ibadah ing dalu menika ganjaranipun langkung ageng tinimbang ibadah sewu wulan.

لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ

Wengi Lailatul Qadar iku luwih becik tinimbang sewu wulan.” (QS. Al-Qadr: 3).

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga wulan Ramadhan ing tahun punika kula lan panjenegan lampahi kanthi sakestu. Mboten namung nahan luwe lan ngorong, nanging kula lan panjenengan ugi kedah nggulawenthah ati sarta tumindak. Ampun ngantos kula lan panjenengan kalebet golongan tiyang ingkang rugi, inggih menika tiyang ingkang siyam nanging mboten angsal punapa-punapa kejaba ngelih lan ngorong amargi kirang nengenaken ibadah.

Sumangga kula lan panjenengan dadosaken saben detik ing wulan suci menika minangka wekdal kagem panen pahala, tansah nindakaken kesaenan, lan nyenyuwun pangapura dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi kula lan panjenengan saged medal saking wulan Ramadhan menika kanthi kawontenan suci kados dene bayi ingkang nembe lair.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini.



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama