Teks Khutbah Jumat Singkat
Ramadhan Wulan Panen Pahala
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng
Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten
majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan
nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan
wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wulan Ramadhan menika dipun
wastani "Syahrul Mubarak" (wulan ingkang kebak berkah) lan ugi saged
dipun wastani Wulan Panen Pahala. Menapa sebabipun? Amargi ing wulan menika,
saben amal kesaenan badhe dipun lipat-gandakaken ganjaranipun dening Allah SWT
kanthi jumlah ingkang mboten kados wulan sanesipun.
Wonten ing khutbah jumat
siang punika kepareng khatib aturaken
amalan- amalan ingkang saged dados margi kula lan panjenegan panen pahala ing
wulan Ramadhan:
Ingkang
sepisan, Pahala Ibadah Siyam.
Siyam
menika ibadah ingkang agung lan istimewa ganjaranipun langsung saking Allah
piyambak kanthi jumlah ingkang mboten winates. Allah SWT paring dhawuh wonten
Hadits Qudsi:
قَالَ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ: كُلُّ عَمَلِ ابْنِ آدَمَ لَهُ إِلَّا
الصِّيَامَ فَإِنَّهُ لِي وَأَنَا أَجْزِي بِهِ
"Saben amale
anak Adam iku kanggo dheweke, kajaba pasa. Satemene pasa iku kagungan-Ku lan Aku
dhewe sing bakal paring piwales." (HR. Bukhari & Muslim)
Ingkang kaping kalih, Pahala Qiyam Ramadhan (Shalat
Tarawih).
Salat tarawih utawi qiyam ramadhan punika amalan
ingkang utama lan dados margi kagem panen pahala. Sinten ingkang nguripi wengi Ramadhan kanthi shalat,
dosanipun badhe dipun apura dening Allah. Rasulullah SAW dhawuh:
مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ
مِنْ ذَنْبِهِ
"Sapa
wae sing nindakake shalat wengi ing wulan Ramadhan kanthi iman lan ngarep-arep
ganjaran, bakal dingapura dosa-dosane sing wis kapungkur." (HR. Bukhari &
Muslim)
Ingkang kaping tiga, Pahala
Tadarus Al-Qur'an.
Ramadhan menika Syahrul
Qur'an. Maos sak aksara kemawon sampun pikantuk sedasa kabecikan. Allah
paring dhawuh:
شَهْرُ رَمَضَانَ
الَّذِي أُنْزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَىٰ
وَالْفُرْقَانِ
“Wulan Ramadhan, wulan sing
ing njerone didhunake (wiwitan) Al-Qur'an minangka pituduh kanggo manungsa...”
(QS. Al-Baqarah: 185).
Ingkang kaping sekawan, Pahala
Sedekah lan Paring Buka.
Paring daharan kagem buka saged
angsal pahala ingkang sami kaliyan tiyang ingkang siyam wau. Rasulullah SAW
dhawuh:
مَنْ فَطَّرَ
صَائِمًا كَانَ لَهُ مِثْلُ أَجْرِهِ غَيْرَ أَنَّهُ لَا يَنْقُصُ مِنْ أَجْرِ
الصَّائِمِ شَيْئًا
"Sapa
wae sing aweh panganan kanggo buka wong sing pasa, dheweke bakal entuk
ganjaran kaya wong sing pasa
mau." (HR. Tirmidzi).
Ingkang pungkasan, Pahala
Lailatul Qadar.
Ibadah ing dalu menika ganjaranipun
langkung ageng tinimbang ibadah sewu wulan.
لَيْلَةُ الْقَدْرِ
خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ
Wengi
Lailatul Qadar iku luwih becik tinimbang sewu wulan.” (QS. Al-Qadr: 3).
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga wulan Ramadhan ing tahun punika kula lan panjenegan lampahi kanthi
sakestu. Mboten namung nahan luwe lan ngorong, nanging kula lan panjenengan ugi
kedah nggulawenthah ati sarta tumindak. Ampun ngantos kula lan panjenengan
kalebet golongan tiyang ingkang rugi, inggih menika tiyang ingkang siyam
nanging mboten angsal punapa-punapa kejaba ngelih lan ngorong amargi kirang
nengenaken ibadah.
Sumangga
kula lan panjenengan dadosaken
saben detik ing wulan suci menika minangka wekdal kagem panen pahala, tansah
nindakaken kesaenan, lan nyenyuwun pangapura dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi
kula lan panjenengan saged medal saking wulan Ramadhan menika kanthi kawontenan
suci kados dene bayi ingkang nembe lair.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
%20(1).png)

إرسال تعليق