Teks Khutbah Jumat Singkat
Isra’ Mi’raj Bukti Tresnanipun Allah
Dhumateng Manungsa
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا
أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ
عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الدّيْن, عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ
فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى,يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan
nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan
wonten ing dunya dumugi akhirat. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten
ing wulan Rajab menika, kula lan panjenegan mengeti prastawa agung, inggih
menika Isra’ Mi’raj. Prastawa menika mboten namung mujudaken mukjizat ingkang
ngetingalaken kakuwasanipun Allah, nanging ugi dados bukti nyata bilih Allah
menika Maha Tresna dhumateng hamba-Nipun, utamanipun dhumateng Kanjeng Nabi
Muhammad SAW lan umatipun. Kados dene dhawuh-Ipun wonten Surat Al-Isra’ ayat 1:
سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِه لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ
اِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَا
“Maha
suci Allah kang wus nglakokake kawulane (Muhammad) ana ing sawiji wengi saka
masjidil haram tumuju masjidil aqsa”
Wonten saweneh bukti
tresnanipun Allah ingkang saged dipun pendhet saking prastawa Isra' Mi'raj:
1.
Pelipur Lara (Tasliyah)
kagem Rasulullah.
Isra'
Mi'raj dipun paringaken nalika Kanjeng Nabi nembe nandang duka ingkang sanget
(Amul Huzni). Allah mboten nilaraken utusan-Ipun piyambakan. Allah
"ngajak" Kanjeng Nabi sowan dhumateng Sidratul Muntaha kagem nglipur
penggalih. Menika bukti bilih Allah tansah paring pitulungan dhumateng
hamba-Nipun ingkang nembe kenging pacoben.
2.
Hadiah Shalat minangka
Sarana Komunikasi.
Oleh-oleh ingkang paling agung saking Isra'
Mi'raj inggih menika dhawuh Shalat. Shalat menika bukti tresnanipun Allah
supados manungsa gadhah dalan kagem nyuwun pitulungan langsung. Rasulullah nate
ngendika babagan amal ingkang paling dipun tresnani Allah:
عَنْ عَبْدِ اللهِ بْنِ مَسْعُودٍ رضي الله عنه قَالَ: سَأَلْتُ رَسُولَ
اللهِ صلى الله عليه وسلم: أَيُّ الْعَمَلِ أَحَبُّ إِلَى اللهِ؟ قَالَ: الصَّلاةُ
عَلَى وَقْتِهَا
3.
Allah Mboten Paring Beban
Ingkang Awrat dhateng Umat Muhammad.
Nalika Kanjeng Nabi nyuwun keringanan jumlah shalat
saking 50 wektu dados 5 wektu, Allah paring idin lan tetep paring ganjaran
ingkang sami. Menika bukti bilih Allah mboten kersa mberataken kula lan
panjenegan amargi Allah pirsa bilih manungsa menika makhluk ingkang ringkih
nanging dipun tresnani.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Prastawa Isra’ Mi’raj menika mboten namung
mujudaken lelampahan mukjizat ingkang ngetingalaken kakuwasanipun Allah, nanging ugi dados bukti bilih Allah menika
Maha Tresna lan Maha Sumerep dhumateng kahananipun hamba-Nipun. Gusti Allah mboten
nilaraken manungsa nandang susah piyambakan, nanging paring hadiah arupi shalat
minangka sarana komunikasi lan pepadhang (cahaya) supados kula lan panjenegana
saged pikantuk ketenangan sarta pitulungan wonten ing saben pacobaning gesang.
Pramila saking menika, sumangga kula lan panjenegan mendhet hikmah
saking Isra’ Mi’raj kanthi nambahi raos tresna dhumateng Allah lumantar njagi
shalat gangsal wektu kanthi disiplin lan khusyuk. Menawi saged njagi hubungan
kaliyan Gusti Allah kanthi sae, Insha Allah, Allah ugi badhe njagi gesang kula
lan panjenegan, paring margi gampil wonten ing saben urusan, sarta ngangkat
drajat dhumateng kawontenan ingkang mulya wonten ing donya lan akhirat.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
%20(1).png)

Posting Komentar