Teks Khutbah Jumat Singkat

Istimewanipun Wulan Muharram

Ustadz Wismanto,S.Pd.I.,M.Pd.

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Wonten ing kalodhangan khutbah siang punika, khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan ing dunya ngantos dumugi akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing kalodhangan ingkang minulya menika, kula lan panjenengan sami dipun emutaken bilih wulan Muharram sanes gantosipun taun-hijriyah kemawon, nanging menika wekdal ingkang kebak berkah lan kaistimewaan. Wonten tigang keutamaan wulan Muharram ingkang wigatos kula lan panjenengan gatosaken:

 1.     Wulanipun Allah (Syahrullah)

Muharram menika wulan ingkang dipun sandhingaken langsung dhumateng asmanipun Allah (Syahrullah), ingkang nedahaken bilih wulan menika nggadhahi derajat kesucian ingkang inggil sanget tinimbang wulan sanesipun. Pramila, amalan ingkang dipun sunnahaken, mliginipun pasa, nggadhahi nilai spiritual ingkang ageng kagem ngresiki jiwa kula lan panjenengan. Rasulullah SAW ngendika:

أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ

“Pasa kang paling utama sawuse pasa Ramadhan yaiku pasa ing wulane Allah, Muharram.” (HR. Muslim)

2.     Wontenipun Dinten Asyura (Tanggal 10 Muharram)

Wonten ing wulan Muharram, wonten setunggal dinten ingkang dahat agung, inggih menika dinten Asyura. Dinten menika minangka bukti sajarah bilih Allah nate nylametaken Nabi Musa AS saking kedzaliman Firaun, saengga kula lan panjenengan dipun sunnahaken pasa minangka rasa syukur, ingkang ganjaranipun saget nglebur dosa-dosa alit ingkang sampun kepengker. Rasulullah SAW ngendika nalika dipun takeni babagan pasa Asyura:

يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ

“(Pasa Asyura) bakal mbusak (dosa) setaun kang wus kepungkur.” (HR. Muslim)

3.     Wulan ingkang dipun Mulyakaken (Asyhurul Hurum)

Muharram kalebet setunggal saking sekawan wulan suci (Asyhurul Hurum), tegesipun wulan ingkang dipun larang nindakaken peperangan lan dzalim. Saben amal kesaenan ingkang kula lan panjenengan lampahi bakal dipun tikelaken ganjaranipun, nanging kosok balinipun, tumindak maksiat lan dzalim ing wulan menika ugi bakal dipun etang minangka dosa ingkang langkung awrat. Allah SWT ngendika:

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

“Saktemene gunggunge sasi ing ngarsane Allah iku ana rolas sasi, ing sajerone Kitab Allah, nalika Panjenengane nyipta langit lan bumi, ing antarane ana papat sasi kang mulya.” (QS. At-Taubah: 36)

Jamaah jumah rahimakumullah

Minangka pungkasaning khutbah, sumangga kula lan panjenengan nindakaken hijrah spiritual kanthi nilaraken pakulinan awon tumuju pakulinan ingkang sae. Mugi-mugi Allah SWT tansah paring hidayah dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados saget nggayuh barakah lan ngundhuh ganjaran ingkang agung wonten ing wulan suci menika.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

  Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللَّهِ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَلآَهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama