Teks Khutbah Jumat Singkat

Isra’ Mi’raj Bukti Tresnanipun Allah

Dhumateng Manungsa

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن, عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى,يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing wulan Rajab menika, kula lan panjenegan mengeti prastawa agung, inggih menika Isra’ Mi’raj. Prastawa menika mboten namung mujudaken mukjizat ingkang ngetingalaken kakuwasanipun Allah, nanging ugi dados bukti nyata bilih Allah menika Maha Tresna dhumateng hamba-Nipun, utamanipun dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW lan umatipun. Kados dene dhawuh-Ipun wonten Surat Al-Isra’ ayat 1:

سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِه لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَا

“Maha suci Allah kang wus nglakokake kawulane (Muhammad) ana ing sawiji wengi saka masjidil haram tumuju masjidil aqsa”

Wonten saweneh bukti tresnanipun Allah ingkang saged dipun pendhet saking prastawa Isra' Mi'raj:

1.     Pelipur Lara (Tasliyah) kagem Rasulullah.

 Isra' Mi'raj dipun paringaken nalika Kanjeng Nabi nembe nandang duka ingkang sanget (Amul Huzni). Allah mboten nilaraken utusan-Ipun piyambakan. Allah "ngajak" Kanjeng Nabi sowan dhumateng Sidratul Muntaha kagem nglipur penggalih. Menika bukti bilih Allah tansah paring pitulungan dhumateng hamba-Nipun ingkang nembe kenging pacoben.

2.     Hadiah Shalat minangka Sarana Komunikasi.

 Oleh-oleh ingkang paling agung saking Isra' Mi'raj inggih menika dhawuh Shalat. Shalat menika bukti tresnanipun Allah supados manungsa gadhah dalan kagem nyuwun pitulungan langsung. Rasulullah nate ngendika babagan amal ingkang paling dipun tresnani Allah:

عَنْ عَبْدِ اللهِ بْنِ مَسْعُودٍ رضي الله عنه قَالَ: سَأَلْتُ رَسُولَ اللهِ صلى الله عليه وسلم: أَيُّ الْعَمَلِ أَحَبُّ إِلَى اللهِ؟ قَالَ: الصَّلاةُ عَلَى وَقْتِهَا

 Tegesipun: Saking Abdullah bin Mas’ud radhiyallahu ‘anhu, piyambakipun matur: "Kula nyuwun pirsa dhumateng Rasulullah SAW, amal punapa ingkang paling dipun tresnani dening Allah?" Rasulullah paring dhawuh: "Shalat ana ing wektune” (tepat wektu)." (HR. Bukhari lan Muslim). 

3.     Allah Mboten Paring Beban Ingkang Awrat dhateng Umat Muhammad.

Nalika Kanjeng Nabi nyuwun keringanan jumlah shalat saking 50 wektu dados 5 wektu, Allah paring idin lan tetep paring ganjaran ingkang sami. Menika bukti bilih Allah mboten kersa mberataken kula lan panjenegan amargi Allah pirsa bilih manungsa menika makhluk ingkang ringkih nanging dipun tresnani.

Jamaah jumah rahimakumullah

Prastawa Isra’ Mi’raj menika mboten namung mujudaken lelampahan mukjizat ingkang ngetingalaken kakuwasanipun Allah, nanging ugi dados bukti bilih Allah menika Maha Tresna lan Maha Sumerep dhumateng kahananipun hamba-Nipun. Gusti Allah mboten nilaraken manungsa nandang susah piyambakan, nanging paring hadiah arupi shalat minangka sarana komunikasi lan pepadhang (cahaya) supados kula lan panjenegana saged pikantuk ketenangan sarta pitulungan wonten ing saben pacobaning gesang.

Pramila saking menika, sumangga kula lan panjenegan mendhet hikmah saking Isra’ Mi’raj kanthi nambahi raos tresna dhumateng Allah lumantar njagi shalat gangsal wektu kanthi disiplin lan khusyuk. Menawi saged njagi hubungan kaliyan Gusti Allah kanthi sae, Insha Allah, Allah ugi badhe njagi gesang kula lan panjenegan, paring margi gampil wonten ing saben urusan, sarta ngangkat drajat dhumateng kawontenan ingkang mulya wonten ing donya lan akhirat.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini



Post a Comment

أحدث أقدم