Teks Khutbah Jumat Singkat
Sya’ban Nata Ati Mapag Ramadhan
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan
nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan
wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Sapunika kula lan
panjenengan sampun mlebet wonten ing Wulan Sya'ban. Wulan punika nggadhahi
teges ingkang mirunggan, inggih punika minangka persiapan pungkasan
sadurungipun kula lan panjenengan mlebet wonten ing wulan suci Ramadhan.
Rasulullah SAW nate paring
dhawuh babagan kautaman wulan punika:
ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ
رَجَبٍ وَرَمَضَانَ، وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ
الْعَالَمِينَ
"Wulan iku (Sya'ban)
yaiku wulan sing akeh manungsa pada lali, yaiku wulan ing
antarane Rajab lan Ramadhan. Kamangka
ing wulan iku, amal-amal diunggahake marang Gusti Allah, Pangerane alam
semesta."
Lajeng, menapa ingkang
kedah kula lan panjenengan tata ing wulan Sya'ban punika? Tema kula lan
panjenengan dinten punika inggih punika: Nata Ati Mapag Ramadhan.
1.
Sepisan: Nata Ati kanthi
Tobat.
Saderengipun kula lan
panjenengan nindakaken siyam Ramadhan, prayoginipun kula lan panjenengan
resik-resik manah saking dosa. Sumangga kula lan panjenengan kathah-kathah maos
istighfar. Menawi gadhah kaluputan dhumateng sesami manungsa, utaminipun dhumateng
tiyang sepuh, garwa, lan tangga tepalih, sumangga kula lan panjenengan nyuwun
pangapunten. Supados mangke nalika Ramadhan, manah kula lan panjenengan sampun
resik.
2.
Kaping kalih: Nata Ati
kanthi Gladhen.
Wulan Sya'ban punika wekdal
kagem nggladhi dhiri. Menawi kula lan panjenengan mboten kulina siyam utawi
tadarus ing wulan Sya'ban, mangke nalika mlebet Ramadhan awak bakal krasa
awrat. Imam Abu Bakar al-Balkhi nate dawuh:
شَهْرُ رَجَبٍ شَهْرُ الزَّرْعِ، وَشَهْرُ شَعْبَانَ شَهْرُ سَقْيِ
الزَّرْعِ، وَشَهْرُ رَمَضَانَ شَهْرُ حَصَادِ الزَّرْعِ
"Wulan Rajab iku
wulane nandur, wulan Sya'ban iku wulane nyiram tanduran, lan wulan Ramadhan iku
wulane panen tanduran." (Riwayat
An-Nasa'i lan Ahmad, sarta dipun shahihaken dening Ibnu Khuzaimah).
Menawi kula lan panjenengan
mboten nate nyiram tanduran ing wulan Sya'ban punika, mesthinipun bakal angel
badhe panen pahala ing wulan Ramadhan mangke.
3.
Kaping tiga: Nata Ati
kanthi Ndonga.
Kula lan panjenengan boten
ngertos punapa umur kula lan panjenengan dumugi ing wulan Ramadhan menapa
boten. Mila, sumangga kula lan panjenengan nyuwun dhumateng Allah kanthi donga:
اَللّٰهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ
"Duh Gusti Allah,
mugi paring berkah dhumateng kula ing wulan Rajab lan Sya'ban, sarta mugi
Panjenengan sagedaken kula dumugi ing wulan Ramadhan."
Jamaah jumah rahimakumullah
sumangga wulan Sya’ban punika dipun ginakaken
kanthi saestu. Ampun ngantos kula lan panjenengan kalebet tiyang ingkang nembe
dadi sregep ibadah nalika sampun mlebet Ramadhan, nanging ing wulan Sya’ban
punika malah mboten wonten persiapanipun. Sumangga emut, bilih kualitas ibadah Ramadhan kula lan
panjenengan mangke, gumantung saking kados pundi persiapan kula lan panjenengan
wonten ing wulan punika. Menawi atinipun sampun tatanan, sampun kulina dzikir,
lan sampun kulina nindakaken kabecikan, insyaallah mangke nalika Ramadhan rawuh,
kula lan panjenengan saged nglampahi kanthi raos entheng, khusyuk, lan saged
nggayuh derajat taqwa ingkang sampun dipun janjekaken dening Allah SWT.
Mugi-mugi lumantar khutbah punika, Allah SWT tansah
paring pituduh lan hidayah dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados saged
ngginakaken sisa wekdal ing wulan Sya’ban punika kanthi amalan ingkang sae.
Mugi-mugi Allah paring kekiyatan lan umur ingkang panjang satemah kula lan
panjenengan sedaya saged pinanggih kaliyan wulan suci Ramadhan kanthi
kawontenan sehat wal afiat lan manah ingkang resik. Amin ya Rabbal Alamin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
%20(1).png)

Posting Komentar