Teks Khutbah Jumat Singkat

Sya’ban Nata Ati Mapag Ramadhan

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

 الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sapunika kula lan panjenengan sampun mlebet wonten ing Wulan Sya'ban. Wulan punika nggadhahi teges ingkang mirunggan, inggih punika minangka persiapan pungkasan sadurungipun kula lan panjenengan mlebet wonten ing wulan suci Ramadhan.

Rasulullah SAW nate paring dhawuh babagan kautaman wulan punika:

ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ، وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ

 

"Wulan iku (Sya'ban) yaiku wulan sing akeh manungsa pada lali, yaiku wulan ing antarane Rajab lan Ramadhan. Kamangka ing wulan iku, amal-amal diunggahake marang Gusti Allah, Pangerane alam semesta."

Lajeng, menapa ingkang kedah kula lan panjenengan tata ing wulan Sya'ban punika? Tema kula lan panjenengan dinten punika inggih punika: Nata Ati Mapag Ramadhan.

1.      Sepisan: Nata Ati kanthi Tobat.

Saderengipun kula lan panjenengan nindakaken siyam Ramadhan, prayoginipun kula lan panjenengan resik-resik manah saking dosa. Sumangga kula lan panjenengan kathah-kathah maos istighfar. Menawi gadhah kaluputan dhumateng sesami manungsa, utaminipun dhumateng tiyang sepuh, garwa, lan tangga tepalih, sumangga kula lan panjenengan nyuwun pangapunten. Supados mangke nalika Ramadhan, manah kula lan panjenengan sampun resik.

2.      Kaping kalih: Nata Ati kanthi Gladhen.

Wulan Sya'ban punika wekdal kagem nggladhi dhiri. Menawi kula lan panjenengan mboten kulina siyam utawi tadarus ing wulan Sya'ban, mangke nalika mlebet Ramadhan awak bakal krasa awrat. Imam Abu Bakar al-Balkhi nate dawuh:

شَهْرُ رَجَبٍ شَهْرُ الزَّرْعِ، وَشَهْرُ شَعْبَانَ شَهْرُ سَقْيِ الزَّرْعِ، وَشَهْرُ رَمَضَانَ شَهْرُ حَصَادِ الزَّرْعِ

"Wulan Rajab iku wulane nandur, wulan Sya'ban iku wulane nyiram tanduran, lan wulan Ramadhan iku wulane panen tanduran." (Riwayat An-Nasa'i lan Ahmad, sarta dipun shahihaken dening Ibnu Khuzaimah).

Menawi kula lan panjenengan mboten nate nyiram tanduran ing wulan Sya'ban punika, mesthinipun bakal angel badhe panen pahala ing wulan Ramadhan mangke.

3.      Kaping tiga: Nata Ati kanthi Ndonga.

Kula lan panjenengan boten ngertos punapa umur kula lan panjenengan dumugi ing wulan Ramadhan menapa boten. Mila, sumangga kula lan panjenengan nyuwun dhumateng Allah kanthi donga:

اَللّٰهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ

"Duh Gusti Allah, mugi paring berkah dhumateng kula ing wulan Rajab lan Sya'ban, sarta mugi Panjenengan sagedaken kula dumugi ing wulan Ramadhan."

Jamaah jumah rahimakumullah

sumangga wulan Sya’ban punika dipun ginakaken kanthi saestu. Ampun ngantos kula lan panjenengan kalebet tiyang ingkang nembe dadi sregep ibadah nalika sampun mlebet Ramadhan, nanging ing wulan Sya’ban punika malah mboten wonten persiapanipun. Sumangga emut, bilih kualitas ibadah Ramadhan kula lan panjenengan mangke, gumantung saking kados pundi persiapan kula lan panjenengan wonten ing wulan punika. Menawi atinipun sampun tatanan, sampun kulina dzikir, lan sampun kulina nindakaken kabecikan, insyaallah mangke nalika Ramadhan rawuh, kula lan panjenengan saged nglampahi kanthi raos entheng, khusyuk, lan saged nggayuh derajat taqwa ingkang sampun dipun janjekaken dening Allah SWT.

Mugi-mugi lumantar khutbah punika, Allah SWT tansah paring pituduh lan hidayah dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados saged ngginakaken sisa wekdal ing wulan Sya’ban punika kanthi amalan ingkang sae. Mugi-mugi Allah paring kekiyatan lan umur ingkang panjang satemah kula lan panjenengan sedaya saged pinanggih kaliyan wulan suci Ramadhan kanthi kawontenan sehat wal afiat lan manah ingkang resik. Amin ya Rabbal Alamin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini



Post a Comment

أحدث أقدم