Teks Khutbah Jumat Singkat
Nganyari Niat lan Semangat
Ing Tahun Enggal
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا
أَنْ هَدَانَا اللَّهُ , أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ
عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الدّيْن, عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ
فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى,يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat lan taufiq dhumateng kula lan panjenengan satemah ing
siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang
minulya kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan
nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan
wonten ing dunya dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Gantosipun tahun sanes
namung gantosipun angka ing kalender, ananging dados pepeling bilih jatah umur
kula lan panjenengan ing alam donya menika saya suda. Pramila, babagan ingkang
paling wigati ing awal tahun inggih menika Nganyari Niat. Saben amal menika
gumantung saking niatipun. Kados dhawuhipun Rasulullah SAW wonten ing Hadits
Shahih:
إِنَّمَا
الْأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ، وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى
Sajatine kabeh amal iku
gumantung niate, lan saben wong bakal entuk balesan manut apa sing diniatake.” (HR. Bukhari)
Wonten
ing tahun enggal menika, wonten kalih (2) perkawis ageng ingkang kedah kula
lan panjenengan anyari
semangatipun:
Sepisan: Nganyari Semangat Ibadah
(Hablum Minallah)
Kula lan panjenengan kedah nggadhahi target ibadah ingkang langkung sae
tinimbang tahun wingi, antawisipun:
1.
Ndandosi Shalat Gangsal Wekdal: Mangga dipun upayakaken shalat kanthi
jamaah ing masjid lan nggatosaken wekdalipun. Shalat ingkang khusyu’ bakal
dados tameng saking tumindak ala.
2.
Semangat maos Al-Qur'an: Mangga dipun tancepaken
niat supados saben dinten wonten ayat ingkang dipun waos, sanajan namung
sawetara ayat, tinimbang boten babar pisan.
3.
Dzikir lan Donga: Ngulinakaken dzikir enjing
lan sonten supados manah tansah tenang lan celak dhumateng Gusti Allah.
Kaping Kalih: Nganyari Semangat
Muamalah (Hablum Minannas)
Agami Islam ugi paring piwucal bilih kesaenan dhumateng sesami menika bukti
kiyatipun iman. Allah SWT dhawuh wonten ing Surat Al-Ma’idah ayat 2:
وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَىٰ ۖ وَلَا تَعَاوَنُوا
عَلَى الْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ
Lan tulung-tinulunga sira
kabeh ing dalem kabecikan lan takwa, lan aja tulung-tinulung ing dalem dusa lan
memungsuhan.”
Wujud saking muamalah ingkang sae ing tahun enggal
menika inggih menika:
1.
Jagi Lisan lan Tumindak: Kula lan
panjenengan kedah
langkung ngati-ati anggenipun micara, boten gampil maido utawi nyebar berita
fitnah (hoax) ingkang saged damel risaking paseduluran.
2.
Mulyaken Tiyang Sepuh lan Kulawarga: Langkung nggatosaken
kabetahan tiyang sepuh lan njagi karukunan wonten ing griya tangga.
3.
Amanah lan Jujur: Menawi nyambut damel,
mangga dipun kiyataken sifat jujuripun. Pados rejeki ingkang halal supados
gesang tansah
barokah.
4.
Loman dhumateng Sesami: Langkung peka dhumateng
kahanan tangga tepalih ingkang saweg kacingkrangan.
Jamaah jumah rahimakumullah
Kanthi niat ingkang tulus lan
semangat ingkang enggal, mugi-mugi tahun menika dados momentum kagem kula lan
panjenengan dados pribadi ingkang langkung caket dhumateng Allah lan langkung
mupangat dhumateng sesami manungsa.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَآ
اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
-min.png)

Posting Komentar